Sesrawungan

Kawedharaken dening Mas Suryo Mataram



Sarehne cara gesanging tiyang punika gegrombolan, mila tiyang punika mesti sesrawungan kaliyan tiyang sanes. Kajawi sesrawungan kaliyan tiyang sanes, tiyang punika ugi sesrawungan kaliyan barang-barang. Dados tiyang punika sesrawungan kaliyan tiyang sanes lan kaliyan barang-barang.

Sarehne tiyang punika gadhah pikiran, mila sakecaning tiyang wonten nggen sesrawungan, yen tiyang ngertos dhateng sesrawunganipun utawi lelawananipun. Yen ngertos dhateng lelawananipun, tiyang punika kraos sekeca, jalaran tindakipun leres, lan yen boten mangertos dhateng lelawanipun, tiyang punika kraos boten sekeca, jalaran tindakipun lepat. Dados sekeca utawi boten sekeca wonten nggen lelawanan, punika namung miturut ngertos utawi boten ngertosipun.

Upami lelawanan kaliyan latu. Yen mangertos dhateng latu yan sawateg-wategipun, tiyang lajeng kraos lan merdhika lelawanipun kaliyan latu, jalaran tindakipun lajeng leres. Tiyang lajeng boten tumindak sengaja nyepeng latu, jalaran latu dipun cepeng punika mlonyohaken tangan.

Yen dumadakan lan boten sengaja tiyang tumindak nyepeng latu lan lajeng tanganipun mlonyoh, tiyang raosipun inggih sekeca. Sekeca ing ngriki boten ateges sekeca anggenipun mlonyoh lan anggenipun mlonyoh raosipun inggih sakit, nanging sekeca tegesipun boten nglepataken latu. Dados mangertos punika murugaken merdhika.

Mila tiyang punika saged masesa barang-barang ingkang sampun dipun mangertosi. Mangertos dhateng angin lan sawateg-wategipun, tiyang lajeng saged migunakaken angin wau dipun purih nglampahaken baitanipun lan sapanunggalipun. Mila jenis manungsa punika kenging dipun wastani ngratoni jagad.

Makaten ugi lelawanan kaliyan tiyang sanes, tiyang anggenipun kraos sekeca, yen mangertos dhateng tiyang sanes. Murih mangertos dhateng tiyang sanes, tiyang punika langkung rumiyin kedah njawab dhateng pitakenan: "Tiyang punika punapa?" Tiyang punika barang ingkang wonten raosipun.

Mila kangge tiyang raos punika langkung penting. Malah barang-barang punika kangge nyakecakaken raosipun. Mila pokokipun tiyang punika raos. Yen wonten wewujudan mbegogok mawa sirah, gembung, tangan, suku, kuping, irung, lsp nanging yen tanpa raos, punika namanipun bathang. Sanajan raos-raosing tiyang punika kathah sanget, nanging raos-raos wau ingkang pokok kenging dipun perang dados kalih perangan, inggih punika sekeca lan boten sekeca. Dados tiyang punika raos.

Dados murih sekeca lelawanipun kaliyan tiyang sanes, tiyang punika perlu sumerep raosipun tiyang sanes. Jalaran kajawi lelawanan prakawis barang-barang, tiyang kaliyan tiyang sanes punika ugi lelawanan prakawis raos. Yen boten sumereb raosipun tiyang sanes, tiyang lajeng boten sekeca lelawanipun kaliyan tiyang sanes.

Lelawanipun boten sekeca punika awujud sulaya. Tiyang sulaya yen nggrombol-nggrombol, lajeng dados perang. Dados boten sumerep dhateng raosipun sanes punika murugaken perang. Perang punika wujudipun warni-warni. Bedhil-bedhilan punikaperang, lan pisuh-pisuhan punika inggih perang, lan poyok-poyokan punika inggih perang, lan raos-raosan awon punika inggih perang, lan batin-batinan awon punika inggih perang. Dados perang punika boten namung bedhil-bedhilan.

Jalaran tiyang rak boten ujug-ujug bedhil-bedhilan. Saderenginpun bedhil-bedhilan, tiyang rak pisuh-pisuhan langkung rumiyin. Dados pisuh-pisuhan punika ingggih perang. Tiyang punika rak boten ujug-ujug pisuh-pisuhan. Saderengipun pisuh-pisuhan, tiyang rak poyok-poyokan langkung rumiyin. Dados poyok-poyokan punika inggih perang.

Tiyang punika rak boten ujug-ujug poyok-poyokan. Saderengipun poyok-poyokan, tiyang rak raos-raosan awon langkung rumiyin. Dados raos-raosan awon punika inggih perang. 

Tiyang punika rak boten ujug-ujug raos-raosan awon. Saderengipun raos-raosan awon, tiyang rak batin-batinan awon langkung rumiyin. Dados batin-batinan awon punika inggih perang.

Dados bedhil-bedhilan punika namung megaripun batin-batinan awon. Tumraping raos bedhil-bedhilan lan batin-batinan awon punika sami. Dados batin-batinan awon punika bedhil-bedhilan.

Kados makaten warni-warninipun wujuding perang utawi pasulayan. Perang punika lepat lan awon ingkang mutlak. Tegesipun sanajan mimpang utawi kawon, perang punika lepat lan awon. Tiyang gesang punika butuh lestantun gesang. Mangka perang ingkang wujudipun bedhil-bedhilan, punika pejah-pinejahan. Mila perang punika cengkah kaliyan raos gesang utawi dosa dhateng gesang.

Yen dipun tlusur wonten ing raosipun piyambak, tiyang mesthi saged manggih yen awakipun piyambak anggenipun gesang punika rak boten badhe perang. Ewa semanten perang punika kelampahan. Dados perang punika saking kebodhoan, jalaran tujuaning gesang boten kelampahan. 

Kajawi dosa dhateng raos gesang, perang punika ugi dosa dhateng sesrawungn. Tujuaning sesrawungan punika sekeca sesarengan, mangka perang punika boten sekeca sesarengan. Dados perang punika dosa dhateng raos gesang lan dhateng sesrawungan.

Perang utawi pasulayan punika jalaran tiyang boten sumerep dhateng raosipun tiyang sanes ingkang dados lelawanipun. Yen tiyang punika nyumerepi raosing sanes, pasulayan utawi peperangan punika sirna. Dados mbrantas peperangan lan pasulayan punika sarana nyumerepi raosing sanes.

Kangge nyumerepi raosing sanes, punika wonten raosing piyambak ingkang ngaling-alingi. Yen raos-rasipun piyambak ingkang dados aling-aling wau boten kasumerepan, tiyang boten saged sumerep raosing sanes. Dados murih nyumerepi raosing sanes, tiyang langkung rumiyin perlu nyumerepi raos-raosipun piyambak, ingkang dados aling-aling wau.

Nyumerepi raos-raosipun piyambak utawi awakipun piyambak punika namanipun pangawikan pribadi. Pribadi ing ngriki boten ateges pribadi ingkang muluk-muluk, nanging awakipun piyambak, ingkang damelipun kraos punapa-punapa, kepengin punapa-punapa sarana pangawikan pribadi.

Labels:

0 comments:

Post a Comment

Waktu Bandung

Cuaca Bandung

bloguez.com

Ingkang Rawuh

Madosi ing Blog

Nepangaken

My photo
Bandung, Jawa Barat, Indonesia
Hanya 'tuk sharing Silahkan berkunjung ke Wayang Prabu http://wayangprabu.com

Followers