Mlaku Awan Kepethuk Ula Mlaku Sore Kepethuk Sawan

Dening Suwardi Endraswara

SAJAKE wis tekan titi kalamangsa. Ora bisa dinyang. Wong Jawa bakal kepethuk lelakon seje. Sing luhur tambah luntur, lan sing asor dipupuri. Mlaku awan-awan kepethuk ula. Mlaku wayah sore akeh sarap sawan. Kloyong-kloyong wayang wengi kejeglong jugangan, akeh klabang kures kalajengking. Jare simbah, Jawa kuwi jawabe. Kok malik, Jawa kuwi ”jawal” lan ’’jambule’’. Mula, ora mokal yen wis akeh sing kepleset, kegodha rambut memak, pledhinge wentis kuning, kesenggol mendal-mendule cengkir gadhing. Akeh sing pengin ngudang wirang. Ora sah adoh-adoh. Pepundhen-pepundhenku sing bebasane lagi kaya wit nangka, bakal awoh ting grandhul, nyamplungane kandel, jebul awoh ciplukan. Akeh sing lagi kepama, kudune wit nangka iku nggalih, e e e, jebul kopong ciplukan. Sing kudune lungguh tata, kaya wit nangka, mbesuk kena kanggo ’’saka guru negara’’, godhonge ngayomi kiwa tengen, rontog kabeh godhong lan panga-pangen, kesamber barat gehde. Wusana, kawulane kudu kaya piyik kelangan babon, golek pangeyupan neng ngisor ciplukan. Murang tata tenan.

Piwulang luhur ’’golekana tapake kontul nglayang’’, akeh sing diplintir tekan ’’ngisor ciplukan’’. Piwulang lungit iki wis dirujag, dipoles-poles, dilipstiki, golek slamet. Tumindake saya nggaret lan nggraji atine rakyat. Plintir-plintiran tembung kaya dhadhung, diangkah nyrimpung. Nuwun sewu, embuh yen ’’si kontul bakal nglayang ngulon, bablas kesasaban mega-mega, njur lap, ilang kakedhepake’’. Embuh bakal menyang ngendi. Kontul-kontul iku wis tanpa tepak meneh. Kontul wis ora dhemen mencok ing tengah ler-leran sawah. Lha piye ta? Sawangen kanthi heneng-hening awas eling. Tenan. Sing ketoke ngguya-ngguyu, jebul dha nggembol watu. Kang katone tetembangan, rengeng-rengeng, uga madhahi kreneng. Priyagung luhur, sing katone mesam-mesem, alus putih kaya kontul, ning jebul atine dhandhang (ireng). Kabeh ngemu (ndhandhang) pamrih.

*****

YEN ngono, pancen wis wayahe wong Jawa nunggu tumetesing bun parak esuk. Nunggu tetesing madu, sang ’’Kusuma anjrah ing bawana’’, yaiku Ratu Adil, kusumaning jaman kang lagi lelana, njajah desa milang kori, samengko bakal jumedhul sawektu-wektu. Pawakane ngungkuli rembulan. Lire, bisa madhangi sajrone pepeteng. Nanging ora mbrongot sumelet kaya srengenge. Padhange rembulan riyeb-riyeb, ngemu surasa ting trecep. Ing swasana ngono iku, lelagon bocah ’’Dolanan Dhakon’’, bakal timbul maneh.

Dhakon? Ya, saiki wis dilalekake. Wis digenti facebook, S-M-S, lan samubarang sing gumebyar liyane. Iki pratandha wis kelalen ’’dhakon cacahe pitulikur’’. Woww, wong Jawa kuwi angger wis nggepok wilangan 27, gawat. Akeh kedadeyan, tanggal 27 Juli biyen dha rame ta? Tanggal 27 Mei 2006 ana lindhu gedhe. Pepundhen negara sedane uga tanggal 27 Januari, lan isih akeh meneh. Sing paling ngeres, wong Jawa mesthi kerep ngucap: ’’O, cah bodhone 27.’’ Njur ana meneh: ’’Yen isa ngalahake aku, tak sembah ping 27.’’

Eling, wong Jawa angger wis kegodha pi-tu, lagi dha nuwun sewu: kukur-kukur sirah sing ora gatel. Luwih-luwih yen nganti njeblos ing pakunjaran, nelangsa jero. Selagine pepundhenku sing kelayu pi-tu, dilabrak garwane tekan kantor ya kukur-kukur kok.  Getun? Lagi neng hotel, ana sing diindhik garwane, njur diblak kotang, digedhor. Ana sing dilayangi nganti tekan pimpinane, akhire dilengser gara-gara 27. Yen ngono, pancen wis angel tenan golek pawongan sing kena kanggo panutan, bisa nggelar lan nggulung sasmita 27 iku.

Dak duga, ’’Sang Sasangka Jati’’, isih kaling-kalingan mendhung, nlempit ing walike angka gaib iku. Sapa sing kuwawa mbatang cangkriman 27 iku, kiraku sing bakal bisa bali marang lajere wit nangka. Bakal nggalih, oyode nyokot kuwat ing bumi pertiwi, ora mung ati ciplukan, gampang jebol, lan ora pati ngumur dawa. Cangkriman iku isih dawa ulurane. Yen klakon mbatang, kiraku bakal ngerti wewadine piwulang ’’bener lan pener’’. Wektu iki, isih akeh sing mung ngoyak bener thok, ning ora pati pener. Iki sing seprene wis gumlewang, dha disingkur. Mulane, jejeging adil sok isih neng lambe. Jati-jatine rembulan, kaendran, tangeh jumedhule yen isih peteng marang oncek-oncekane angka cangkriman.

***

Aku dadi kelingan karo Kinanthine mbakyu sindhen: ’’dhedhasare nagri iku, bener pener kudu lantip, aja pijer mangan nendra, sepi pamrih den kaesthi, pesunen sariranira, jejeging adil den udi.’’ Lamun bener iku isih cethek panlusure, ing negara iki durung bakal njedhul Ratu Adil. Yen lelakon bener, isih benere dhewe, benere kroni (gedibale), dudu bener sejati, ewuh aya. Iki sing sok njalari isih ana rereged ing batin. Isih kelepetan nepsu amarah. Ya iki kang bisa ngglundhungake wong Jawa angel diluk atine. Pijer golek pawadan mrana-mrene, luwih-luwih yen rada kepengkok, kepepet rembug. Luwih gawat meneh, yen ajining dhiri bakal keweleh, wah, wong Jawa sok pijer ’’gawe-gawe’’, dhandhang diunekake kontul. Wit ciplukan, diungal-ungalke, dianggep wit nangka. Toblas!

****

RATU Adil, iku jiwane lelana brata, tanpa pamrih. Yen gelem tapa, wis kegolong tapa ngrame. Wis gelem mbabar jati dhiri. Ora owel. Dheweke wis bisa mesu raga, mangasah mingising budi. Mula, bisa ngugemi mahambeg adil paramarta. Nuntun marang keslametan (salvation),  yaiku sang mesianis utawa herucakra kawedhar. Ning, apa wis ana tandha-tandhane, bakal jumedhul? Kari nunggu, mbokmenawa ana lintang alihan, jumedhul Sang Sasangka Jati, kang jiwane profetik (prophet). Tindak-tanduke tanpa pamrih, nggunakake lungiding pangawikan Jawa.

Bareng daksarawidekake marang ’’Guru Sejati’’, jare isih dawa jangkahe lelakon iki. Bakal jumedhule Ratu Adil Kabudayan, kandhane, bebarengan sumilake pedhut ing negara rame. Ing negara rame, tansaya ngegla. Bakal akeh si Kanthong Bolong kuminter, rumesik. Nanging sejatine crobo. Bebudene dudu galihe nangka, ning nguwit ciplukan. Gampang mblendok, keblondrok. Merga ’’iman kuwat’’, nanging ’’imin bobrok’’. Samengko, isih bakal akeh wong memuji, njunjung-njunjung, nyembah-nyembah wong reged. Wong-wong isih kendel apus-apus, blak-blakan, dora cara, lan nganti nglabuhi dora-sembada.

Lole-lole, eyang Drona isih arep kumledhang. Bakal mikuwati umpak Sokalima. Percaya kena ora kena, yen eyang Drona bakal tetep adol omong sadalan-dalan. Samengko, bakal katon mblegudhuge, monyor-monyor, njur kesrimpeting laku. Omongane kang ’’lole-lole’’, dadi kendhit bundheting laku, angel udhar-udharane. Merga, para kawula Sokalima, akeh sing isih ngendhong melik. Yen anggone ngendhaleni kawula disendhal, bakal dhadhal.

Ana tembange bocah bajang nggiring angin, nawu banyu segara, pangirite kebo dhungkul, sasisih sapi gumarang, mangkene: Wus wancine padha dielingke, kang dha cidra, njur nglukar gorohe, tindak kang angkara, bakal mendha, malik kang utama. Kanca ayo kanca ayo aja dha sembrana, ayo muter cakra.Tembang kang daksaring bebarengan karo dewa nganglang jagad, nyangking bokor kiwa tengen iki, cumengkling ngajak-ajak nlusup ayang-ayang batin. Mbekmenawa iku jangka tanah Jawa, bakal dadi ungup-ungup jumedhule jaman kencana rukmi. Bakal dadi pangentase budi suci, sing wis saya panas, kaya gabah diinteri iki. Paling ora, yen cakra bakal mubeng kaya kitiran, njur eling leladining dhiri. Ora nganggah-angah ngranggeh tumelunge srengenge. Ora nggrangsang, kaya merang kobong kemratag, terus pengin nyakrawati mbaudhendha.

Ning ya kuwi, ditonton wae, saumure pari mratak ñ piye jumulure wit-wit nangka. Apa isih kena kanggo pencokan kontul nglayang? Njur ana Sang Sasangka Jati, sumorot ing sela-selane godhong nangka, nembus tekan ngisor ciplukan. Ayo maca tengara jati iki, sumitra! (35)

—Suwardi Endraswara, mulang Filsafat Jawa ing FBS UNY

Sumber : http://suaramerdeka.com/v1/index.php/read/kejawen/2010/02/24/482/Mlaku-Awan-Kepethuk-Ula-Mlaku-Sore-Kepethuk-Sawan

Metu saka Uru-Ara Ngisep Sepining Hawa

Dening Sucipto Hadi Purnomo
JRONING uru-ara, kang ana mung sarwa ora nggenah lan ngajak bubrah. Sing dening wong akeh dianggep bener, jebul malah keblinger. Sewu laler padha ngrubung tembelek, apa tetep wae dianggep bener?!

Jroning tradisi Hindhu, ana kang diarani nyepi. Ora mung dhewekan, nanging ditindakake bebarengan, dipengeti lan dipersudi dening kabeh umat. Jroning nyepi, ora ana sing padha metu saka ngomah. Sawetara metu saka uru-ara lan gebyaring kadonyan sing kebak swara.

Ing kalangan umat Katolik-Kristen, ana retreat. Ing agama Buddha ana uga sing diarani Buddha reclining. Kanthi pasa lan iktikaf, kaum muslim uga duwe sarana kanggo mundur saka ìuru-araî-ning donya sing kebak tukar padu, cengkah, lan apa-apa sing bisa agawe bubrah.

Kanthi Kalatidha karyane pujangga agung Ranggawarsita bisa dadi kaca benggala tumrap jaman sing kebak uru-ara, jaman sing “rurah pangrehing ukara”. Sebab apa? “Karana tanpa palupi!” Merga ora ana sing bisa ditulad, ora ana sing pantes diconto jalaran kabeh-kabeh wis mletho.

Wektu terus lumaku. Uru-ara ora mendha nanging malah saya ndadra, selot ndadi. Pangarep-arep saya ora ganep bebarengan karo janji lan prasetya sing ora digondheli maneh. Sing ana mung mburu karepe dhewe, mburu kepenake dhewe, lan mburu benere dhewe. Katon banget yen padha kongas kalawan kasudiranira.

Wedhatama uga melu nggambarake pokal-polah kaya mangkono iku. Laras karo serat anggitane KGPAA Mangkunagara IV iku, kabeh padha “ngugu karsane priyangga”. Kabeh “nora nganggo peparah lamun angling”, ngomong ora nganggo waton, nanging waton muni. Senajan mengkono, ora gelem yen diarani isih kaya bocah Taman Kanak-kanak, “lumuh ingaran balilu”, kapara “uger guru aleman”.

Nggugu Karepe Dhewe

Amarga mung nggugu karepe dhewe, mula bener sing dibujung ya mung benere dhewe utawa bener kanggo golongane dhewe. Anggere disengkuyung dening wong akeh, dianggep bener. Iki sing ora mung ndadekake padha keblinger, nanging uga banjur nglairake mentalitas “massa”, massa sing kelangan daya kritise nalika ngadhepi apa wae. Bisane mung anut grubyug sanadyan ora ngerti rembug, kaya belo melu seton.

Kanthi pratelan sing luwih plastis, “malah mangkin andadra, rubeda kang ngreribedi, beda-beda ardane wong sanagara.”Banjur, yen kabeh padha rebut ngarep lan nyuwara sabanter-bantere, satemah dadi uru-ara, apa sing luwih prayoga ditindakake amrih ora karoban ing pawarta lolawara?

Kaya sing diandharake ing ngarep, temene saben agama wis nuduhake dalan kanggo ngadhepi saben uru-ara lan kahanan sing dibeberake. Saben kapitayan wis nuduhake cara kanggo narik dhiri saka salah kaprah sing dadi keblinger kolektif iki.

Kanthi mapanake Kalatidha minangka pancadan, ya kahanan sing kaya mangkono iku kang banjur ndadekake sapa wae sing isih kedunungan jiwa “parameng kawi”, bakal “kawileting tyas malatkung”. Sebab keperiye olehe ora, yen “tidhem tandhaning dumadi, ardayengrat dening karoban rubeda”. Banjur kudu kepriye? “Sageda sabar santosa, mati sajroning ngaurip,” pratelane Kalatidha kaya-kaya asung pawangsulan.

Kanthi mangkono, diajab bisa “kalis ing reh aru-ara, murka angkara sumingkir, tarlen meleng malatsih, sanityasa tyas mamasuh, badharing sapudhendha, antuk mayar sawatawis.”

Masterpiece-e Ranggawarsita mau wis mratelakake, “wahyaning arda rubeda, ki pujangga amengeti”. Kepriye cak-cakane? Mesu cipta mati raga, mudhar warananing gaib.

Sakeplasan, tetembungan mau ora gampang disumurupi dening wong akeh. Nanging intine cetha: ngresiki batin saka pikiran-pikiran ala, lan meper sakehing karep kanthi “mateni” raga. Kanthi “mesu cipta”, rasa lan karsane mesthi dadi positif. Kathi mateni raga, bakal saya sentosa batine. Kanthi mateni raga, kanthi mati sajroning urip, mengkone bakal bisa nggayuh urip sajroning pati. Yen wis bisa mengkono, nadyan kudu ngadhepi ura-ara kaya ngapa wae mesthi ora bakal gampang kelune.

Kanthi mangkono uga, ora bakal angel anggone meruhi “sasmitaning sakalir”. Persis kaya sing  diandharake ing Kalatidha: “ruweding sarwa pakewuh, wiwaling kang warana, dadi badaling Hyang Widdhi, amedharken paribawaning bawana.”

