ECA lan SEKECA: Margi Kangge Nyingkiraken Mamalaning Tyas

By Mastoni


Kumaceluning manah prasasat nyidham rujak cempaluk nalika kula nyobi ngrembag perkawis mamalaning tyas [ati]. Ing ngandhap punika keparenga kula nyaosi rembagan sepala, mbokmanawi kenging kaangge wewahan panglimbang, pinten-pinten saged mikantuki utawi nuju prana tumrap para nupiksa ingkang kepareng migatosaken. Nanging betekipun lalaran wedalan tiyang dhusun [dhusunipun New York City, heheei...], manawi boten adamel marem utawi cocoging panggalih tuwin manawi wonten kitaling tetembungan, waguning ukara, mugi para nupiksa sampun kirang pamengku sarta mugi kersa ngluberaken samodra pangaksama.

Saderengipun nlusur punapa sababipun dene manungsa punika kok asring kadunungan mamalaning tyas, keparenga kula ngaturaken panglalar: punapa ta ingkang kawastanan kabatosan punika? Miturut suraosing tetembungan batos punika kosokwangsulipun lahir. Dados kabatosan punika kosokwangsulipun kalahiran. Lahir punika ateges gumelar (wonten ing njawi). Sadaya ingkang gumelar punika gadhah sipat: ewah gingsir, boten langgeng, apes, saged risak, saged sakit, saged jaya, inggih saged dados ringkih. Ringkesipun, sadaya kemawon utawi punapa kemawon ingkang asipat owah gingsir punika kagolong lahir utawi kalahiran, sanadyan ugi gadhah sisipatan ingkang alus utawi samar boten kasat mripating pancadriya, upaminipun: hawa, listrik, lsp. Makaten ugi pikiran, cipta, pangraos, punika wonten ing babagan kawruh kabatosan ugi taksih kaewokaken [kagolong] kalahiran jalaran teksih saged owah gingsir.

Wondene kabatosan [inggih punika kosokwangsulipun kalahiran], temtunipun inggih anggadhahi sipat kosokwangsulipun owah gingsir, inggih punika langgeng, kuwaos, kiyat. Sipat punika namung Gusti piyambak ingkang kagungan. Dados manawi makaten kabatosan punika bakunipun ka-allah-an. Kawruh kabatosan pikajengipun kawruh utawi ngelmu (gagaran utawi wawaton minangka pangudi) kangge ngretosi utawi nggayuh kagaibaning Pangeran. Panalitinipun boten mrika-mrika, nanging cekap wonten salebeting sariranipun piyambak-piyambak jalaran Gusti punika maha agung nglimputi [mengku] lan nglimput [sumamar] wonten sagunging dumados inggih sadaya ingkang gumelar punika. Dados ing salebet kita sipat-sipat wau inggih wonten. Wondene pikiran, raos pangraos, tuwin pancadriya kita, tumrap ngudi kabatosan lugu namung minangka pirantos tuwin paseksen [ingkang ugi nyekseni].

Ungel-ungelan ing ngandhap punika mbokmanawi kenging kangge gagaran kandel-kumandeling tekad tumrap nggayuh kawruh kabatosan:

Sintena ingkang nyumerebi [awas utawi mawas, naliti, ngretos] sariranipun [pribadinipun utawi nafsunipun], tamtu badhe kaleksanan sumerab [ing ngriki kajenganipun mangertos] Pangeranipun.
Manungsa punika rahsaningsun, nanging Ingsun ugi rahsaning manungsa.
Manahipun tiyang ingkang pitados kaliyan yakin, punika prasasat dalemipun Gusti.
Wondene sadaya kawontenan ingkang gumelar ing jagad punika dados paseksen kaagungane Gusti, kuwasaning Gusti, karsaning Gusti, kaadilaning Gusti sarta sih kamirahaning Gusti. Sadaya punika sinebat kodrat irodhating Pangeran kang maha kuwasa.

