Thursday, July 8, 2010 |
0
comments
Iki sejatine sifate wong Jawa, "berani mengubah keadaan". Coba dipenggalih wiwit jaman Prabu Dharmawangsa. Pujangga Jawa ing jaman iku nulis buku "Adhiparwa". Buku iki ngemot ceritane Mahabarata sing diwiwiti ing jaman para dewa ing kahyangan tumeka Parikesit kang wusanane nurunake Sang Prabu. Lho apa jenenge ora ngowahi ceritane Mahabarata sing ana tanah India?
Cerita-cerita 'kakawin' mujudake anane owah-owahan saka cerita asline. Ora mung cerita Mahabarata sing diowahi, Ramayana uga diowahi. Ora mung ngowahi babone, sempalan-sempalan cerita kang disebut 'carangan' ing pewayangan uga mujudake yen cerita-cerita mau (maeng) diowahi. Apa ora hebat? Aja maneh mung cerita, lha wong agama uga diowahi supaya cocok karo kahanane wong Jawa. Mulane ana Agama Buddha Syiwa ing Jaman Majapahit. Coba delengen Hindu Bali ora plek (padha) karo Agama Hindu ing India.
Para wali sanga ing Agama Islam ora nyebarna agama sing pakeme kaya ing tanah Arab. Tata cara lan adat ing Agama Hindu lan Budha dienggo ing Agama Islam sawise diowahi. Kayata, anane slametan, pesen-pesen wanci arepe berangkatna jenazah, slametan kanggo ningkepi, mrocoti, brokohan (barokahan), selapan, tedhak siti (mudhun ing lemah) lan sapanunggalane. Gamelan sing isih kurang padha dilengkapi. Kabeh iki nuduhake yen para sujana lan sarjana iku padha wani ngowahi kahanan.
Lha saiki wong Jawa sok kuminter. Nganggep yen pakem saka tanah leluhur iku sing bener. Wong Jawa dipeksa supaya bali nyang pakem asline. Aja salah paham lho tegese pakem lan kawruh utawa ajaran! Ajaran ateges apa kang tinulis ing kitab-kitab agama. Sedeng pakem sejatine ateges tafsirane kitab-kitab mau sing wis baku ing negeri asale. Coba dipenggalih isine cerita Ramayana. Yen pakem India, Rama kuwi raja titisan Wisnu sing dipuja-puja. Nanging ing Sri Langka, Rahwana kuwi sejatine raja sing agung, pahlawan, ksatriya kang mumpuni, kang wani ngadhepi Rama sing nyerang Sri Langka.
Semono uga kanggo wong Islam. Kitab fikih sing ana ing Indonesia saktemene kitab khukum agama sing dibakokna, dipakemna ing Timur Tengah luwih saka sewu tahun kepungkur. Lho apa yaa pas? Nyuwun sewu, nyuwun gunging pangaksami dhumateng para priyantun ingkang ngugemi fikih lho, mbok bilih ndadosaken gerahing manah. Pinujune tulisan iki mung kanggo nggugah ben bisa maju.
Aji Saka ngangsu kawruh saka India, lan baline ing tanah Jawa piyambake ngowahi adat tutur timular dadi budhaya tulis. Aji Saka nyipta aksara Jawa kang dhasare saka salah sijining aksara ing tanah India. Ora plek dijupuk, nanging wis diowahi lan cocok karo wong Jawa. Coba bandhingna karo jaman saiki. Para sujana lan sarjana kita langsung nerapna apa sing dibisani.
Njupuk tembung saka basa liya uga diowahi. Tembung motor dadi montor. Karburator dadi kabilator, flywheel dadi rudha gendheng, lan sapanunggalane. Lha saiki piye? Tembung 'bus' kudu ditulis 'bus', lha biyen cukup ditulis 'bis'. Karburator dadi karburator. Kamongko machine ditulis mesin. Amarga ora wani ngowahi maneh, dadine akeh tembung sing luci unine. Ora klop karo kupinge wong Jawa.
Coba delengen bangsa Jepang sing wani ngowahi kahanan. Dadine yaa maju. Yen njupuk tembung, ana dhasare lan paramasatrane. Handbag dadi handobago, building dadi 'biru', bir (beer) uga dadi 'biru'. Ora perlu bingung yen wis ana paramasastrane.

Labels:
kawruh rasa
0 comments:
Post a Comment