Bebanda

Rekadaya nggayuh sepining hawa, satemah kuwawa ngadhepi uru-ara, dudu tanpa pepalang. Gedhene melik lan ora ngrumangsani marang jejere dhewe, mujudake pepalang sing gedhe. Tetembungan “melik barang kang melok” mujudake pepeling supaya wong ora kebanda dening pepinginane dhewe. Sebab, pepenginan iku sing tundhone bakal njurung marang tumindak apa wae. Mergane, melik nggendhong lali. Yen wis kedunungan melik, adhakane banjur lali marang sakabehing pepacuh lan pitutur.

Kontrol dhiri, temene uga bisa ditindakake kanthi “ngilo githoke dhewe”. Paradoks kesane. Sebab, ing tata lair, piye bisane wong ngilo marang githoke dhewe yen ora nganggo kaca pengilon rangkep. Angel, nanging ora ateges mokal. Iki uga perangan sing ora bisa ditinggalake jroning nyepi. Sacara internal, pancen kudu sentosa, lagi bisa ngambah njaba.

Gegayutan karo melik, Wedhatama asung pepeling, mligine sing (kudune) wis ngancik tataraning kadewasan: wis tuwa arep ngapa, muhung mahas ing ngasepi, supyantuk parmaning Suksma.

Tuwa pancen mung tibaning umur. Yen ora sinartan pangudi, sing ana mung “sepa sepi lir sepah samun”. Kosokbaline, yen nglungguhi marang sepuhe, mesthi sepuh kuwi dadi sepining hawa.

Pancen, nyepi ora kandheg ing tata lair wae. Yen biyen, supaya bisa nyentosakake budi, kudu kanthi ngambah laladan sepi utawa teteki, mlebu guwa sirung munggah gunung. Nanging saiki, kudu bisa nyepi jroning krameyan, bisa tapa ngrame.

Apa maneh prasyarate? Mangasah mingising budi, memasuh malaning bumi! Marang diri pribadine, kudu wani nglantipake cipta, rasa, lan karsanane. Kanthi mangkono ora ulap marang sakabehing kang dumadi, ora gampang keguh marang sawernane kahanan. Ora keli, nanging saora-orane ngeli.

Beberangen karo kuwi ora bakal wedi marang kahanan kang dumadi. Ora wedi ora ateges ngawur, ora ateges nekad, nanging wis linambaran sepining hawa, ora melik maneh marang kang melok jalaran wis mati sajroning ngaurip. (35)
 
—Sucipto Hadi Purnomo, dosen Basa lan Sastra Jawa Fakultas Basa lan Seni Universitas Negeri Semarang

Sumber : http://suaramerdeka.com/v1/index.php/read/kejawen/2010/03/07/486/Metu-saka-Uru-Ara-Ngisep-Sepining-Hawa

Diuji Pintere, Ditaker Jujure

Dening Sucipto Hadi Purnomo

UJIAN iku mung srana kanggo mapanake dhiri lan nggayuh tataran tinamtu. Dudu tujuan. Sebab, yen mung dadi tujuan, sakabehing rekadaya bakal ditempuh, anggere bisa dianggep pinter utawa prigel. Banjur, apa sing paling penting jroning pendadaran?

Ing jagad pakeliran, ana lakon Pendadaran Siswa Sokalima. Iki lakon sing nyritakake pendadaran tumrap para Kurawa lan Pandhawa, murid-muride Pandhita Drona ing Paguron Sokalima.

Tumrap murid-muride, malah tumrap sapa wae, Drona kondhang minangka gurune sok sing kepingin nggayuh jaya kawijayan guna kasantikan. Klebu guru ing bab menthang langkap utawa manah.

Beda karo guru-guru liyane, Drona kepetung guru spesialis ing bab murid. Muride mung para satriya, mung anak ratu. Kurawa anak ratu, Dhestarata. Pandhawa uga anak ratu, Pandhu, sing wis murud ing kasidan jati. Saliyane kuwi, ora bisa ditampa minangka putra siswane.

Wektu-wektu tinamtu, Drona nganakake pendadaran. Pendadaran kuwi kanggo nodhi, nganti tekan sepira temene ngelmu sing wis diparingake marang muride bisa kajiwa-kasarira, uga nganti tekan sepira keprigelane murid-muride anggone ngudi ngelmu.

Pendadaran mau, sing kaprah diarani Pendadaran Siswa Sokalima, ora mung narik kawigatene murid-murid lan kulawargane, nanging nganti tumeka para kawula salaladan Ngastina. Saben-saben dianakake pendadaran, ora sethithik sing padha teka lan nonton.

Njajagi Kekuwatan

Mesthi wae, tumrap murid-muride Drona, pendadaran mau mujudake ajang kanggo nuduhake marang sapa wae manawa anggone ngudi ngelmu ing Sokalima mau temen-temen. Kejaba iku, amarga Pandhawa lan Kurawa mujudake pihak loro sing padha memungsuhan, sisan gawe pendadaran bisa kanggo ngukur sepira kekuwatane lawan.

Saliyane kuwi, senajan ora kegolong satriya Pandhawa lan Kurawa, tetep wae ana sing kepingin melu nyecep ngalmu lan pendadaran ing Sokalima. Contone Palgunadi lan Basukarna.

Ing bab keprigelan, kurang apa Basukarna. Ing bab menthang gendhewa, kejaba Arjuna, sapa sing bisa nandhingi ketitisane Suryaputra. Nanging amarga dudu klebu Pandhawa, apa maneh Kurawa, ditampik pasuwitane minangka siswa ing Sokalima. Kepara tekane ing Pendadaran Siswa Sokalima rada diece dening Pandhawa, luwih-luwih Arjuna sing rumangsa meri merga ana wong sing bisa nandhingi kabisane.

Duryudana, meruhi keprigelane Basukarna, ngerti manawa mau mujudake dununge pengarep-arep kanggo nandhingi Arjuna, mengkone yen campuh Baratayuda. Didhaku, direngkuh Basukarna minangka kadang pribadi dening Duryudana. Kanthi mangkono, putrane Dewi Kunthi mau bisa lungguh padha endheke lan ngadeg padha dhuwure karo Pandhawa lan Kurawa.

Yen ditandhingake karo Karna, Palgunadi bisa diarani kurang ”mujur”. Ora bisa manjing siswa ing Sokalima, dheweke banjur yasa pepethan rupa Pandhita Drona. Esuk, awan, sore, prasasat ora eling wayah, Palgunadi tansah gladhen olah kridhaning perang, luwih-liwih njemparing, kanthi ditunggoni pepethan mau.

***

Pranyata sing ditindakake Palgunadi dudu tanpa asil. Keprigalene menthang langkap adoh sungsate yen ditandhinge para Pandhawa sing prasasat bisane mung tura-turu lan mblendhukake weteng amarga olehe padha mogel ilate. Ditandhingake karo Pandhawa wae, Palgunadi isih pilih tandhing, klebu karo Arjuna pisan.

Iku bola-bali sing marakake Arjuna meri lan gething keburu sengit. Ngerti kabisane Palgunadi, marang Drona, panengahe Pandhawa  mau banjur protes. Dheweke ora trima yen Palgunadi diweleg ngelmu manah nganti bisa ngluwihi dheweke.

Senajan Drona selak, Arjuna tetep ngangseg. Mula Drona uga ora bisa endha. Marang Palgunadi, Pandita Drona banjur mundhut supaya diulungake ali-ali sing wis nunggal raga karo ragane. Rumangsa minangka ìsiswaî sing tuhu bekti marang gurune, Palgunadi sendika wae. Ali-ali dicopot, bareng karo tugel drijine Palgunadi, pecat uga nyawane.

Temen Tinemu

”Sapa temen, bakal tinemu.” Yen diwerdeni gegeyutan karo ujian lan ngudi ngelmu, sok sapa sing temen-temen nggegulang marang kawruh, mesthi bakal sugih ngelmu. Sok sapa sregep anggone gladhen, mesthi bakal nduwe keprigelan. Sok sapa wani ngengurangi, ngringkihake laire, mesthi bakal sentosa batine.

Iki uga laras karo tetembungan kang ana ing tembang pocung: ngelmu iku kelakone kanthi laku. Tanpa laku, sengara bakal kelakon ngregem ngelmu. Lan maneh, lekase lawan kas. Tegese kas nyantosani, setya budya pangekese dur angkara.

***

Beda karo Kurawa umume, Pandhawa relatif luwih sregep lan luwih kuwat laku prihatine. Wulang wuruke guru digatekake. Kabeh dhawuhe Drona disendikani.
Dene Kurawa, ora mung kurang nggatekake marang wuruke guru. Sing kudune wong nggayuh ngelmu iku tansah diuji ing bab kesabaran, luwih-luwih ing bab ”dhahar lan guling”.

Ujian pancen ngemu godha. Nalika tapa ing Gunung Indrakila, tekane widadari cacah patang puluh ora kanggo nguja Arjanu. Nanging tekane widadari ayu-ayu iku kanggo nggodha sang abagus supaya cabar wigar tapane. Jebul Arjuna tan mingkuh salwiring kewuh, ora gampang kegiwang dening lambe abang nalika lagi nggenturaker tapani. Kabeh mau dianggep minangka uji, dudu uja; minangka panodhi, dudu bebungah sing lagi teka. Mula pantes yen banjur keparengan kanugrahan arupa Pasopati saka kadewatan.

Ing Sokalima, bisa wae Arjuna ingaranan ora kasil kanthi wutuh. Sebab, ing kana, ngadhepi Basukarna lan luwih-luwih Palgunadi, dheweke pancen bisa nuduhake pintere lan prigele, nanging dudu jujure. Pancen, ujian ora mujudake tujuan. Ujian mung dadi srana lan cara kanggo tujuan sing luwih mulya. Jroning ujian, bisa wae bakal ditaker onjone kepinteran lan keprigelan. Nanging luwih saka iku, ora mung kandheg ing kepinteran lan keprigelan wae. Sebab yen mung kanggo mburu perkara loro mau, mesthine cara apa wae bisa ditempuh, dalan apa wae bakal diliwati.

Hakikate ujian pancen mujudake coba. Coba tumrap sing duji lan sing nguji, malah klebu sing ana ing omah. Mulane uga banjur melu prihatin, melu-melu ngengurangi.

Diuji kuwi ditodhi. Diuji kuwi dicoba, sepira kekuwatane, ditaker sepira kasantosane. Ya sentosa laire, ya sentosa batine. Lire prigel, pikere pinter, nanging jiwane uga tansah kesinungan kejujuran.(35)

 —Sucipto Hadi Purnomo, dosen Basa lan Sastra Jawa FBS Universitas Negeri Semarang(Unnes)

Sumber : http://suaramerdeka.com/v1/index.php/read/kejawen/2010/03/21/489/Diuji-Pintere-Ditaker-Jujure

Labels:

ECA lan SEKECA: Margi Kangge Nyingkiraken Mamalaning Tyas

By Mastoni


Kumaceluning manah prasasat nyidham rujak cempaluk nalika kula nyobi ngrembag perkawis mamalaning tyas [ati]. Ing ngandhap punika keparenga kula nyaosi rembagan sepala, mbokmanawi kenging kaangge wewahan panglimbang, pinten-pinten saged mikantuki utawi nuju prana tumrap para nupiksa ingkang kepareng migatosaken. Nanging betekipun lalaran wedalan tiyang dhusun [dhusunipun New York City, heheei...], manawi boten adamel marem utawi cocoging panggalih tuwin manawi wonten kitaling tetembungan, waguning ukara, mugi para nupiksa sampun kirang pamengku sarta mugi kersa ngluberaken samodra pangaksama.

Saderengipun nlusur punapa sababipun dene manungsa punika kok asring kadunungan mamalaning tyas, keparenga kula ngaturaken panglalar: punapa ta ingkang kawastanan kabatosan punika? Miturut suraosing tetembungan batos punika kosokwangsulipun lahir. Dados kabatosan punika kosokwangsulipun kalahiran. Lahir punika ateges gumelar (wonten ing njawi). Sadaya ingkang gumelar punika gadhah sipat: ewah gingsir, boten langgeng, apes, saged risak, saged sakit, saged jaya, inggih saged dados ringkih. Ringkesipun, sadaya kemawon utawi punapa kemawon ingkang asipat owah gingsir punika kagolong lahir utawi kalahiran, sanadyan ugi gadhah sisipatan ingkang alus utawi samar boten kasat mripating pancadriya, upaminipun: hawa, listrik, lsp. Makaten ugi pikiran, cipta, pangraos, punika wonten ing babagan kawruh kabatosan ugi taksih kaewokaken [kagolong] kalahiran jalaran teksih saged owah gingsir.

Wondene kabatosan [inggih punika kosokwangsulipun kalahiran], temtunipun inggih anggadhahi sipat kosokwangsulipun owah gingsir, inggih punika langgeng, kuwaos, kiyat. Sipat punika namung Gusti piyambak ingkang kagungan. Dados manawi makaten kabatosan punika bakunipun ka-allah-an. Kawruh kabatosan pikajengipun kawruh utawi ngelmu (gagaran utawi wawaton minangka pangudi) kangge ngretosi utawi nggayuh kagaibaning Pangeran. Panalitinipun boten mrika-mrika, nanging cekap wonten salebeting sariranipun piyambak-piyambak jalaran Gusti punika maha agung nglimputi [mengku] lan nglimput [sumamar] wonten sagunging dumados inggih sadaya ingkang gumelar punika. Dados ing salebet kita sipat-sipat wau inggih wonten. Wondene pikiran, raos pangraos, tuwin pancadriya kita, tumrap ngudi kabatosan lugu namung minangka pirantos tuwin paseksen [ingkang ugi nyekseni].

Ungel-ungelan ing ngandhap punika mbokmanawi kenging kangge gagaran kandel-kumandeling tekad tumrap nggayuh kawruh kabatosan:

Sintena ingkang nyumerebi [awas utawi mawas, naliti, ngretos] sariranipun [pribadinipun utawi nafsunipun], tamtu badhe kaleksanan sumerab [ing ngriki kajenganipun mangertos] Pangeranipun.
Manungsa punika rahsaningsun, nanging Ingsun ugi rahsaning manungsa.
Manahipun tiyang ingkang pitados kaliyan yakin, punika prasasat dalemipun Gusti.
Wondene sadaya kawontenan ingkang gumelar ing jagad punika dados paseksen kaagungane Gusti, kuwasaning Gusti, karsaning Gusti, kaadilaning Gusti sarta sih kamirahaning Gusti. Sadaya punika sinebat kodrat irodhating Pangeran kang maha kuwasa.

Kodrat irodhating Pangeran punika tansah lumintu ndhayani dhateng sadaya isen-isening jagad raya, njalari tuwuhipun, wontenipun utawi mawujudipun kawontenan utawi kadadosan [dumados] ingkang marupi-rupi. Salajengipun mawarni-warni kadadosan wau satunggal kaliyan satunggalipun inggih lajeng tansah dhaya-dhinaya [samad sinamadan], ngantos lajeng mahanani ewah-gingsiring kawontenan. Lan inggih jalaran saking kadadosan wau ingkang lajeng nuwuhaken wontenipun: lair, makarti, risak. Sarehne risak punika ugi satunggaling kadadosan, mila inggih ateges lair malih. Makaten salajengipun tanpa wonten pedhot-pedhotipun, inggih punika ingkang sinebat: Cakra Manggilingan.

