Kumbakarna, raseksa kang duwe watak satriya


http://edisicetak.solopos.com/jajawa/keluaran.asp?id=12440


Raden Kumbakarna yakuwi raseksa kang duweni watak satriya lan tresna kabecikan, bares, lan wani mbelani nagara. Kumbakarna putra Resi Wisrawa kang dhaup kalawan Dewi Sukesi.


Sedulure Kumbakarna yakuwi Prabu Dasamuka raja Alengka, Dewi Sarpakenaka lan Gunawan Wibisana. Kumbakarna dhewe mapan ing kasatrian Panglebur gangsa.

Nalika Dasamuka brontak kahyangan lan para bathara ora bisa ngadhepi, Kumbakarna melu ngrasakake asile yakuwi entuk jodho bathari sing jenenge Dewi Kiswani. Saka jejodhoane iki, Kumbakarna nurunake putra kembar awujud raseksa yakuwi Kumba Kinumba lan Aswanikumba.

Nalika pecah perang Alengka lan ana pangluruge Sri Rama sawadyabala wanara amarga Dasamuka nyolong Dewi Shinta, Kumbakarna ngelingake supaya Dewi Shinta dibalekake. Nanging Dasamuka tetep kukuh, bakal ngrengkuh Dewi Shinta.

Amarga usule ora digatekake kuwi, Kumbakarna banjur milih lunga saka Alengka supaya ora meruhi kahanan rusake nagarane. Kumbakarna ora kepengin melu perang amarga prakara wanita. Dheweke milih tapa turu ing kasatrian Panglebur Gangsa.

Nanging nalika genine perang wus mbulat-mbulat, lan akeh senapati Alengka kang nemoni pati, kaya Bukbis, Patih Prahasta lan raseksa liyane, Dasamuka banjur ngutus Indrajit nyeluk Kumbakarna.

Sawuse Kumbakarna tekan Alengka, dheweke banjur disuguh panganan enak. Rampung mangan, Dasamuka njaluk supaya Kumbakarna gelem dadi senopati, nglawan Sri Rama sawadyabalane. Ing kalodhangan kuwi, Kumbakarna nuding lupute Dasamuka amarga rila ngorbanake rakyate kanggo kapentingane dhewe sing asor, yakuwi ngrebut bojone liyan. Kumbakarna wegah diangkat dadi senopati, malah kabeh panganan sing kebacut dipangan mau banjur diutahake maneh.

Dasamuka dhewe ora kentekan cara kanggo nggeret Kumbakarna. Wusanane, Dasamuka nemu cara yakuwi ngunjara putrane Kumbakarna, Kumba Kinumba lan Aswanikumba. Dasamuka banjur ngabarake marang Kumbakarna manawa kabeh putrane mati dipateni wadyabala wanara. Krungu kabar kuwi, Kumbakarna banjur nesu lan wusanane gelem maju perang.

Kena panahe Rama lan Leksmana, tangan lan sikile Kumbakarna tugel mbaka siji. Pungkasane Kumbakarna gugur minangka pahlawan pambela nagarane.
Ing crita Makutarama, sukmane Kumbakarna kang nglembara wusanane entuk kawelasan kanthi cara njilma marang Raden Werkudara, satriya Pandawa. ::Damar SP::

1 comments:

  1. Anonymous said...:

    wayang sesat ajaran hindu reinkarnasi barang

Post a Comment

Waktu Bandung

Cuaca Bandung

bloguez.com

Ingkang Rawuh

Madosi ing Blog

Nepangaken

My photo
Bandung, Jawa Barat, Indonesia
Hanya 'tuk sharing Silahkan berkunjung ke Wayang Prabu http://wayangprabu.com

Followers