Kodrat irodhating Pangeran punika tansah lumintu ndhayani dhateng sadaya isen-isening jagad raya, njalari tuwuhipun, wontenipun utawi mawujudipun kawontenan utawi kadadosan [dumados] ingkang marupi-rupi. Salajengipun mawarni-warni kadadosan wau satunggal kaliyan satunggalipun inggih lajeng tansah dhaya-dhinaya [samad sinamadan], ngantos lajeng mahanani ewah-gingsiring kawontenan. Lan inggih jalaran saking kadadosan wau ingkang lajeng nuwuhaken wontenipun: lair, makarti, risak. Sarehne risak punika ugi satunggaling kadadosan, mila inggih ateges lair malih. Makaten salajengipun tanpa wonten pedhot-pedhotipun, inggih punika ingkang sinebat: Cakra Manggilingan.

Manungsa ingkang mawujud titah langkung sampurna tuwin winenang tinimbang titah sanes-sanesipun ugi boten badhe saged sumingkir saking angger-angger cakra manggilingan wau. Dados ugi kawasesa dening dhaya prabawaning alam. Gumelaring isen-isening alam wau mrabani tuwin mrabawani dhateng jasading manungsa nglangkungi [ngliwati] pancadriya, tumaduk ing angen-angen kita, lajeng njalari tuwuhipun pepinginan saha kekajengan ingkang mawarni warni, sarta ugi dados jalaranipun kita saged kataman pangraosing badhan [sasakit, kraos benter, asrep, perih, greges-greges, lsp.], sasakiting pikir [bingung, kodeng, rangu-rangu, gemblung, bingleng, lsp.], panandhang utawi pakartining manah [sisah, bingah, sumelang, welas, asih, gething, pegel, gela, lsp.]. Kajawi punika tumrap ing babagan kalahiran, dhaya prabawaning isen-isening alam punika ugi saged murugaken manungsa manggih begja, cilaka, nistha, papa, tuwin sanes-sanesipun.

Kados ingkang sampun kajereng ing inggil punika cetha, bilih sababipun manungsa saged ngantos kataman kadadosan marupi-rupi punika boten sanes inggih namung saking dhayaning alam, inggih punika kaprabawaning isen-isening jagad raya. Wahananipun [kedadosanipun] wonten ingkang saged karaosaken sae [nyekecakaken], ugi wonten ingkang saged karaosaken awon [boten nyekecakaken]. Lha ingkang karaosaken boten nyekecakaken wau limrahipun dipun anggep memala. Kamangka sejatosipun sanadyan ingkang karaosaken nyekecakaken utawi boten nyekecakaken punika kalih kalihipun tetep dados memala tumrap dhateng Rasa Jati kita. Jalaran sami dene saged damel surem utawi boten weningipun utawi kirang sucinipun Rasa Jati kita. Mangka kaweninganing Rasa jati punika perlu kaudi utawi kajagi. Sabab inggih jalaran saking weninging Rasa Jati punika manungsa lajeng kaconggah nuwuhaken kawruh lahir tuwin batos ingkang salajengipun kadugi mbabaraken kabudhayan, kasusastran, kawaskithan, kasunyatan, tuwin kasampurnan, inggih punika pangertosan bab Sangkan Paraning Dumadi tuwin gaibing Pangeran.

Nalika manungsa punika saweg tumitis tuwin nalika teksih jumeneng [mretapa] wonten salebeting guwa garbaning ibu, ngantos sasampunipun awujud jabang bayi lahir wonten ngalam donya, ingriku dereng kadunungan mamalaning tyas, dados teksih suci. Nanging sasampunipun lelumban wonten ing madya padha, ingriku wiwit kataman memala. Rasa Jatinipun wiwit surem, boten suci malih. Ingkang makaten wau para ulah kabatosan tansah mbudi dhaya sarana lampah utawi cara warni-warni murih sucining Rasa Jatinipun mberat utawi nyingkiraken memala, sarta kaconggah nampeni wewengan utawi pepadhang inggih punika wahyu utawi sasmita gaib saking Pangeran.