Manungsa ingkang mawujud titah langkung sampurna tuwin winenang tinimbang titah sanes-sanesipun ugi boten badhe saged sumingkir saking angger-angger cakra manggilingan wau. Dados ugi kawasesa dening dhaya prabawaning alam. Gumelaring isen-isening alam wau mrabani tuwin mrabawani dhateng jasading manungsa nglangkungi [ngliwati] pancadriya, tumaduk ing angen-angen kita, lajeng njalari tuwuhipun pepinginan saha kekajengan ingkang mawarni warni, sarta ugi dados jalaranipun kita saged kataman pangraosing badhan [sasakit, kraos benter, asrep, perih, greges-greges, lsp.], sasakiting pikir [bingung, kodeng, rangu-rangu, gemblung, bingleng, lsp.], panandhang utawi pakartining manah [sisah, bingah, sumelang, welas, asih, gething, pegel, gela, lsp.]. Kajawi punika tumrap ing babagan kalahiran, dhaya prabawaning isen-isening alam punika ugi saged murugaken manungsa manggih begja, cilaka, nistha, papa, tuwin sanes-sanesipun.

Kados ingkang sampun kajereng ing inggil punika cetha, bilih sababipun manungsa saged ngantos kataman kadadosan marupi-rupi punika boten sanes inggih namung saking dhayaning alam, inggih punika kaprabawaning isen-isening jagad raya. Wahananipun [kedadosanipun] wonten ingkang saged karaosaken sae [nyekecakaken], ugi wonten ingkang saged karaosaken awon [boten nyekecakaken]. Lha ingkang karaosaken boten nyekecakaken wau limrahipun dipun anggep memala. Kamangka sejatosipun sanadyan ingkang karaosaken nyekecakaken utawi boten nyekecakaken punika kalih kalihipun tetep dados memala tumrap dhateng Rasa Jati kita. Jalaran sami dene saged damel surem utawi boten weningipun utawi kirang sucinipun Rasa Jati kita. Mangka kaweninganing Rasa jati punika perlu kaudi utawi kajagi. Sabab inggih jalaran saking weninging Rasa Jati punika manungsa lajeng kaconggah nuwuhaken kawruh lahir tuwin batos ingkang salajengipun kadugi mbabaraken kabudhayan, kasusastran, kawaskithan, kasunyatan, tuwin kasampurnan, inggih punika pangertosan bab Sangkan Paraning Dumadi tuwin gaibing Pangeran.

Nalika manungsa punika saweg tumitis tuwin nalika teksih jumeneng [mretapa] wonten salebeting guwa garbaning ibu, ngantos sasampunipun awujud jabang bayi lahir wonten ngalam donya, ingriku dereng kadunungan mamalaning tyas, dados teksih suci. Nanging sasampunipun lelumban wonten ing madya padha, ingriku wiwit kataman memala. Rasa Jatinipun wiwit surem, boten suci malih. Ingkang makaten wau para ulah kabatosan tansah mbudi dhaya sarana lampah utawi cara warni-warni murih sucining Rasa Jatinipun mberat utawi nyingkiraken memala, sarta kaconggah nampeni wewengan utawi pepadhang inggih punika wahyu utawi sasmita gaib saking Pangeran.

Memalaning tyas utawi ingkang andadosaken boten sekecaning manah punika boten bakal saged dipun icalaken saking gesangipun tiyang. Sagedipun namung anyeyuda, jer memalaning tyas ingkang tuwuh saking karep [kekajengan] punika pancen sampun dados rerangkening tiyang gesang. Hewadene anggenipun kita saged nyirep utawi ngirangi memala punika boten sanes inggih pribadinipun tiyang piyambak-piyambak, mila makaten kedah kanthi nglenggahaken pribadinipun wau. Nglenggahaken pribadi punika kedah sarana semedi, nglowong utawi nyuwung, nyipat mlebet medaling nupus sarta amirengaken swaraning rijal. Swaraning rijal punika manawi wayah dalu cetha sanget kados orong-orong. Dene manawi wayah siang lamat-lamat sanget. Sok sintena ingkang pinuju yipat mlebet medaling nupus, Pribadi tamtu badhe kersa pinarak wonten ing pasenetan suci paring pepadhang.

Ing Serat Wulangreh yasan swargi Sinuwun PB IV wonten tetembungan minangka gagaran tumrap para ingkang sami ngudi mbirat mamala wau, sinawung sekar Kinanti makaten ungelipun:

"Padha gulangen ing kalbu. Ing sasmita amrih lantip. Aja pijer mangan nendra, kaprawiran den kaesthi. Pesunen sariranira, cegah dhahar lawan guling."

Sekar Kinanti sapadha ing inggil wau mengku piwulang ingkang wosipun "Murih kita punika saged nampeni sasmita [dhawuh ghaib], saking Pangeran kalayan gampil, kita kedah tansah ngelatih sarira sarana ngirangi dhahar tuwin ngirangi sare." Ingkang dipun kajengaken ngirangi dhahar ing riki boten namung ateges nyenyuda isining padharan kemawon, nanging ugi mengku pikajeng ngirangi tedhaning panca driya sanesipun. Dados wosipun nyegah hardhaning pancadriya. Kajawi punika ugi kedah nyandhet lampahing pikiran ingkang ngambra ambra.

Nyegah dhahar ingkang marginipun langkung ing tutuk [lesan - cangkem], inggih punika nyegah wedaling pangandika ingkang tanpa paedah. Cegah ngraosi awon lsp. Mila sadaya wau kedah dipun cegah [kirangi] jalaran wedaling pangandika langkung-langkung manawi dipun kanteni grengseng tuwin kemrungsunging penggalih, punika ateges mbeboros dhaya kekiyatan ingkang wonten salebeting sarira, ingkang manawi kita gegem [regem] saged mujudaken dhaya prabawa ingkang ageng pigunanipun samangsa wonten kapreluwan ingkang wigatos.

Manawi dhahar sampun ngantos tuwuk-tuwuk [wareg], jalaran manawi padharan kekebaken, adhakanipun murugaken ngantuk ingkang njalari lena kirang weweka. "Kulu wa asrobu wal tasrifu innahu layu khibul musrifin", tegesipun mangana sabisa bisa mung sapratelone isining wetengmu. Weteng kuwaregen bisa nggedhekake bapakne toha, banjur lalen, seneng goroh, adoh saka tindhak utama, sabab jasmani lan rohanine lungkrah sing dipikir ya mung siji kuwi.
Tiyang ingkang tuwuk punika boten saged waskitha [ngretos utawi sumereb] ing ghaib. Jalaran saking wewaton kados ingkang kasebat ing inggil wau, mila para ulah tapa brata ingkang sami nglampahi siyam tuwin ambisu [ngirangi utawi boten ngucap ingkang boten prelu]. Pamrihipun inggih namung supados wening Rasa Jatinipun, sageda nampi sasmitaning pangeran.

Nyegah dhahar ingkang marginipun langkung ing grana kadosta nyegah:

a. ngambet ingkang boten eca, amis, bacin, penguk, apek, badheg, lsp. Awit wusananipun saged nyuda kasarasaning badhan salajengipun saged murugaken sureming Rasa Jati. Pramila para olah samadi asring mapan ing panggenan ingkang boten ngganda awon. Malah asring migunakaken kekonyoh ganda wida akekutug ratus ingkang amrikarum angambar-ambar wangi, asumping sekar-sekar ingkang arum lsp. Jalaran ambet ambetan amrikarum punika manawi boten ngantos nduleg [sanget], saged njalari nentremaken jiwa.

b. ngisep-isep awoning sanes utawi wadosing sanes. Tumindak kados makaten punika damel kapitunan boten sakedhik tumrap badhanipun piyambak awit nuwuhaken gegeter ageng, ingkang temahan sanget adamel kuceming Rasa Jatinipun. Paedahipun boten sumbut kaliyan kapitunenipun bebasan mburu uceng kelangan dheleg.

Inggih awawaton kalih warni ing inggil punika para olah pranayoga tumindakipun sarana nglaras, ngelus tuwin ngemataken mlebet medaling ambegan kanthi alon. Lampahing ambegan ingkang alon, alus, utawi ening punika saged ngeniraken [ngleremaken, ngicalaken] pangganda ngantos tumandukipun sadaya ambet [ganda] boten ndayani dhateng antenging Jiwa [Rasa Jati]. Temahan boten sanes inggih namung ngudi sagedipun hanampeni sasmita gaibing Pangeran.

Ingriki kula badhe mratelakaken bilih tiyang punika temtu tansah mbudidaya sagedipun eca lan sekeca. Rehning sadaya rubeda punika badhe ndadosaken boten sekecaning manah [dados mamalaning tyas] mila temtu boten dipun ajengi. Awit saking punika rehning manah punika limrahipun tansah ngajeng-anjeng eca lan sekeca, mangka badhe tansah mrangguli bab-bab ingkang damel boten sekecaning manah, mila tiyang punika tansah nandhang kuwatos utawi melang-melang. Dados tansah boten nggadhahi katentreman utawi boten tansah kadunungan ayeming manah. Makaten punika ateges kendel-kumandel dhateng panguwasaning Pangeran. Menggah wohipun badhe gampil ketrajang was-sumelang. Dene srananipun kangge nyirnakaken raos boten tentrem, inggih raos boten sekeca wau, tiyang kedah tansah nyantosakaken tekadipun: Aku Wani, Gelem Nglakoni.

Wonten ancer-ancer ingkang kangge margi nyingkiraken mamalaning tyas, inggih punika kanthi migunakaken pathokan lan pangretosan sapisan ingkang diwasesa [punika pun raos was sumelangipun], kaping kalihipun ingkang masesa [punika pun tiyang, utawi tiyangipun], lan pungkasanipun sageda mangretosi bilih pun tiyang ingkang masesa raos was sumelang wau teksih wonten ingkang nguwaosi lan masesa, inggih punika ingkang Maha Kuwasa.

Kanthi nyumerebi lan mangretosi trap-trapan makaten wau, tiyang badhe langkung gampil angsal tuntunan anggenipun ngrekadhaya mbengkas reribed utawi mamalaning tyas manawi kalayan sumendhe lan nyuwun kekiyatan dhateng panguwaosing Pangeran. Kosok- wangsulipun manawi boten kanthi srana makaten wau saestu badhe rekaos kalampahanipun.

Ing Serat Rama wonten tetembungan 'gampang-gampang angel, yen wis dadi siji ora ana' tegesipun manawi penganggep gampil lan awrat wau sampun saged kakempalaken, ingriku badhe saged nyirnakaken samukawis pepalang. Mila makaten jalaran pun panganggep angel lajeng luluh kaprawasa dening pun gampang. Utawi ungel-ungelan ing inggil wau mratelakaken manawi gampang lan angel sampun manunggil, ingriku lajeng sampun boten wonten sambikala punapa-punapa. Awit saking punika badhe prayogi manawi kita sami nyatunggilaken pun gampang kaliyan pun angel, supados saged damel sirnaning raos was sumelang tuwin mamalaning tyas.

Mamalaning tyas utawi ingkang andadosaken boten sekecaning manah punika mretandhani bilih ingkang nandhang sakit punika manahipun. Sakiting manah punika amargi saking nandhang raos boten sekeca. Menggah panandhang wau wonten werni-werni kadosta tumrap sakiting badhan, manahipun inggih tumut ngraosaken. Tumrap sakiting pikiran pun manah ugi tumut ngraosaken. Manah tumut ngraosaken raosing sesakit makaten wau, punika boten klebet memalaning tyas. Wondene ingkang klebet dados mamalaning tyas, inggih punika panandhang raos pangraosipun tyas utawi manah piyambak, kadosta ngraos samar lan sumelang tuwin sanes sanesipun. Rehning punika wau namung raos pangraos, murih boten kataman rubedaning manah, kita kedah ngicali raos samar lan sumelang wau.

Mila tiyang kataman mamalaning tyas punika jalaranipun margi saking koncatan punapa-punapa ingkang boten dipun senengi lan ingkang dipun tresnani. Inggih ical utawi oncating raos wau ingkang mbetahaken seserepan, mbetahaken pitedah tuwin piwulang supados saged ngretos dunungipun. Pundi pitedah utawi piwulang ingkang dipun ajengi [dipun mathuki] sarta lajeng katindhakaken, inggih makaten punika ingkang badhe dados srana jampining mamalaning tyas.

Mewahi andharan sawatawis punika, bilih ingkang dados bibit utawi tuking raos nyumelangaken inggih punika saking pakartinipun tiyang anggenipun sami nampik lan milih. Manawi ingkang jumedhul punika ingkang dipun tampik [boten dipun senengi], tiyang lajeng rumaos kuciwa, boten seneng, boten lega, boten mathuk, tuwin sanes sanesipun. Dene manawi ingkang jumedhul ingkang dipun mathuki [pilih], lajeng rumaos lega lan bingah. Kamangka bab kuciwa, boten seneng lega, bingah, mathuk, sadaya punika sejatosipun sami nunggil golongan, inggih punika golonganing raos pangraos. Manawi raos pangraos makaten wau kita selehaken, pun raos was sumelang tuwin sabangsanipun mamalaning tyas lajeng boten wonten.

Milanipun manungsa kataman mamalaning tyas ugi saged jalaran nggadhahi pepingin lan pangangkah kadumugena ingkang dipun kajengaken. Padhatan inggih saking margi anggenipun tumindhak mbudidaya murih kadumugen ingkang dipun kajengaken wau, punika lajeng mahanani tuwuhing raos boten tentrem. Saupami sampun saestu saged kadumugen ingkang dipun kajengaken wau, nunten tuwuh pepinginan sanes malih. Makaten salajengipun tanpa gadhah marem. Tumrap tiyang ingkang kados makaten, punika dipun wastani kenging mamalaning tyas.

Pepinginan punika dados sumber kasantosaning karep [kakajengan]. Prayoginipun pepinginan wau tansah dipun gladhiya [dipun lelantih] supados tansah tumuju dhateng kautaman. Sanadyan makatena kita kedah tansah enget lan ngretos bilih pepinginan ingkang tansah boten nggadhahi pemarem wau, saestunipun inggih tansah ngereh [ngemudheni] tiyang. Manawi tiyang tansah dipun tumpaki pepinginan punika badhe gampil kenging sambekala utawi mamalaning tyas. Mila prayogi sami kabudidhaya supados kita boten tansah dipun reh ing pepinginan. Kosokwangsulipun supados mbudidaya sageda ngereh pun pepinginan wau.

Sapunika keparengan kula ngaturake srana kangge nyirep mamalaning tyas, punika wonten kalih warni: sepisan ingkang kangge nyuda, kaping kalihipun ingkang kangge netepaken. Murih saged nyuda kedah ngretos rumiyin bilih raos was sumelang ingkang dados memala punika bakunipun tuwuh saking raos panginten-intening raos pangraosipun piyambak, utawi gambaranipun piyambak. Rehning namung gambaran, punika saged dipun icali piyambak. Salajengipun supados saged langkung rosa anggenipun nyabili utawi ngicali, kedah dipun kanteni [sarengi] cara satunggal malih, inggih punika netepaken. Wujudipun netepaken wau kedah anggadhahi panganggep ngemohi. Emoh sumelang utawi kuwatir. Manawi pangretosan wau sampun wonten lajeng ngrosani anggenipun mbucal gambaran was sumelang wau, ingriku saboten-botenipun badhe nyuda mamalaning tyas.

Cekak aosipun, menggah pangudi anggenipun badhe ngicali mamalaning tyas wau manungsa kedah tansah nyuwun pangapura lan eling dhateng Pangeranipun, lan kedah wani dhateng punapa kemawon ingkang kita anggep dados sumber ingkang nuwuhaken memalaning tyas wau. Kangge sanepa kadosta, upami kita ngutangi arta, kita kedah wani nagih. Manawi kita lumuh [boten purun] nagih, raos kepingin [kedah] nagih wau, kedah kita bucal babarpisan supados saged ical saking manah. Ngadhepi kawontenan kados tuladha ing ngajeng punika tumrap tiyang Jawi limrahipun nuwuhaken sipat ewuh pakewuh, punapa malih manawi ingkang dipun utangi punika sedherek utawi pawong mitranipun piyambak. Punika kula namung mendhet tuladha ingkang gampil kemawon.

Makaten wau angsal kula ngonceki bab-bab ingkang kaanggep dados sasakiting manah. Sanadyan namung rembag ingkang isi pamanggih, ewadene punika wau klebet satunggling kawruh utawi seserepan ingkang wigatos sanget. Indhaking kawruh boten sanes inggih saking linton pemanggih. Isinipun saged kasaring, pundi ingkang dipun mathuki, lan pundi ingkang boten nyocogi, punika badhe saged rumesep migunani dhateng sarira pribadi. Langkung langkung tumrap seserapaning batos, punika pancen saged dados bumbu ingkang badhe saged nandhesaken bontosing tekad, mugi mugi saged murakabi dhateng sintenan kemawon ingkang sami kepareng nggalih.

Labels:

Tanpa Guna Mikir Kono Kana, Jer Kono Kana Neng Kene

By Mastoni


Mamanise minangka pepeling,
Tanpa guna mikir kono kana,
Jer kono kana neng kene,
Biyen saiki besuk,
Pan winengku aneng saiki,
Nanging kudu waspadha,
Ing panglarasipun,
Jer iku gawat kaliwat,
Yen kleru temah sasar jroning ati,
Yekti antuk duduka.

Panglarase mung kalawan ening,
Eninga jatining kahanan,
Kahanan iku yektine,
Jati-jatining idhup,
Anguripi sagung dumadi,
Dadine saking ora,
Ora tegesipun,
Si ora mengku kahanan,
Kahanane warna rupa datan tebih,
Nyata wus kasarira.

Pratandhane kang wus nyata yekti,
Tindhak-tandhuk akanthi prasaja,
Kawistara lulungide,
Mamrih harjaning kayun,
Tan kayungyun anggungggung dhiri,
Mung weh yteming sasama,
Nyata nora ungkul,
Wit wus pana nora samar,
Ya ing kono sinebut manungsa jati,
Wikan ing sangkan paran.


Makaten wedharaning welingan ingkang sinawung ing Sekar Dhandhanggula. Sanadyan namung cekakan nanging sakalangkung mentes, aos lan miraos. Wondene sarinipun inggih punika mengku penget, bilih manawi badhe njangka sagedipun ngretosi utawi hanyumerebi gaibing kawontenan, gaibing gesang inggih gaibing Pangeran, sejatosipun boten prelu mikir, nggambaraken, tuwin madosi dhateng pundi-pundi, nanging saestunipun saged kaudi kaliyan ngolah tuwin lumantar sarira pribadi, jalaran sadaya wau sampun kasarira, sampun nunggil kahanan, namung kemawon teksih kaling kalingan ing wates antawisipun alam alus kaliyan badhan kuwadhagan.

Manawi pangudinipun yeyektosan sarta katarimah, ing riku badhe saged mbikak warananing alam kekalih wau, temahan saged ngretos kawontenan sajatosing Gesang ingkang mbabar anglimputi sakalir, inggih ingkang asipat langgeng. Manawi dipun manah kaliyan tandhesing raos, gesanging para manungsa wonten ndonya samangke punika sejatosipun ugi sampun wonten salebeting kukubanipun alam kalanggengan. Jalaran langgeng makaten wekdal ingkang tanpa kawitan tanpa pungkasan. Nanging raos pangraosipun manungsa punika piyambak ingkang misah. Limrahipun rumaos sami gesang wonten sajawining wekdal tuwin alam kelanggengan.

Mila ing welingan nginggil wau nyebataken:
Tanpa guna mikir kono kana, jer kono kana neng kene. Biyen saiki mbesuk winengku aneng saiki.
Wawasan makaten wau pancen boten siwah kaliyan nyatanipun. Wondene welingan ingkang pantes tansah kita tuladhani inggih punika:
Tan kayungyun anggunggung dhiri.
Mung weh ayeming sasama.


Pancen kasinggihan sanget. Manawi tansaya wewah kathah tiyang ingkang tansah seneng damel senenging manahipun tiyang sanes, mbokmanawi kemawon boten dangu kawontenaning baita Nuswantara lan jagad dados tentrem, tata tur raharja. Kula ndherek ngajeng ajeng, mugi welingan wau sageda mbabaraken kawontenan ingkang sampun kagambaraken punika.

Kosokwangsulipun, manawi ing donya saya kirang cacahing tiyang ingkang tansah ngedekaken sarira, salajengipun temtu namung badhe mikantukaken badhanipun piyambak kemawon. Manawi makaten kawontenanipun:
Jam gumandhul keprungu nggegirisi.
Dada muntab lir kinetab kumedut padoning lathi.
Kamanungsan lebur tanpa aran.


Kristal tirtaning samodra (sarem), mugi-mugi wuwuhan katrangan punika saged damel marem. Nuwun.

Caranipun Ngracut Hawa Napsu

By Mastoni

Nglampahi gesang ing satengahing bebrayan agung punika pancen gampil-gampil awrat. Kawastanan awrat manawi pikiran punika kadhisikan ketliweng amargi kagubel ing hawa kamurkan lan napsu angsa-angsa. Kosokwangsulipun, kawastanan gampil manawi kita punika sampun saged menggalih klawan manah ingkang mardhika. Liripun boten sulap dhateng sorot gebyaring tata lair lan sasaged-sagedipun kedah sumingkir saking sadaya aling-aling ingkang ngalang-alangi jablasing pamawas ingkang wening.

Inggih jablasing pamikir ingkang menep punika ingkang aran budi sejati, inggih punika dhaya pamikir ingkang hambabaraken wohing wawasan ingkang mulus, resik lan wening kadya toya, kalis saking sadaya rereged lan blenthoning si 'aku'. Bab punika ing jagading pewayangan cundhuk kaliyan wewatakenipun Sang Arya Bratasena ingkang resik lan wening kagambaraken kadya anting-anting apanunggul sotya maniking banyu, inggih punika tentreming batos ingkang dumunung wonten ing sireping karep.

Kekajengan utawi karep punika kedah dipun sirep, tegesipun boten sisah tansah dipun turuti amargi kridhaning karep punika sayekti anglangut tanpa tepi, tebih saking pakeming urip sejati. Samangsa teksih dereng saged oncat saking anggenipun dados abdinipun kamelikan, punapa dene namung nuruti puwa-puwaning manahipun, tiyang punika gesangipun nglengkara manahipun badhe saged rumaos jenjem tentrem.

Manawi kekajengan dipun uja tamtu boten bakal wonten mendhanipun kapara malah sangsaya ndadra tanpa wangenan. Lir pindhanipun kadya agni murub siniram lenga patra tamtu badhe tansaya awrat panyirebipun. Kawontenan ingkang kados makaten punika hanjalari kathah tiyang ingkang lajeng nyingkur dhateng Pangeranipun, sadaya polah tingkahipun sarwa-sarwi nyimpang saking kautaman. Sanadyan ta dedeg piyadegipun katingal gagah prakosa, nanging kabatosanipun sok kopong kadya kapangan bubuk [renget].

Tansah ngujeri iketaning kawaspadhan lan kaprayitnan batos ngadhepi kalamangsa ingkang kados punapa kemawon [kadosta mangsa bungah utawi manawi pinuju nandhang susah], punika dados sarat ingkang premana minangka sanguning tiyang anglampahi gesang ing satengahing bebrayan agung. Punapa malih manawi pinuju kesandhung lan kejeglong ing kawontenan ingkang boten damel renaning penggalihipun, adhakanipun jin setan iblis bekasakan sami jejogedan ngiming-iming kanikmatan ingkang sarwa ngenyutaken, nanging sejatosipun kebak duraka. Inggih kawontenan ingkang kados makaten punika ingkang lajeng dados sumber dunungipun tiyang ingkang gampil lirwa ing kaprayitnan lan wekasanipun dados batur ingkang tansah tutut marang pangojok-ojok nindhakake pakarti ingkang luwih dening nistha.

Tiyang punika manawi kepingin gesangipun saged tentrem lan rahayu, prayoginipun samya anggadhahi sesipatan lan pandamel patang prakara inggih punika:
Sepisan, netepi wajibing ngaurip lan sumereb ing wates-watesing hak wewenangipun.

Kaping kalih, tumemening ati nyebabaken keplasing wawasan dados jembar lan padhang ngegla.

Kaping tiga, enthengan nindhakaken amal, dedana dhateng sesami tumitah anebihi saking suprih pamrih pribadi. Dhasaripun sampun mengku keyakinan utawi piyandel manawi satingkah polahipun manungsa punika nadyan disingid-singidaken kados punapa kemawon tamtu kadenangan dening Gusti Kang Maha Ngawuningani.

Ingkang pungkasan, welas asih. Sesipatan punika manjing ing alusing bebuden linambaran raos tresna lan remen ngaling-alingi cacading sanes amrih boten nandhang wirang lan rumeksa badhanipun piyambak sampun ngantos kawirangan ugi.
Hewadene hawa napsu ingkang sampun kalajeng mubal punika boten waged dipun sirep kanthi kekerasan, rodha peksa, utawi dipun ampet punapa dene kanthi dipun legani. Bilih dipun ampet, temahan badhe mbledhos [muntab]. Bilih dipun prusa, temahan mingser gantos warni, manahipun tetep peteng, tambah reribed enggal ingkang tanpa wusana. Bilih dipun legani, temahan ndadi, ngambra-ambra. Nah rak boten gampil ta? Jalaran ingkang nglegani, ingkang ngampet lan ingkang ngrudha peksa punika inggih bangsanipun hawa napsu piyambak.

Tuk, winih lan oyoting hawa napsu punika pun sayektosipun inggih 'aku' kita piyambak, inggih punika pun 'rasa pangrasa bisa apa-apa lan kuwasa apa-apa' kita punika, ingkang thukul, semi lajeng ngrembaka jalaran pangantha-antha kita piyambak. Wagedipun sirep saestu, bilih 'latuning rasa bisa apa-apa, kuwasa apa-apa' ingkang dumunung wonten telenging manah kita punika, kita sirep kanthi raos andhap asor ingkang sakalangkung ngambang, mawi raos saking raos ingkang dumunung wonten ing telenging manah, adhedhasar boten ngemohi kanyataning lelampahan kita ingkang nedheng kita tampi.

Ngrembag perkawis andhap asor, adatipun manungsa kepingin angsal papan ingkang langkung inggil tinimbang tiyang sanesipun. Manahipun mongkog manawi angsal pangalembana saking tiyang sanes. Inggih watak ingkang kados makaten punika ingkang anjalari boten gampil anggenipun nglampahi gesang kanthi andhap asor. Watak makaten wau sejatosipun saged andadosaken manungsanipun gampil semplah kados blarak garing manawi kanyatanipun beda kaliyan kekajenganipun, laraping pasemonipun lajeng peteng lir pendah mendhung ngendhanu nguras sakehing pangimpen kang muspra.

Boten kirang-kirang kadadosan ing ngalam donya punika ingkang rujak sentul, satunggal ngaler satunggal ngidul, trajang tinajrangan sander sinander. Kala-kala ngangge dhupak-dhinupakan lan sineling goco-ginoco, bithi-binithi, jotos-jinotos, dugang-dinugang, tendhang-tinendhang, srampang-sinrampang lan jejak-jejakan. Gesang punika pancen kebak pesaingan, tiyang sami mbudidhaya sageda ngawonaken tiyang sanesipun, mila boten aneh manawi jagad punika boten nate tentrem. Sadaya kedah katampi kanthi manah ingkang sabar lan jembar. Wong ngalah luhur wekasane. Kanjeng Nabi Muhammad nate dhawuh "Wong ngalah iku kelangan, nanging ngrasakake sarining rasa kang mulya. Wong ngalap menang iku antuk [oleh], nanging mung ngrasakake rasa kang mung sepele lan panas."

Kawuningana bilih jihad ingkang paling utama punika merangi hawa napsunipun piyambak. Punika boten namung cundhuk kaliyan Hadist Riwayat Bukhari lan Muslim kados kacuplik ing ngajeng wau, nanging ugi saged dipun gathukaken kaliyan pangandikanipun Sang Resi Wiyasa saking pedhalangan Cintakapura. Kinten-kinten makaten ringkesanipun:

"Aja kaget para wayahku Pandhawa, kowe kabeh padha sumurupa. Aku nampa pralambang saka dewa, antarane Pandhawa lan Kurawa wus kaweca bakal manjing dadi satru bebuyutan. Ing mbesuk kowe bakal nemoni paprangan gedhi disekseni jagad gumelar sinebut Baratayuda Jaya Binangun."
"Sapa kang bakal menang, Mbah Wiyasa? Pandhawa apa Kurawa?" pitakenipun Harya Bimasena.
Resi Wiyasa njawab ririiih biyanget:
"Mangertiya ya ngger wecaning jawata, kang bakal unggul yaiku para satriya kang awatak sabar, santosa, lila, lan legawa. Mula wayahku, kowe kabeh bisoa nyirep hardhaning kanepson, dimen bisa uwal saka sambekalaning lelakon."
Teksih kalajengaken anggenipun Resi Wiyasa paring wejangan, ing ngandhap punika ingkang prelu dipun wigatosaken, makaten:
"Elinga ya ngger, tedhasing panggayuh mono kudu linambaran weninge karsa alelandhesan kadhewasaning kapribaden. Kowe iku satriya tedhaking narendra mara tapa lan turasing handhana warih. Ngrumangsanana lamun sira iku titahe Hyang Widhi Wasesa Tunggal. Kowe wajib sumungkem lan wedi, asih marang Sesembahanmu. Suwunen sih lan kamurahane kanthi nalongsa."
"Poma den eling ngger, kasembadaning panggayuh mono ora mung cukup disaranani nangis lan donga wae. Hananging kudu kok udi kanthi anggelar nalar lan tumandhanging karya. Lamun kowe wis pana ing budhaya, dhuh ngger, ora-orane yen kowe kasoran, dak pepuji amrih kowe kang bakal unggul ing palagan Baratayuda Jaya Binangun."
Dados boten cekap namung luhur ing budi, nanging ugi kedah luhur ing pakarti. Boten cekap namung becik ing lambe, nanging ugi becik ing gawe. Boten namung kandheg ing wejangan, nanging ugi dipun kantheni tumandang. Boten namung wasis paring amanah, nanging ugi kebak tulusing pratingkah. Boten namung micara nanging ugi makarya. Cekakipun luhur njawi lan lebetipun, boten namung kandheg ing gagasan, nanging nuladhani ing sakabehing laladan.