Memalaning tyas utawi ingkang andadosaken boten sekecaning manah punika boten bakal saged dipun icalaken saking gesangipun tiyang. Sagedipun namung anyeyuda, jer memalaning tyas ingkang tuwuh saking karep [kekajengan] punika pancen sampun dados rerangkening tiyang gesang. Hewadene anggenipun kita saged nyirep utawi ngirangi memala punika boten sanes inggih pribadinipun tiyang piyambak-piyambak, mila makaten kedah kanthi nglenggahaken pribadinipun wau. Nglenggahaken pribadi punika kedah sarana semedi, nglowong utawi nyuwung, nyipat mlebet medaling nupus sarta amirengaken swaraning rijal. Swaraning rijal punika manawi wayah dalu cetha sanget kados orong-orong. Dene manawi wayah siang lamat-lamat sanget. Sok sintena ingkang pinuju yipat mlebet medaling nupus, Pribadi tamtu badhe kersa pinarak wonten ing pasenetan suci paring pepadhang.

Ing Serat Wulangreh yasan swargi Sinuwun PB IV wonten tetembungan minangka gagaran tumrap para ingkang sami ngudi mbirat mamala wau, sinawung sekar Kinanti makaten ungelipun:

"Padha gulangen ing kalbu. Ing sasmita amrih lantip. Aja pijer mangan nendra, kaprawiran den kaesthi. Pesunen sariranira, cegah dhahar lawan guling."

Sekar Kinanti sapadha ing inggil wau mengku piwulang ingkang wosipun "Murih kita punika saged nampeni sasmita [dhawuh ghaib], saking Pangeran kalayan gampil, kita kedah tansah ngelatih sarira sarana ngirangi dhahar tuwin ngirangi sare." Ingkang dipun kajengaken ngirangi dhahar ing riki boten namung ateges nyenyuda isining padharan kemawon, nanging ugi mengku pikajeng ngirangi tedhaning panca driya sanesipun. Dados wosipun nyegah hardhaning pancadriya. Kajawi punika ugi kedah nyandhet lampahing pikiran ingkang ngambra ambra.

Nyegah dhahar ingkang marginipun langkung ing tutuk [lesan - cangkem], inggih punika nyegah wedaling pangandika ingkang tanpa paedah. Cegah ngraosi awon lsp. Mila sadaya wau kedah dipun cegah [kirangi] jalaran wedaling pangandika langkung-langkung manawi dipun kanteni grengseng tuwin kemrungsunging penggalih, punika ateges mbeboros dhaya kekiyatan ingkang wonten salebeting sarira, ingkang manawi kita gegem [regem] saged mujudaken dhaya prabawa ingkang ageng pigunanipun samangsa wonten kapreluwan ingkang wigatos.

Manawi dhahar sampun ngantos tuwuk-tuwuk [wareg], jalaran manawi padharan kekebaken, adhakanipun murugaken ngantuk ingkang njalari lena kirang weweka. "Kulu wa asrobu wal tasrifu innahu layu khibul musrifin", tegesipun mangana sabisa bisa mung sapratelone isining wetengmu. Weteng kuwaregen bisa nggedhekake bapakne toha, banjur lalen, seneng goroh, adoh saka tindhak utama, sabab jasmani lan rohanine lungkrah sing dipikir ya mung siji kuwi.
Tiyang ingkang tuwuk punika boten saged waskitha [ngretos utawi sumereb] ing ghaib. Jalaran saking wewaton kados ingkang kasebat ing inggil wau, mila para ulah tapa brata ingkang sami nglampahi siyam tuwin ambisu [ngirangi utawi boten ngucap ingkang boten prelu]. Pamrihipun inggih namung supados wening Rasa Jatinipun, sageda nampi sasmitaning pangeran.

Nyegah dhahar ingkang marginipun langkung ing grana kadosta nyegah:

a. ngambet ingkang boten eca, amis, bacin, penguk, apek, badheg, lsp. Awit wusananipun saged nyuda kasarasaning badhan salajengipun saged murugaken sureming Rasa Jati. Pramila para olah samadi asring mapan ing panggenan ingkang boten ngganda awon. Malah asring migunakaken kekonyoh ganda wida akekutug ratus ingkang amrikarum angambar-ambar wangi, asumping sekar-sekar ingkang arum lsp. Jalaran ambet ambetan amrikarum punika manawi boten ngantos nduleg [sanget], saged njalari nentremaken jiwa.

b. ngisep-isep awoning sanes utawi wadosing sanes. Tumindak kados makaten punika damel kapitunan boten sakedhik tumrap badhanipun piyambak awit nuwuhaken gegeter ageng, ingkang temahan sanget adamel kuceming Rasa Jatinipun. Paedahipun boten sumbut kaliyan kapitunenipun bebasan mburu uceng kelangan dheleg.