Gumolonging patrap kados ngendikanipun Resi Wiyasa wau saged nuwuhaken sikep madhep manteb lan jejeg netebi dhawuhing Gusti Kang Akarya Jagad sarta anebihi sadaya pepacuhipun, tansah eling lan saged nglarasaken tumindhak kaliyan kedale pangucap, angleluri watak sabar marang sakabehing pacoban ingkang tumiba, boten kepranan dhateng sakabehing gugon tuhon utawi anut grubyug, resik ing panyana, sepi ing pangira ala sarta lumuh ngupadi alaning liyan, lega lan narima dhumawahing pandum kanthi boten nglirwakaken sengkuting pambudi dhaya. Inggih sikep makaten wau ingkang saged mbikak olah kridhaning raos eling saged njegur tumut lelumban ing tatanan pasrah tanpa sumendhe dhateng resiking nalar lan pamikir. Saben tiyang sageda nindhakaken patrap kangge ngawekani laku supados jumbuh kaliyan gegayuhan sarta nuwuhaken katentreman lan karahayon, ingkang banget saged hambiyantu nuwuhaken larasipun bebrayan agung.

Hewadene ingkang dados bibit lan sumbering grenjet murungaken sedya punika adatipun tuwuh saking remen ngendhe-endhe laku. Ngendhe-endhe nandhangi sabarang gawe njalari kencenging tekad tansaya dangu dados kendho, temahan nukulaken watak sungkanan, boten antepan lan kesed. Kesed marake turu kepati. Jeneng tanpa guna anggenipun sampun pinaringan nyawa boten nglenggahi wajibing ngaurip. Urip punika tegesipun rak tumandhang.

Pareng njih, Mastoni sampun manjang siti.*
*manjang siti = layah = Mastoni sampun sayah

Labels:

Nalika Basa Jawa Rada Kekiwa

By Mastoni

 
Para nupiksa ingkang minulya,

Panjenengan tamtu sampun sami nguningani bilih basa punika sanget sesambetanipun kaliyan bebrayan. Kalih-kalihipun wau boten saged dipun pisah. Manawi kita badhe nggrejahi salah satunggaling basa, punika ugi kedah ngengeti dhateng bebrayaning basa wau, jalaran kawontenaning bebrayan mekaten ugi ndhayani sanget dhateng bab panganggening basa.

Nalika kita teksih dipun jajah Landi, ingriku Landi kalampahan saged damel supening bangsa kita dhateng basanipun piyambak. Ing wekdal punika wau titiyang Jawi ugi boten kantun sami katut klebet wonten ing jagad pangolahipun parentah ndoro tuwan kolonial. Tiyang Jawi mbaka sakedhik sami rumaos bilih basa Jawi punika sampun boten cocog malih kaliyan bebrayan gagrag enggal. Punika amargi saking dhayaning panggulawentah cara sabrang Kilenan ingkang katampi nalika semanten, saya dangu tiyang Jawi saya renggang kaliyan tata cara Jawi [ingkang sakawit pancen namung katujokaken dhateng tata caraning Kraton], wasana malah lajeng boten sekedhik ingkang nilar lan boten mreduli babar pindhah dhateng basa lan budhaya Jawi. Piyambakipun sami ngener dhateng jagad Kilenan lan trekadhang ngantos boten ngertos watesipun malih. Panggulawentah tuwin kabudhayan Jawi dipun raos lan kaanggep boten cocog kangge waton [kangge cepengan] nggayuh idham-idhamanipun ing salebeting jaman gagrag enggal wau. Sasampunipun meneer-meneer sami dhinupak saking tanah Jawi, gentos jago kate Nihonjin ingkang njalu. Kawontenanipun boten kathah bedanipun kaliyan Landi. Basa Walandi dipun lintoni Basa Nippon sarta kabudhayan kita dipun santuni cakrikipun. Sedaya dados asipat Jepang sanadyan ingkang mambet Kilenan inggih teksih wonten ingkang boten dipun sirnakaken, nanging boten kathah. Lajeng samangke, punapa angsal-angsalan kita sasampunipun ngalami mangsa ingkang makaten wau, langkung langkung ingkang gegayutan kaliyan Basa Jawi?

Kabudhayan sabrang Kilenan ingkang tansah iming-iming kanikmatan ragawi kasil mblolokaken bangsa sadonya, klebet tiyang Jawi. Kabudhayan Wetanan ingkang nengenaken lan kebak norma-norma rohaniah kasingkur kaanggep asor, papanipun lajeng kagusur minggir, kablesek ngantos sesek ambeganipun. Tiyang Jawi piyambak kathah ingkang ngundhamana basa Jawi punika basane wong ndhusun. Kawontenanipun saged panjenengan pirsani piyambak, titiyang Jawi sampun kathah ingkang boten saged migunakaken Basa Jawi kanthi sae, malah kapara plethat-plethot lan blekak-blekuk anggenipun maos lan nyerat aksaranipun, kamangka witing bisa punika saking kulina. Tiyang Jawi samangke langkung wasis cecaturan mawi basa Indonesia. Basa Jawi prasasat timun wungkuk jaga imbuh ing pamulangan-pamulangan. Manawi kawontenaning basa Jawi kalajengaken kados wekdal samangke, tembung lan aksara Jawi saged musna saking lumahing bumi, kados sampun dados kasunyatan Ramalan Jayabaya ingkang nyebataken bilih "Tanah Jawa bakal ilang kumandhange".

Tiyang Jawi ugi kathah ingkang sampun boten wanuh kaliyan lelagon dolanan lare, tembang-tembang Jawi, punapa malih saged ngraosaken edi penining suraos lan kasusatranipun. Boten sakedhik ingkang sampun boten wanuh kaliyan cariyos-cariyos Babad, Ringgit tuwin sanes-sanesipun. Kathah ingkang sampun boten ngertos malih punapa ta Wedhatama punika, Wulangreh, Tripama, Nitisastra tuwin sanes-sanesipun. Sampun malih ngertos isinipun utawi sinten ingkang nganggit, mireng namanipun kemawon asring dereng nate. Kita sami wegah mirengaken tiyang nyekar [nembang] Macapat jalaran pancen boten ngertos tegesing tetembunganipun. Awit saking punika titiyang Jawi lajeng boten wanuh kaliyan isining piwulang-piwulang ingkang kawrat wonten ing serat-serat Jawi ngantos asring kesupen babar pindhah bilih bangsanipun piyambak punika sejatosipun nggadhahi tata cara ingkang luhur drajadipun. Sasampunipun makaten, samangke lajeng kados pundi tandhuk kita? Punapa ugi perlu miyara lan ngopeni malih supados basa lan kasusastran Jawi saged wangsul sae malih?

Salebetipun nimbang perkawis wau kita kedah enget dhateng sumpah kita kala tanggal 28 Oktober 1928, ingkang sinengker ing sumpah katiga, ingkang ungleipun makaten: Kami poetra-poetri Indonesia mendjoendjoeng bahasa persatoean, bahasa Indonesia. Lajeng ukara punika dipun plesedaken dados "Kami putra dan putri Indonesia mengaku berbahasa satu, bahasa Indonesia." Lha 'menjunjung bahasa persatuan' punika rak genah beda kaliyan 'berbahasa satu?' Menjunjung bahasa persatuan punika rak ateges ngurmati basa manunggil [BI], nanging boten ateges nyingkur punapa malih ngantos mbuwang mak wer basa-basa wewengkon. Lajeng samangke punapa teksih perlu nggegesang basa-basa wewengkon [bahasa daerah]? Lan punapa sababipun dene kathah ingkang kados sami kendel [pasif] kemawon, boten wonten ingkang sami kepareng nglairaken pemanggihipun ingkang gegayutan kaliyan bab punika? Punapa sami nggadhahi penganggep bilih sampun boten perlu malih ngrembag bab-bab ingkang gegandhengan kaliyan basa wewengkon tuwin kasusastranipun? Punapa bangsa Indonesia sami karepotan sanget anggenipun lulumban ing jagading pangambet negari [politik]? Boten; sejatosipun kathah ingkang boten kok namung kendel kemawon, punika boten. Saestunipun pancen inggih wonten golongan ingkang sarujuk lan ingkang boten sarujuk ngopeni basa-basa wewengkon punika.

Golongan ingkang boten sarujuk ngajengaken waton bilih basa wewengkon punika muta-watosi badhe damel pecahing bangsa Indonesia. Jalaran manawi basa wewengkon dipun gegesang, saged ugi badhe nengenaken malih raosing wewengkonipun. Mila basa wau sampun ngantos dipun uthik-uthik malih, basa punika cekap satunggal kemawon, inggih punika Basa Indonesia. Kajawi basanipun, aksaranipun basa-basa wewengkon wau ugi boten perlu dipun openi malih. Tumrap aksara Jawi dipun criyosaken [dipun anggep] boten luwes [praktis] tuwin rekaos dipun sinau. Awit saking punika, sanadyan bakening namung awujud aksara 20, nanging teksih kathah embel-embelipun. Kathah sanget panyeda [panacadipun] golongan wau. Awit saking punika piyambakipun lajeng kendel kemawon amargi pancen sampun boten ngrumaosi gadhah kawigatosan malih.

Kosokwangsulipun, tumrap golongan ingkang sejatosipun sarujuk lan cocog manawi basa wewengkon dipun gegesang, ugi dereng kathah ingkang sami purun nglairaken swanten pamanggihipun. Manawi para sedherek punika kados namung kendel kemawon, mbokmenawi punika boten ateges boten purun maelu, boten mreduli badhe sirnaning basa-basa wewengkon wau, sarta boten ateges boten nguwatosaken badhe tuwuhing pepecahan, nanging namung ngawekani mbokbilih dipun anggep satunggaling tiyang ingkang mendem swasananing wewengkon lan boten ngertos tegesing manunggiling bangsa, boten ngengeti dhateng mobah-mosiking politik praja. Utawi kuwatos mbokbilih wonten ingkang mastani 'rindu ingin bernostalgia'. Tumrap ingkang gegayutan kaliyan Basa Jawi, para sedherek wau saestunipun namung sami nyingkiri panreka utawi pandakwa ingkang boten damel renaning manahipun.

Kauningana, Indonesia punika wewengkonipun sumebar awujud pulo-pulo ingkang dunungipun pating plencat tuwin nggadhahi kabudhayan ingkang luhur. Inggiling aosipun wau, boten sanes inggih saking kawontenaning kabudhayan ing saben wewengkon wau. Awit saking punika, kangge njagi kamurnenipun, bangsa Indonesia tansah nindhakaken reka dhaya ngegesang kabudhayanipun, upaminipun kemawon lestantun anggenipun mulangaken beksan, langen swara, tuwin sanesipun malih. Nanging samangke kados pundi ingkang gegayutan kaliyan basanipun? Punapa inggih boten perlu dipun wigatosaken? Punapa ing sumpah 28 Oktober 1928 wau mengku suraos utawi kajeng: kedah mejahi basa-basa wewengkon? Kejawi makaten punapa basa Indonesia punika sampun jangkep sampurna, tegesipun sampun saged nyekapi kabetahan kita?

Boten. Kita sampun sami nyumerebi bilih BI punika teksih kekirangan sanget lan teksih wonten ing salebeting mangsa tuwuh. Miturut pemanggih kula, inggih ing ngriki punika, ing salebetipun mangsa tuwuh punika dununging kuwajibaning basa-basa wewengkon anggenipun sami kedah tumut nyampurnakaken. Basa Indonesia punika teksih sanget kekirangan tembung-tembungipun, saestu dereng saged nyekapi kabetahan kita. Lha supados saged njangkepi kekirangan wau, kita kedah nggrejahi kasugihaning tembung-tembung ingkang sumimpen wonten ing basa-basa wewengkon punika. Wondene asiling panggrejah wau kedah dipun taliti, dipun wawas, kapilih pundi ingkang pantes lan cocog kangge nglintoni tembung-tembung manca ingkang teksih dipun angge jalaran ing Basa Indonesia dereng wonten. Saestu boten andadosaken agening manah menawi saya langkung kathah anggen kita migunakaken tembung-tembung manca, ingkang sejatosipun ing salah satunggiling basa wewengkon sejatosipun ugi sampun wonten lan kenging kangge nglintoni tembung-tembung manca wau. Kula ugi pitados bilih ngrembaka tuwin kopenipun basa-basa wewengkon kita punika temtu boten badhe ngagru-agru [ngongkreh-ongkreh] kalenggahanipun basa manunggil kita. Nanging malah kosokwangsulipun, basa-basa wewengkon ingkang saged kopen saestu tuwin ngrembaka subur, punika temtu badhe kathah sumbanganipun dhateng basa Indonesia ingkang saweg tuwuh wau. Kejawi makaten ugi boten badhe gampil dados jalaran pecahing bangsa kita.

Saya kathahipun tembung-tembung saking basa wewengkon ingkang mlebet dhateng BI lan kosokwangsulipun tamtu badhe saya ageng raos melu handarbeni kalih-kalihipun, antawisipun BI minangka basa manunggiling bangsa tuwin basa-basa wewengkon wau. Kawontenan punika cundhuk kaliyan pepali ngenani Loroning Atunggal, BI lan BW lajeng saged mong-kinemong, samad-sinamadan. Manawi sampun saged ginayuh ngancik dhateng tataran loroning atunggal, punika tamtu badhe saged saya ngrumaketaken raos kabangsan kita piyambak. Tumrap perkawis punika kita saged ngilo [mendhet tuladhan] kawontenaning negari sanes. Wonten negari ingkang boten nggadhahi basa manunggil nanging rakyatipun teka sami manunggil. Kosokwangsulipun ugi wonten ingkang basanipun setunggal nanging rakyatipun sami pecah. Amerika Serikat punika sejatosipun dumugi samangke dereng netepaken basa manunggilipun, badhe ngangge basa Spanyol punapa basa Inggeris. Sanadyan makaten, kawontenaning negari Paman Sam pranyata boten langkung memble tinimbang bangsa kita. Kosokwangsulipun, kathah negari-negari ing laladan Wetan Tengah ingkang basanipun namung Arab thok thil, nanging kawontenanipun tansah kebak cocongkrahan boten rampung-rampung. Adhedhasar waton makaten wau, kula sarujuk sanget ngopeni sedaya basa wewengkon. Sarehning basa, kapustakakan, sarta sastra [aksara], mekaten sejatosipun tunggil jiwa, saiba badhe saenipun menawi tiga-tiganipun wau wonten ing satunggal-tunggaling wewengkon saged dipun openi kanthi sae. Boten badhe kangge mecah-mecah bangsa kita, nanging saestunipun malah kangge nyempurnakaken lan kangge nyantosaken kalenggahanipun kabudhayan kita.