Inggih awawaton kalih warni ing inggil punika para olah pranayoga tumindakipun sarana nglaras, ngelus tuwin ngemataken mlebet medaling ambegan kanthi alon. Lampahing ambegan ingkang alon, alus, utawi ening punika saged ngeniraken [ngleremaken, ngicalaken] pangganda ngantos tumandukipun sadaya ambet [ganda] boten ndayani dhateng antenging Jiwa [Rasa Jati]. Temahan boten sanes inggih namung ngudi sagedipun hanampeni sasmita gaibing Pangeran.

Ingriki kula badhe mratelakaken bilih tiyang punika temtu tansah mbudidaya sagedipun eca lan sekeca. Rehning sadaya rubeda punika badhe ndadosaken boten sekecaning manah [dados mamalaning tyas] mila temtu boten dipun ajengi. Awit saking punika rehning manah punika limrahipun tansah ngajeng-anjeng eca lan sekeca, mangka badhe tansah mrangguli bab-bab ingkang damel boten sekecaning manah, mila tiyang punika tansah nandhang kuwatos utawi melang-melang. Dados tansah boten nggadhahi katentreman utawi boten tansah kadunungan ayeming manah. Makaten punika ateges kendel-kumandel dhateng panguwasaning Pangeran. Menggah wohipun badhe gampil ketrajang was-sumelang. Dene srananipun kangge nyirnakaken raos boten tentrem, inggih raos boten sekeca wau, tiyang kedah tansah nyantosakaken tekadipun: Aku Wani, Gelem Nglakoni.

Wonten ancer-ancer ingkang kangge margi nyingkiraken mamalaning tyas, inggih punika kanthi migunakaken pathokan lan pangretosan sapisan ingkang diwasesa [punika pun raos was sumelangipun], kaping kalihipun ingkang masesa [punika pun tiyang, utawi tiyangipun], lan pungkasanipun sageda mangretosi bilih pun tiyang ingkang masesa raos was sumelang wau teksih wonten ingkang nguwaosi lan masesa, inggih punika ingkang Maha Kuwasa.

Kanthi nyumerebi lan mangretosi trap-trapan makaten wau, tiyang badhe langkung gampil angsal tuntunan anggenipun ngrekadhaya mbengkas reribed utawi mamalaning tyas manawi kalayan sumendhe lan nyuwun kekiyatan dhateng panguwaosing Pangeran. Kosok- wangsulipun manawi boten kanthi srana makaten wau saestu badhe rekaos kalampahanipun.

Ing Serat Rama wonten tetembungan 'gampang-gampang angel, yen wis dadi siji ora ana' tegesipun manawi penganggep gampil lan awrat wau sampun saged kakempalaken, ingriku badhe saged nyirnakaken samukawis pepalang. Mila makaten jalaran pun panganggep angel lajeng luluh kaprawasa dening pun gampang. Utawi ungel-ungelan ing inggil wau mratelakaken manawi gampang lan angel sampun manunggil, ingriku lajeng sampun boten wonten sambikala punapa-punapa. Awit saking punika badhe prayogi manawi kita sami nyatunggilaken pun gampang kaliyan pun angel, supados saged damel sirnaning raos was sumelang tuwin mamalaning tyas.

Mamalaning tyas utawi ingkang andadosaken boten sekecaning manah punika mretandhani bilih ingkang nandhang sakit punika manahipun. Sakiting manah punika amargi saking nandhang raos boten sekeca. Menggah panandhang wau wonten werni-werni kadosta tumrap sakiting badhan, manahipun inggih tumut ngraosaken. Tumrap sakiting pikiran pun manah ugi tumut ngraosaken. Manah tumut ngraosaken raosing sesakit makaten wau, punika boten klebet memalaning tyas. Wondene ingkang klebet dados mamalaning tyas, inggih punika panandhang raos pangraosipun tyas utawi manah piyambak, kadosta ngraos samar lan sumelang tuwin sanes sanesipun. Rehning punika wau namung raos pangraos, murih boten kataman rubedaning manah, kita kedah ngicali raos samar lan sumelang wau.