Sasampunipun nyumerebi bab-bab kados ingkang kula aturaken wonten kawitaning pamawas kula wau, saestunipun perkawis basa Jawi punika miturut raos kula, kadosdene udun ingkang sampun badhe nyeplos. Kedah dipun openi, dipun jampeni ngantos saras babar pindhah. Punika namung gumantung dhateng cara kados pundi anggen kita sami miyara kemawon. Menawi kanthi ngantos-atos saestu temtu badhe sae wohipun, nanging menawi ngantos boten kleresan temtu badhe nguciwani sarta damel gela. Sampun samesthinipun bilih salebetipun wekdal ngopeni [mulasara] udun wau, ingriku temtu ugi badhe nuwuhaken raos sakit, perih tuwin panandhang ingkang nyedhihaken. Nanging ingkang nandhang wau babarpindhah boten kenging ngraos pepes tuwin lajeng kendel [cuek] kemawon ngantos saya ndadosaken agenging [mbabraking] tatu ingkang temahanipun badhe mebebayani dhateng jiwanipun. Kula nggadhani pangajeng-ajeng kita sampun enggal-enggal nglokro [pepes], sampun ngantos atilar glanggang colong playu menawi punika mangke ngantos nrenyuhi [mrangguli] reribed. Ing wekdal samangke sampun wiwit kathah katrangan-katrangan utawi karangan-karangan bab kawontenaning [nasibing] Basa Jawi. Makaten wau dados satunggaling tanda yekti, bilih ing kalanganing bebrayan kita sampun sami ngrumaosi bab perluning miwiti ngrembag perkawis wau. Ing salebeting ngreka dhaya punika kita kedah tetep awewaton janji kita kala 28 Oktober 1928, nanging kita ugi sampun ngantos ngeculaken patokan ingkang wujud sesanti Bhineka Tunggal Ika. Inggih amargi saking wewaton janji tuwin cepengan sesanti punika , kita lajeng saya langkung pitados dhateng jejibahan kita. Makaten ugi perkawis ngopeni basa lan kabudhayan wewengkon, punika ugi klebet sesanggen kita. Wondene ingkang klebet kabudhayan wau, upaminipun basa-basa wewengkon dalah kasusatranipun. Dados samangke saya cetha bilih perkawis wau saestunipun boten perlu dipun timbang-timbang malih, nanging sampun terang sanget dados satunggiling kuwajibanipun bangsa Indonesia sadaya. Tegesipun basa-basa wewengkon lan kasusatranipun kedah kita openi lan kita jagi, jalaran basa lan kasusatran wau saestunipun pancen sampun dados saperanganing kasugihanipun kabudhayan Indonesia.

Basa Jawi punika teksih gesang. Ingkang perlu dipun wigatosaken punika eguh pratikel punapa ingkang saged kangge ngunggar keremenan memaos lan nyerat basa Jawi? Manawi Basa Latin tuwin Basa Sanskerta ingkang dipun anggep basa ingkang sampun pejah kemawon punika teksih lestantun dipun openi jalaran mengku kasusastran ingkang inggil aosipun, lajeng punapa alanganipun manawi kita inggih tumut nglestantunaken lan ngopeni Basa Jawi, ingkang malah teksih gesang punika, jalaran ing Basa Jawi wau ugi mengku kasusatran ingkang sampun sepuh sarta inggil asosipun? Basa punika dados dhasar ingkang wigatos sanget tumrap kabudhayaning bangsa. Manawi kita taksih ngopeni lan ngajengaken kesenian wewengkon minangka salah satunggiling pangipun kabudhayan kita, lajeng punapa lepatipun manawi kita tumut ngopeni basanipun? Kita saestu badhe keduwung menawi wonten salah satunggaling basa wewengkon ingkang sampun boten dipun mangertosi sarta lajeng ical tanpa lari, amargi kawontenan mekaten wau ateges kecalan kabudhayan ingkang aosipun boten sakedhik tumraping kabudhayan Indonesia.

Manawi Basa Jawi ngantos ical, kita ugi badhe nandhang kapitunan ageng, amargi saperangan ageng kasugihaning kabudhayan kita ingkang sampun cetha luhur punika sami boten dipun ngertosi malih. Lajeng benjing sinten ingkang badhe saged suka pitedhah [nerangaken] utawi saboten-botenipun saged nyariyosaken bilih buku buku kina Jawi punika sejatosipun isi bab-bab ingkang wonten ing sadhengah wekdal tetep mujudaken bab-bab ingkang wigatos? Buku buku wau saestunipun pancen sampun isi katrangan bab piwulang ingkang edi peni sanget sarta wigatos kangge gegebanganing gesang kita, kadosta politik, tataning praja, kasusilan, kuwajibaning rakyat dhateng panuntun tuwin negarinipun, tangkeping panuntun dhateng rakyat, gelaring perang, tuwin sanes-sanesipun malih, sadaya punika sejatosipun inggih sampun dipun ngertosi para leluhur kita. Bab-bab punika wau ugi sampun kawrat wonten ing piwulang ingkang kapacak wonten ing buku-buku kina punika. Kalih welas warni pitutur ingkang sinengker ing salebeting Serat Sasanasunu rinaos sampun anyekapi kangge nuntun panguripaning manungsa lahir lan batin. Riptan susastra Jawi ingkang sinerat ing Wedhatama tuwin Wulangreh, upaminipun, isi piwulangipun sae lan teksih migunani minangka kangge gegebenganing ngaurip ing jaman modern samangke. Ing wusana, Pawartos Jawi muhung nuhoni pepanggil nedya amek geni adedamar, ngangsu kaweruh lan rerencang andum kaweruh ingkang awujud tetilaranipun para leluhur ingkang pethingan, supados kita sadaya boten ngantos wonten ingkang kecalan jati dhiri. Pancen rekasa sanget tur boten gampang, nanging manawi sadaya namung wani ing gampang wedi ing pakewuh, temtu badhe sami boten ketingalan wujudipun. Lha rak kojur kecemplung sumur ketiban susure simbah Nur. Sampun njih, Mastoni nuntun dhemit, eh nyuwun pamit.

Pareng ...

Labels:

Dewa Ruci: Tunggal Sawang Kartining Bawana

By Mastoni
Pawartos Jawi nyuwun pangestunipun para sutresna sadaya supados tetep jejeg jangkahipun mecaki lurung ingkang sangsaya rumpi sinartan jejibahan nglestarekaken lan ngrembakaken basa tuwin budhaya Jawa sanadyan kanthi keponthal-ponthal ngoyak jaman ingkang mlajeng nggendring.

Tumrap para ingkang remen olah kridha batin lan pangulir budi, wiwit sasi Juni punika pasugatan Pawartos Jawi ugi badhe ngrembag bab ingkang hangengingi kabatosan tuwin kautamaning budi kadosta piwulang ingkang tujuwanipun hanggegesang raosing kamanungsan ingkang tundhonipun sageda kula lan panjenengan sadaya dados tiyang ingkang migunakaken kekiyatanipun kangge rahayuning bebrayan ageng, boten sanes inggih lumeberipun rahayuning jagad punika.

Jer wajibing tiyang gesang punika wonten kalih prakawis, manawi boten sinau inggih mucal. Liripun sinau, inggih punika tansah ngudi undhaking kawruh lair lan batin. Liripun mucal, tansah aweh obor dhateng tiyang ingkang saweg nandhang kapetengan budi. Hewadene ingkang tansah dipunudi dening tiyang ingkang wicaksana inggih punika sageda nyumerebi cacadipun piyambak sarta mbudidhaya kados pundi amrih saenipun, punika katindhakaken saderengipun paring pamrayoga dhumateng asanes.

Tiyang wicaksana punika beda kaliyan tiyang ingkang pinter srawung lan tumindhak ajur-ajer ing madyaning bebrayan. Bobot sarta ajinipun sayekti anglangkungi katimbang moncering kawruh. Mila boten cekap namung sarana dibandhani pepaking ilmu-ilmu pangawikan kemawon, nanging sabageyan ageng malah sumendhe wonten ing anggenipun pinter srawung lan wor-woran kalayan sasaminipun, tanpa nyawang undha-usuking semat lan drajat punapa dene beda-bedaning kalungguhaning tiyang ingkang dipun srawungi.

Ajining manungsa punika boten amargi piyambakipun kadunungan wewatekan luhur lan kapinteran ingkang bebasan saged kangge njarah angin, nanging muhung dumunung ing pakarti anggenipun ngamalaken wewatekan lan kapinteranipun wau. Parandene pakarti ingkang bebasan tanpa aso, nanging manawi sinartan ing pamrih golek puji lan suwur, punapa dene ngantos ngalab donya brana punika dede nami ngamal. Pakarti ingkang makaten wau malah saged mbebayani tumraping bebrayan amargi alamipun ngandhut wisa tur malih ngangge kekudung naminipun tiyang akathah malih.

Satunggal-tunggalipun manungsa punika gesangipun sami katitik saking cipta, rasa, lan karsanipun. Sipating gesangipun manungsa warni tiga wau punika kenging kula tembungaken dhaya-dhayaning Pangeran ingkang dumunung wonten ing manungsa. Dados kewajibanipun manungsa gesang wonten ing donya punika sageda ngangge dhaya-dhaya wau miturut dhedhasaranipun piyambak- piyambak.

Karsa punika pentokipun dhateng panguwasa amargi manungsa punika manawi sampun saged mranata badhanipun piyambak inggih badhe saged mranata dhateng sakiwa tengenipun. Namung kemawon kawasa ingkang sampun kasalira manungsa punika wau kedah kangge angayomi awit dhedhasaring kodrat punika angayomi.

Rasa punika keplasipun dhateng katresnan, tegesipun manungsa kedah ngangge kekiyataning raos tresna dhateng sasamining ngagesang.

Cipta punika keplasipun dhateng kaweruh. Ananging manungsa kedah enget dhateng weting kodrat bilih kaweruh punika kedah tumuju dhateng pangurbanan, dados sepi ing pamrih ingkang ateges dhateng karahayon.

Manawi sadaya manungsa sami kersa menggalih saestu dhateng kamanungsanipun piyambak-piyambak, pinanggihipun tamtu angakeni bilih manungsa wonten ing alam donya punika ingkang sami dipun esthi dhateng begja. Ananging manungsa ugi kedah sami ngrumaosi bilih begjanipun manungsa punika inggih kalayan manungsa sanesipun. Pramila manungsa kedah hanetebi karukunan. Gesangipun kedah dipun runtutaken kaliyan tatananing kodrat ugi tatananing Pangeran.

Wiji punika sasampunipun thukul lajeng semi, mrajak, menthil, ngembang, awoh, nuli gogrog, wusananipun uwitipun lajeng garing. Makaten punika pepindhanipun uriping manungsa boten saged uwal saking kodrat. Mila mumpung kita teksih gesang, sumangga sami ngudi kasembadaning kawruh amrih saged marisaken woh lan wiji ingkang migunani tuwin boten mitunani.

Tatananing kodrat punika tumuju dhateng karukunan, sanes memengsahan, inggih punika dados manunggil [boten pepisahan], dhateng kajujuran [boten nakal-nakalan], dhateng begja umum [boten begja piyambak], dhateng panyambut damel sesarengan [boten unggul-unggulan], lan dhateng tulung-tinulung [boten mangsa bodhoa]. Manawi manungsa gesangipun mawi ngengeti dhedhasaran makaten mesthinipun boten lajeng manah badhanipun piyambak, nanging ingkang dados esthinipun wilujenganipun bebrayan. Gesangipun manungsa satunggal lajeng ateges gesangipun manungsa sadaya. Wohipun badhe damel begjanipun sadaya manungsa amargi ingkang wonten namung katresnan anebihi sesengitan.

Manawi dipun raosaken ingkang yektos, jagad punika saged anyekapi kabetahanipun manungsa, boten nate kekirangan. Wontenipun kasangsaran ingkang dipun sandhang dening manungsa punika sebabipun rak boten sanes kejawi lepating tatanan ingkang dipun damel dening manungsa piyambak. Lha ingkang 'kajibah' damel tatanan punika, tamtu tatananipun badhe kadamel miring [nguntungaken] dhateng badhanipun utawi golonganipun piyambak. Awit saking punika lajeng tuwuh kawontenan ingkang boten samesthinipun.

Anglampahi gesang ing bebrayan ageng punika tamtu asring kathah sandhunganipun, asring katatap-tatap utawi kedah wani kurban kekiyatan pikir, bandha tuwin sanes sanesipun. Ananging ingkang makaten wau sampun dados ubarampenipun tiyang ingkang olah kautaman anuju dhateng kaluhuran.

"Mung bae wekasing wang, ywa pegat teteki," makaten wulanganipun KGPA Mangkunegara IV. Sadaya tumindak punika pancen kedah linambaran teteki, tegesipun kedah mulat dhateng punapa ingkang dipun tindhakaken. Dados teteki ing ngriki boten ateges ngirangi tilem utawi tedha, nanging tansah mulata dhateng sakathahing tindak amargi manawi anggenipun nglampahaken boten mawi kawicaksanan, tuna dungkapipun sok inggih andrawasi. Mila mbokmenawi wonten pigunanipun kula ngaturaken welinging tiyang sepuh kados ing ngandhap punika:

Manungsa kudu nalangsa, tegese nalangsa iku dudu bungah, dudu susah, nanging wong kang prihatin. Tegese prihatin dudu cegah dhahar lawan guling, nanging nglanggengake rasa eling, mangesti marang kang mesti.

Manungsa kudu asarira bathara. Yaiku kahananing kedadeyan kabeh iki kudu percaya marang kang nglakoni. Kudu narima takdiring wiji, tegese aja durga mangangsa-angsa nanging tumindhaka kalawan saparenge.

Kudu taberi amarsudi purwaning dumadi, tegese apa kang den gayuh aja nganti nganggo ati lumuh, kudu sarana dilakoni. Dene saranane laku iku ana rong prakara yaiku kudu tlaten lawan taberi [sregep]. Tlaten iku kenane saka sethithik, taberi tegese aja medhot olehe anindhakake.

Witing urip kudu ngerti bibit kang gaib. Tegese gaib ora dumunung neng bumi langit, ora sumlempit ing beslit, ora kalempit ana ing jarit, ora kacarub wilanganing dhuwit, nanging kudu titi papan karempit pitakon kang luwih tertib. Yen wus winangsit aja nganti morat marit. Sinimpen ing 'guwa' wingit, kena kawedharake yen nocogi karo kapreluwane. Kudu eneng, ening, awas, eling [rasa rumangsani], wanuh wani kudu wuninga. Cetuk cetak kudu kang cetha. Temen temu kudu kang tekan.

Wohipun tiyang kersa migatosaken kawontenan punika temtu badhe gesang raosipun, kagigah raosipun lajeng purun ngraosaken dhateng kawontenan. Manawi sampun gesang raosipun, padhatanipun lajeng tuwuh niyatipun tumut hangrencangi kadumugening sedya memayu hayuning gesang ing satengahing bebrayan ageng.

Manungsa punika kedah nyumerebi dhateng kodratipun, makaten kawontenanipun, inggih punika;

Sapisan, manungsa punika gadhah badhan wadhag. Badhan wadhag punika gadhah gesang piyambak manut wetipun anasir.

Kaping kalih, manungsa punika gadhah badhan ingkang winastan badhan urip. Nanging sampun klentu ing panampi, badhan urip punika boten wujud anasir, boten kasat mripat, nanging wujud dhaya ingkang ngebahaken rah, nata lampahing ambegan, dhaya ingkang gegandhengan kaliyan tangkar tumangkaring manungsa.

Kaping tiga, manungsa punika gadhah badhan ingkang dipun wastani badhan pangrasa inggih boten kasat mripat, wujudipun kados dene sorot. Punika dados wadhahipun rasa lan cipta [sisah, tresna, dereng, karep ingkang taksih semang lsp].

Kaping sekawanipun, manungsa punika gadhah aku, tegesipun manungsa punika saged mastani badhanipun piyambak Aku. Wonten ingkang mratelakaken samangsa manungsa punika sampun nyumerebi badhanipun piyambak inggih badhe nyumerebi Pangeranipun.

Manungsa punika tamtu sami ngakeni bilih gesangipun punika nggadhahi nyawa [suksma]. Dados glegering tiyang punika wonten kalih perangan, inggih punika badhan wadhag ingkang asipat kasar tuwin suksma ingkang asipat alus. Sampun limrah bilih tiyang punika remen menggalih gesangipun. Tumrap wadhagipun ingkang limrah sampun boten dados penggalih malih. Dene ingkang asring dipun grejahi inggih punika pun suksma ingkang asipat alus boten kasat mripat. Penggalih makaten wau lajeng asring nuwuhaken pitaken kados pundi manjingipun, manggen utawi dunungipun suksma punika wonten ing raga lan kados pundi kesahipun suksma punika.

Makaten wau pancen inggih prelu dipun grejahi jalaran saged ngindhakaken kawruh ingkang badhe saged murakabi dhateng gesangipun. Menggah panulusuripun kedah dipun kanteni sarana migunakaken nalar lan pikiran kanthi adhedhasar kawontenan tuwin kanthi katandhing kaliyan pengalaman.

Manut kanyataning ingkang kasat mripat, dumadining manungsa punika mapan wonten ing guwa garbaning biyung karana pulang asmaraning yayah-rena awit saking paguting raos tresna peparinganing Pangeran. Kanyatan ingkang kasat mripat punika njalari tuwuhing tetembugan bilih wong tuwa punika amung kinarya lantaring tumuwuh. Manawi namung kangge lantaran kemawon, mesthinipun wonten ingkang dhawuh utawi kuwaos nglantaraken wiji gesang wau.

Katrangan punika minangka paseksen bilih bab ingkang kaudhal punika mboten namung mligi ingkang wonten utawi kasat mripat kemawon. Nanging panulusuripun sageda kabablasaken ngantos bebles dhateng bab ingkang manut muluring penggalih kakinten-kinten wonten. Kanthi pancadan lampahing gagasan kasebut pramila isining kasusastran Jawi katuwonipun ngandhut unsur-unsur filsafat. Kawruh filsafat mekaten ngrembag bab ingkang wonten sarta ngrembag bab-bab ingkang kakinten-kinten wonten pinanggih ing nalar.

Suksma makaten ingkang murugaken utawi ingkang nggesangi badhan wadhag. Dados manawi wadhag punika boten kapanjingan suksma, tamtu boten badhe saged gesang. Samangke mangga sami dipun penggalih kawontenan ingkang sampun kalimrah, punapa dene dumados wonten kalanganing tiyang bebrayan sadonya bilih bayi ingkang saweg lair saking guwa garbaning biyung punika tamtu nangis.

Manawi wonten bayi lair boten kanthi nangis, punika tamtu ginanggu utawi wonten sababipun. Tiyang sepuhipun tamtu lajeng enggal enggal pados akal lan ngreka dhaya supados bayi wau sageda enggal nangis. Wonten cara ingkang sampun kalimrah tumrap umum, manawi wonten bayi lair boten nangis, punika lajeng dipun gebrag, prelunipun supados kaget lajeng nangis. Wonten malih cara dusun, bayi wau dipun interi wonten ing tampah. Makaten cara tuwin reka dhayanipun. Tiyang sepuh ngretos lan gadhah kapitadosan bilih tangising bayi ingkang saweg lair punika dados pratandhaning anggenipun nyata gesang. Dene manawi boten nangis dipun kuwatosaken manawi pejah. Mila inggih sampun leres manawi lajeng ngreka dhaya supados bayi wau tumuntena saged nangis.

Wontenipun bayi lair procot lajeng nangis, punika tamtu inggih wonten sababipun. Bayi punika anggenipun dedunung utawi manggen wonten ing guwa garbaning biyungipun ingkang limrah watawis sangang sasi. Wekdal sangang wulan wau klebet dangu. Sampun dados wataking tiyang gesang, punapa kemawon ingkang dipun alami punika tamtu dados pakulinan. Dene pakulinaning manggen wonten ing satunggaling papan, punika tamtu lajeng nuwuhaken raos kraos.

Lha tiyang punika manawi sampun kraos anggenipun dedunung wonten satunggaling papan, mangka lajeng kapeksa kedah pindhah dhateng papan sanesipun, ing ngriku limrahipun lajeng nuwuhaken raos kaget. Upaminipun tiyang ingkang sampun kulina lan kraos manggen wonten ing papan ingkang hawanipun benter, lajeng pindhah dhateng papan ingkang hawanipun asrep, punika inggih kathah ingkang kaget. Kagetipun wau, umpaminipun kemawon, lajeng murugaken raos sakit. Makaten tuwin sanes-sanesipun.

Tumrap bayi inggih boten beda. Lair punika ugi ateges pindhah dhateng panggenan ingkang beda sanget kawontenanipun kaliyan panggenan ingkang dipun dunungi sakawit inggih punika guwa garbaning biyungipun. Nalika lair mak bruwol, pun bayi lajeng kraos kaget, umpaminipun kemawon kaget anggenipun lajeng klebetan hawa ambegan. Kaget makaten tumrap bayi lajeng murugaken nangis. Tangis punika dados lintuning wicantenan ingkang kangge nglairaken raos boten seneng, emoh, boten cocog. Makaten wau sampun dados cithakan tumrap saben bayi. Bab punapa kemawon ingkang boten dipun senengi lan boten dipun cocogi, pun bayi tamtu lajeng nangis, upaminipun kraos ngelak, luwe, sakit, lsp.

Tangis ateges kangge nglairaken raos minangka lintuning wicanten. Tumrap ingkang gegayutan kaliyan dhaya alus, umpaminipun manawi ing wanci dalu wonten durjana ingkang nggadhahi sedya awon, adatipun bayi inggih lajeng nangis. Mila makaten awit bayi taksih murni, pangraosipun teksih landhep saged ngraosaken gegetering dhayanipun tiyang sanes. Gegetering dhaya ingkang nggadhahi kajeng boten sae wau tumrap bayi inggih boten nyenengaken lan boten cocog, mila lajeng nangis.

Dados tangising bayi lair punika boten ateges bilih punika dados pratandhaning nalika manjing suksmanipun. Tiyang sepuh inggih saged nangis, manawi makaten tangis wau pancen sampun kinodrat dados pirantosipun tiyang wiwit lair ngantos dumugi sepuh minangka sarana kangge nglairaken raos.

Lajeng samangke kados pundi manjingipun suksma dhateng bayi? Ing wadhah bayi punika wonten uritanipun [tigan-wijil], punika sampun kadunungan utawi kasamadan gesang. Manawi wiji saking wanita kempal kaliyan wiji saking priya saged mahanani dados jabang bayi. Menggah kempaling wiji ingkang saged dados bayi punika manawi kadhayan tiyang kekalih wau. Dene ingkang kawastanan dereng, inggih amargi serenging karsa ingkang sinartan [kaworan] raos sengsem, utawi gampilipun katembungaken dereng kapincut.

Tempuking karsa antawisipun priya lan wanita punika nuwuhaken pletik [pletiking kaalusan]. Inggih pletik wau ingkang lajeng manjing anglimputi [campur] kempaling wiji punika temahan dados suksmanipun bayi ingkang dados wau. Dene kempaling tigan utawi wiji lajeng dados badhan wadhagipun.

Derenging karsa ingkang kaworan sengsem [kapincut] antawisipun priya lan wanita punika limrahipun boten sami kekiyatanipun, saged ugi kiyat derenging kakung, saged ugi kiyat derenging wanita. Manawi tempuking derenging karsa kiyat ingkang saking kakung, punika temahan badhe dados lare estri. Kosokwangsulipun manawi derenging sengsem wau kiyat ingkang saking estri punika dadosipun lare badhe lair jaler. Dene manawi derenging sengsem wau sami dene kiyatipun punika badhe mahanani lairipun bayi kembar.

Saklajengipun bab manjinging suksma wonten ing raga, punika boten wonten ing nglebet lan inggih boten ngurungi wonten ing njawi. Nanging suksma lan raga wau sami apepuletan limput-linimputan. Gampilipun kenging katembungaken kados dene kelet mawa ancur [lem kadamel saking deplokan beling utawi pecahan kaca]. Tumrap tiyang ingkang ngudi kawruh ulah kabatosan, punika sagedipun nyatakaken kasunyataning jiwa utawi suksma manawi 'raos' saged dumunung wonten antawisipun pepulatenning raga kaliyan suksma.

Suksma punika limrahipun asring katembungaken dados dhalangipun, raga katembungaken minangka wayangipun utawi ringgitipun. Ebah makartining wayang saking pun dhalang. Manawi suksma taksih tetemplekan kaliyan raga, punika ingkang dipun namakaken 'kawula'. Dene manawi suksma pisah kaliyan raga manunggil kaliyan ingkang asipat gesang, punika lajeng limrahipun kanamakaken 'gusti'.

Limrahipun tiyang punika kepingin lan ngudi sagedipun nyumerebi kasunyataning alus utawi suksmanipun. Miturut ingkang sampun nate kula alami, makaten wau sagedipun dumados [kaleksanan], inggih punika nalika kula 'nggadhahi raos boten tresna babar pisan dhateng badhan kula piyambak. Sampun klentu ing panampi, katrangan sampun boten nggadhahi katresnan babar pisan dhateng badhanipun piyambak punika tumrap Serat Dewa Ruci mbokmanawi kemawon cocog kaliyan ungel-ungelan: "Cekake manungsa puniki, patoke wani pejah; lamun wedi lampus, sabarang nora tumeka."

Wani pejah ateges wani kecalan badhanipun piyambak. Boten nresnani badhanipun piyambak ateges boten eman, lila lan ikhlas manawi badhanipun wau dados kados pundi kemawon boten prelu dipun suntik silikon grana lan payudharanipun, boten prelu dipun semir pirang rekmanipun, lsp. Dados sampun boten nresnani badhanipun piyambak ugi ateges lila ing pejahipun utawi wani mati [sajroning urip].

Sakawit menggah njedhuling raos makaten tuwin temahanipun teka lajeng murugaken saged nyumerebi jiwa kula piyambak wau saestunipun boten kaliyan kula jarag, nalika semanten kula namung ngleresi prihatos, manah badhe ngleksanani pitedhahing bapa panuntun kula bilih tiyang punika kedah ngolah gesangipun. Nanging dangu-dangu lajeng asring saged kaleksanan malih sarana kula sedya, inggih sarana nisihaken [ngicali] raos tresna dhateng badhan kula piyambak kanthi sinartan menebing pikiran. Dene anggen kula nggadhahi pamanggih bilih kaleksananipun sarana ngicali katresnan wau, manggihipun inggih sasampunipun kaleksanan nyumerebi kanthi mboten njarag wau.

Manawi dipun tekakaken suksma puika kados pundi wujudipun? Ing nalika kawitan, manut pengalaman lan rumaosing sesawangan kula, pun suksma punika rupenipun inggih kados kula piyambak tuwin werninipun kados dene salju. Makaten punika kula piyambak inggih lajeng katuwuhan raos pitaken "Apa ya kaya aku tenan ta kuwi?" Salajengipun sareng kula saged namataken, miturut raos lan sawangan kula, jebul boten kados kula. Ing ngriku rumaos kula tan agrana tan anetra, tan kakung tan wanodya tan wandu.

Katrangan bab kepanggih kaliyan suksmanipun piyambak wau mbokmanawi mor misah kemawon kaliyan babaring cariyos Dewa Ruci. Dewa Ruci kapindhakaken kaliyan Werkudara [namung kadamel langkung alit ingkang limrahipun kawastanan Dewa Bajang], lajeng paring wejangan dhateng Werkudara. Dados manawi makaten Dewa Ruci wau dados gurunipun Werkudara ingkang sejati kasebat Sang Guru Jati ya sejatining guru, inggih gurunipun saben tiyang.

Kados ingkang sampun kababar ing ngajeng, suksma punika dunungipun wonten ing raga tan kajaba tan kajero boten wonten ing lebet boten wonten ing njawi, nanging anglimputi wadhag apepuletan, nemplekipun kadosdene mawi lem. Salajengipun manawi tiyang pejah, inggih punika suksma pisah kaliyan raganipun, punika jalaran lem ingkang ngeletaken wau sampun boten kiyat anggenipun nggondheli.

Wonten ing jagading ulah kabatosan, bab Manunggaling Kawula Gusti punika limrahipun dados gegebengan [cepengan] ingkang wigatos sanget, tansah dados reraosan lan tansah dados bahan pirembagan, langkung-langkung wonten ing kalanganing para pinisepuh. Bab kawruh jumbuhing kawula Gusti wau limrahipun kaperang dados kalih. Ingkang kawitan aran Warangka Manjing Curiga. Ingkang kaping kalihipun Curiga Manjing Warangka.

Warangka punika wadhahipun dhuwung utawi keris, pikajenganipun inggih punika alusing raosipun manungsa minangka wadhahing Suksma. Hewadene curiga ateges wilahaning keris, pikajenganipun isinipun inggih punika kaalusan suksmaning manungsa ingkang nunggal kawontenan kaliyan dzatipun Pangeran. Menggah gathuking kalih-kalihipun wau limrahipun dipun wastani sapatemon kaliyan Sang Guru Jati.

Sarehning kawruh manunggaling kawula Gusti wau sampun misuwur [lan kaprah] tumraping umum, ing ngriki ugi prelu kawedharaken supados sageda muwuhi undhaking kawruh lan seserapan sawatawis. Minangka tuladha kangge nggambaraken kawruh manunggaling kawula Gusti ingkang wau saweneh wonten ingkang ngandharaken kanthi kawujudaken cariyos wayang, inggih punika lampahan Dewa Ruci.
Sekedhik kemawon ingkang badhe kula aturaken wonten ing ngriki, lowung saged damel lelimbangan. Supados mboten ngambra-ambra, becik dipun wiwiti saking nalika Werkudara saged kepanggih banjur pikantuk wejangan saking Dewa Ruci, ingkang dados sanepanipun Sang Guru Jati. Sinawung ing tembang Dhandhanggula:

"Lah ta mara Wrekudara aglis, lumebuwa guwa garbaningwang, kagyat miyarsa wuwuse. Wrekudara gumuyu, sarwi angguguk turira aris, dene paduka bajang, kawula geng luhur, inggih pangawak prabata saking pundi margane kawula manjing, jenthik mangsa sedhenga.

Angandika malih Dewa-ruci, gedhe endi sira lawan jagad kabeh iki saisine, kalawan gunungipun, samodrane alase sami, tan sesak lumebuwa guwa garbaningsun, Wrekudara duk myarsa , esmu ajrih kumel sandika tur-neki, mengleng sang Ruci-dewa.

Iki dalan talingan-ngong kering. Wrekudara manjing sigra sigra, wus prapta ing jro garbane, andulu samodra gung, tanpa tepi nglangut lumarib, leyeb adoh katingal, Dewa ruci nguwuh, heh apa katon sira, dyan sumaur sang Sena inggih atebih, tan wonten katingalan.

Awang-awang kang kula lampahi, uwung-uwung tebih tan kantenan, ulun saparan-parane, tan mulat ing lor kidul, wetan kilen datan udani, ing ngandhap nginggil ngarsa, kalawan ing pungkur, kawula boten uninga, langkung bingung ngandika sang Dewa-ruci, haywa maras tyasira.

Byar katingal ngadhep Dewa-ruci, Wrekudara sang wiku kawangwang, umancur katon cahyane, nulya wruh ing lor kidul, wetan kilen sampun kaeksi, nginggil miwah ingandhap, pan sampun kadulu, apan andulu baskara, eca tyase miwah wiku kaeksi, aneng jagad walikan.

Dewa-ruci suksma angling malih, payo lumaku andeluluwa, apa katon ing dheweke, Wrekudara umatur, wonten warni kawan prekawis, katingal ing kawula, sadya kang wau sampun datan katingalan, amung kawan prekawis ingkang kaeksi, ireng bang kuning pethak.

Dewa suksma ruci ngandika ris, ingkang dingin sira anon cahya, gumawang tan wruh arane, panca maya puniku, sajatine ing tyas sayekti, pangareping sarira, tegese tyas iku, ingaranan Mukasipat, kang anuntun marang kang linuwih, kang sejatining sipat.

Mangka tinulak haywa lumaris, awasena rupa aja samar, kawasane tyas empane, wit tingal ing tyas iku, anengeri marang sajati, eca sang Wrekudara, amiyarsa wuwus, lagya medem tyas sumringah, dene ingkang abang ireng kuning putih, iku durgamaning tyas.

Pan isining jagad amepaki, iya ati kang telung prakara, pamurunge laku dene, kang bisa pisah iku, mesti bisa amor ing gaib, iku mungsuhe tapa, ati kang tetelu, abang ireng kuning samya, ingkang nyegah cipta karya kang lestari, pamoring Suksma mulya.

Lamun nora kawileting katri, yekti sida pamoring kawula, lesatri ing panunggale, poma den awas emut, durgana kang mungging ing ati, pangwasane weruha, siji sijinipun, kang ireng luwih prakosa, panggawene asrengen sabarang runtik, andadra ngombra ombra.

Iya iku ati kang ngadangi, ambuntoni marang kabecikan, kang ireng iku gawene, dene kang abang iku, iya tudhuh napsu tan becik, sakehing pepenginan, metu saking iku, panas-ten panas-baranan, ambuntoni marang ati ingkang eling, marang ing kawaspadhan.

Apa dene kang arupa kuning, kawasane nanggulang sabarang, cipta kang becik dadine, panggwe amrih tulus ati kuning kang ngadhang ngadhangi, mung panggawe pangrusak, binanjur jinurung, mung kang putih iku nyata, ati anteng mung suci tan ika iki, prawira ing karaharjan.

Amung iku kang bisa nampani, ing sasmita sajatining rupa, nampani nugraha nggone, ingkang bisa tumaduk, kalestaren pamoring gaib, iku mungsuhe tiga tur samya gung agung, balane ingkang titiga, kang aputih tanpa rowang amung siji, marma anggung kasoran.

Lamun bisa iya nembadhani, marang mungsuh kang telung prakara, sida ing kono pamore, sengkud pamrihipun, sangsaya birahinira, saya marang kawuhusaning ngaurip, sampurnaning panunggal."

Inggih kados makaten kalawau gambaraning kawruh bab jumbuhing kawula Gusti ingkang kababaraken ing cariyos wayang lampahan Dewa Ruci. Katrangan ing nginggil wau nggambaraken tumindakipun tiyang ingkang nglampahi semadi ingkang sampun dados, sampun saged mbikak warananing (aling-alinging) gaib kanthi ngawonaken panggodhaning hawa napsu [hawa angkara murka].

Sang Werkudara saged sapatemon kaliyan Sang Guru Jati [iya gurune dhewe kang sejati] kalawan sampurna. Sampurnaning sapatemon dipun gambaraken wonten ing lelampahan Werkudara anggenipun wawan rembag kaliyan Dewa Ruci. Kosokwangsulipun sapatemon ingkang dereng sampurna, punika saged kepanggih kaliyan Sang Guru Jati wau, namung kemawon boten saged wawan rembag, umpaminipun namung saged nyumerebi, wonten malih saged kepanggih nanging namung saged nampeni dhawuhipun kemawon, boten saged pitaken lan mboten saged matur punapa punapa.

Samangke badhe kula aturaken bacuting tembang ingkang mratelakake bab sambung rapetipun manungsa kalayan gaibing urip sejati, inggih ingkang anglimputi sakalir.

"Yen makaten ulun boten mijil, sampun eca neng ngriki kewala, datan wonten sangsayane, tan niyat mangan turu, boten arib boten angelih, boten ngraos kangelan, boten ngeres linu, amung nikmat lan mupangat, Dewa-ruci ling ira tan keni, yen ora lan antuka.

Sangsaya sihira Dewa-ruci, marang kang kaewasihing paneda, lah iya den awas bae, mring pamurunging laku, haywa ana kamireki, den bener den waspadha, panganggepireku, yen wis kasikep ing sira, haywa amung den parah yen angling, iku reh pipingidan.

Nora kena lamun den rasani, lawan sasamaning pra manungsa, yen ora lan nugrahane, yen ana nedya padu, angrasani rerasan iki, becik den kalahana, ywa kongsi kabanjur, haywa ngadekken sarira, lan ywa kraket marang wisayaning urip, balik sikepen uga.

Kawisayan ingkang makripati, den kahasta pamantenging cipta, rupa ingkang sabenere, sinengker baweneku, urip datan ana nguripi, datan ana rumangsa. Ing kahananipun, uwis ana ing sarira, tuhu tunggal sasana lawan sireki, tan kena pinisaha.

Dipun weruh sangkanira nguni, tunggal sawang kartining bawana, pandulu lan pamiyarsane, wis ana ing sireku, panduluning suksma sejati, pan datan mawa netra, pamiyarsanipun iya datan lawan karna, netranira karnanira kang kinardi, iya wis aneng sira.

Lahiring suksma aneng sireki, batining suksma uga neng sira, mangkene ing pralambange, kadi wreksa, tinunu ananing kang kukusing hagni kukus kalawan wreksa, lir toya lan alun. Kadya lisah lawan powan, raganira ing reh obah lawan mosik, yekti lawan nugraha.

Yen pamoring kawula lan gusti, lawan suksma kang sinedya ana iya aneng sira nggone, lir wayang sarireku, saking dhalang polah ing ringgit, minangka panggung jagad, kelir babadipun, amolah lamun pinolah, sapolahe kumedhep lawan ningali, tumindak saking dhalang."

Ngantos dumugi semanten rumiyin bacuting tembang wau, sapunika prelu mawas ingkang dados isi lan wigatosipun. Wosing tembang wau mahyakaken manawi manungsa sadaya punika sayektosipun inggih mbabaripun urip ingkang anglimputi sakalir [Pangeran] piyambak. Mila dipun tembungaken "Wis ana ing sarira, tuhu tunggal sasana lawan sireki, tan kena pinisahna".

Ing layang Tajusalatin, babaran kawruhipun Imam Bukhori ing Johor, ingkang sampun ginubah lan dipun jarwakaken nyebataken kados makaten ungelipun, "Pan sampun kocap ing dalil, barang kang mujud iki, kabeh kanyatan tuhu, jenenging ayamalolah, haywa ta sira mungkiri."

Syeh Siti Jenar, salah satunggaling wali ingkang kondhang bontosing nglemu kabatosanipun, anggadhahi gegebengan makaten: "Ngolati punapa malih, nora nana liyan-liyan, apan apes salawase, anging Allah ingkang Tunggal, ya jisim iya Allah, tokid tegese puniku, apan Tunggal kajatenya."

Ing layang Centhini mratelakaken wejanganipun Syeh Rogoyuni dhateng Syeh Amongraga, makaten: "Rampung cukup wus aneng kita, suhul jumbuh kita lan dzating Widdi, wahuwa wajibul wujud, sami kahananira, kadya banyu lan toya pan saminipun, mung sanes basa kewala, napining Hyang napi mami.

Wonten malih ingkang pantes kangge limbangan, inggih punika wejanganipun Sunan Giri, sinawung ing tembang Sinom: "Njeng Sunan Siri ngandika, mungguh artine kang yekti . Allah pan jatining aran, liring wujud mokal ninggih, Pangeran kang sejati, liring wujud Hilapi-ku, jatining warna rupa, dene aran rohilapi, iku sejatine iya urip kita."

Salajengipun Sunan Giri ngyakinaken: "Istingarah tan kajaba, istingarah tan umanjing, istingarah tan kawedal, tan kajero istingarah ing, sayekti luwih gaib, tan owah gingsir puniku, langgeng tanpa karana, kang jumeneng ki Rohani, apa rupanira duk nalikeng donya". Minangka kunci wonten pangandikanipun para pinisepuh ingkang wignya ing agal-alus makaten: "Sing sapa weruh marang awake dhewe, iku prasasat weruh Pangeran."

Makaten pathining ngelmu gegebanganing para linuwih ingkang tansah ngolah batosipun. Sadaya wau boten sanes ateges paring ancer-ancer dhateng sasamining manungsa: "Manawa padha nggambarake, padha ngganta, padha mikir, padha nggagas kahananing Gusti Allah lan kanyatane aja nganti kleru ener, aja nganti blawur, aja nganti kabandha dening tetembungan yen dirasa saklebatan sajake Pangeran iku manggon dhewe, pisah karo alam donya, pisah karo manungsa, upamane tetembungan 'Gusti Allah iku ana ing swarga', 'Bali marang panayunaning Pangeran', lll. "

Tetembungan makaten wau manawi kirang patitis anggenipun menggalih lan anggenipun nyuraos, tamtu kemawon badhe nggampilaken thukuling klentu ing pangira. Jalaran lajeng saged nuwuhaken gambaring pikiran, manawi Gusti Allah punika sajake kados tiyang punika, inggih sajak pinarak wonten ing panggenan ingkang sae lan sekeca sanget, sajak ya sok takon barang. Suksmanipun tiyang ingkang sampun seda, sajake banjur sowan marak ana ngarsane. Makaten salajengipun manawi ta ngantos klentu anggenipun nampi lan nyuraos tembung-tembung ingkang nyebataken bab ingkang magepokan kaliyan wontenipun Pangeran.

Wonten tetembungan wigatos sanget ingkang saged kangge gujengan manawi tiyang badhe remen olah kabatosan lan badhe nggayuh murih sanged ngraosaken lan mangertosi dhateng gaibing Pangeran, punika 'Pangeran kuwi ora arah ora enggon, tan kena kinaya ngapa, ora kakung ora putri lan uga ora banci'. Tembung ora arah ora enggon, ateges anglimputi sakalir, ing ngendi endi bae ana. Awit saking punika uriping manungsa ugi kalimputan ing dzating Pangeran. Mila ing wejanganipun Dewa-ruci katembungaken tan kena pisahna.

Limrahipun banjur sok wonten pitaken: "Manawi Pangeran punika sejatosipun sampun nunggal [anglimputi] manungsa, kenging punapa manungsa kok teksih sami ngudi sagedipun manunggal?" Wonten malih pitaken makaten: "Manawi Pangeran punika ugi sampun tunggal kahanan kaliyan wujuding manungsa, kenging punapa manungsa kok boten nggadhahi panguwasa kados Pangeran, punika rak nggih mokal?"

Pitaken kados makaten wau leres sanget. Jalaran ngangge waton wantah, tegesipun miturut nalar: mesthinipun rak ngaten. Inggih wonten ingriki ingkang prelu dipun saring, prelu dipun raosaken kalayan tandhes. Kawontenaning gesang punika gaib [alus, samar], mila katembungaken tan kena kinaya ngapa. Awit saking sadaya tetembungan ingkang kangge mratelakaken alusing urip, boten kenging manawi lajeng dipun suraos kadosdene tetembungan ingkang gegayutan kaliyan kawontenan ingkang maujud ing ngalam donya utawi ingkang kenging ginayuh dening pikiran. Words cannot describe everything. Words are only descriptions of a reality that needs to be experienced.

Makaten ancer-anceripun manawi badhe nyuraos, rehing gaib, tembung anglimputi ingkang ugi ateges nunggal wau, boten kenging manawi lajeng dipun emperaken kados dene toya ingkang kawoworan sumba, dipun emperaken toya wau temtu saged ngabangaken punapa kemawon. Wontening tetembungan jumbuh, manunggal utawi ngelmu panunggalan punika sampun lajeng dipun suraos lan dipun emperaken kaliyan manunggiling barang kalih. Hananging kedah dipun suraos minangka ngudi supados saged mangertosi lan ngyakinaken gaibing Pangeran kanthi kaalusane.

Dene bab gandhenging panguwasanipun Pangeran kaliyan uriping manungsa ingkang linimputan mau, teksih mawi warana [aling-aling] gaib, ugi dumunung wonten ing angganing manungsa piyambak. Aling aling wau saged dipun lingkah, upamanipun kanthi srana semadi, kanthi srana tarak brata. Manawi manungsa sampun saged mbikak warana wau, ingriku bakal saged kaluberan panguwasaning Pangeran. Dene kathah sakedhikipun panguwasa kang kaluberaken wau, gumantung kaliyan kiyating pakartinipun manungsanipun piyambak.

Pramila punika ingkang dipun wastani jalma linuwih ing donya punika inggih ugi ngangge trap-trapan, ngangge undha-usuk wiwit saking ingkang mamung angsal kaluwihan sekedhik ngantos dumugi ingkang kathah sanget. Makaten gegambaran ingkang saged kangge pepindhan lan kenging kangge ancer-ancer.

Awit saking punika, manawi manungsa badhe manembah lan badhe ngudi dhateng gaibing Pangeran, ingkang langkung wigatos inggih sarana ngolah badhanipun piyambak, kanthi ngolah pikiran, pangrasa lan pakartinipun piyambak, sarana mbangun bebuden luhur, nindhakaken pakarti ingkang sae lan remen atul tlaten nindhakaken sembahyang, semedi utawi manekung.

Dene kuncinipun inggih punika pikir lan manah ingkang tansah eling marang sedyanipun murih sampun ngantos benceng ceweng, dados kedah fanatik [sampun ngantos gampil kapilut ing pamurunging laku]. Inggih muluring gagasan ingkang kados makaten kalawau mbokmanawi ingkang lajeng nglambari penggalihipun PB IV paring panutan dhateng putra wayahipun ingkang kapacak ing Wulang Reh:

" Nora gampang wong ngaurip, yen tan weruh uripira, uripe padha lan kebo, angur kebo dagingira, kalal yen pinangana, pan manungsa dagingipun, yen pinangan pasthi karam."

"Poma-poma wekas mami, anak putu aja lena, aja katungkul uripe, lan aja duwe kareman, marang pepaes donya, siyang dalu dipun emut, yen urip manggih antaka."...

'Sayekti wajib rumuhun, angrawuhi ing sarira..."

Manawi sampun ngretos dhateng kajatening pribadinipun piyambak, inggih badhe ngretos sinten ingkang nguwaosi jagad punika. Ingkang makaten punika njiyat pantoging pamanggih bilih titah supados ngrumaosi yen wonten ingkang hanitahaken. Lan sadanguning tumitah, sumanggem ngemban tanggel jawab dhateng kuwajibaning titah rehne rumaos sampun dipun titahaken.

Lajeng manawi badhe ambyur anglampahi gesang ing satengahing bebrayan ageng, punika sejatosipun kedah kados pundi? Gesang punika sejatosipun gampil, jer sampun saged lan kersa ninthingi, nyinaoni, nindhakaken lan ngamalaken kalih prakawis, inggih punika saged lan kersa tansah nyenyuwun pangapunten dhumateng sok sintena kemawon lan saged lan kersa tansah paring pangapunten dhumateng sok sintena kemawon. Nuwun.

Cuaca Bandung

bloguez.com

Ingkang Rawuh

Madosi ing Blog

Loading...

Nepangaken

My Photo
Bandung, Jawa Barat, Indonesia
Hanya 'tuk sharing Silahkan berkunjung ke Wayang Prabu http://wayangprabu.com

Followers