Mila tiyang kataman mamalaning tyas punika jalaranipun margi saking koncatan punapa-punapa ingkang boten dipun senengi lan ingkang dipun tresnani. Inggih ical utawi oncating raos wau ingkang mbetahaken seserepan, mbetahaken pitedah tuwin piwulang supados saged ngretos dunungipun. Pundi pitedah utawi piwulang ingkang dipun ajengi [dipun mathuki] sarta lajeng katindhakaken, inggih makaten punika ingkang badhe dados srana jampining mamalaning tyas.

Mewahi andharan sawatawis punika, bilih ingkang dados bibit utawi tuking raos nyumelangaken inggih punika saking pakartinipun tiyang anggenipun sami nampik lan milih. Manawi ingkang jumedhul punika ingkang dipun tampik [boten dipun senengi], tiyang lajeng rumaos kuciwa, boten seneng, boten lega, boten mathuk, tuwin sanes sanesipun. Dene manawi ingkang jumedhul ingkang dipun mathuki [pilih], lajeng rumaos lega lan bingah. Kamangka bab kuciwa, boten seneng lega, bingah, mathuk, sadaya punika sejatosipun sami nunggil golongan, inggih punika golonganing raos pangraos. Manawi raos pangraos makaten wau kita selehaken, pun raos was sumelang tuwin sabangsanipun mamalaning tyas lajeng boten wonten.

Milanipun manungsa kataman mamalaning tyas ugi saged jalaran nggadhahi pepingin lan pangangkah kadumugena ingkang dipun kajengaken. Padhatan inggih saking margi anggenipun tumindhak mbudidaya murih kadumugen ingkang dipun kajengaken wau, punika lajeng mahanani tuwuhing raos boten tentrem. Saupami sampun saestu saged kadumugen ingkang dipun kajengaken wau, nunten tuwuh pepinginan sanes malih. Makaten salajengipun tanpa gadhah marem. Tumrap tiyang ingkang kados makaten, punika dipun wastani kenging mamalaning tyas.

Pepinginan punika dados sumber kasantosaning karep [kakajengan]. Prayoginipun pepinginan wau tansah dipun gladhiya [dipun lelantih] supados tansah tumuju dhateng kautaman. Sanadyan makatena kita kedah tansah enget lan ngretos bilih pepinginan ingkang tansah boten nggadhahi pemarem wau, saestunipun inggih tansah ngereh [ngemudheni] tiyang. Manawi tiyang tansah dipun tumpaki pepinginan punika badhe gampil kenging sambekala utawi mamalaning tyas. Mila prayogi sami kabudidhaya supados kita boten tansah dipun reh ing pepinginan. Kosokwangsulipun supados mbudidaya sageda ngereh pun pepinginan wau.

Sapunika keparengan kula ngaturake srana kangge nyirep mamalaning tyas, punika wonten kalih warni: sepisan ingkang kangge nyuda, kaping kalihipun ingkang kangge netepaken. Murih saged nyuda kedah ngretos rumiyin bilih raos was sumelang ingkang dados memala punika bakunipun tuwuh saking raos panginten-intening raos pangraosipun piyambak, utawi gambaranipun piyambak. Rehning namung gambaran, punika saged dipun icali piyambak. Salajengipun supados saged langkung rosa anggenipun nyabili utawi ngicali, kedah dipun kanteni [sarengi] cara satunggal malih, inggih punika netepaken. Wujudipun netepaken wau kedah anggadhahi panganggep ngemohi. Emoh sumelang utawi kuwatir. Manawi pangretosan wau sampun wonten lajeng ngrosani anggenipun mbucal gambaran was sumelang wau, ingriku saboten-botenipun badhe nyuda mamalaning tyas.

Cekak aosipun, menggah pangudi anggenipun badhe ngicali mamalaning tyas wau manungsa kedah tansah nyuwun pangapura lan eling dhateng Pangeranipun, lan kedah wani dhateng punapa kemawon ingkang kita anggep dados sumber ingkang nuwuhaken memalaning tyas wau. Kangge sanepa kadosta, upami kita ngutangi arta, kita kedah wani nagih. Manawi kita lumuh [boten purun] nagih, raos kepingin [kedah] nagih wau, kedah kita bucal babarpisan supados saged ical saking manah. Ngadhepi kawontenan kados tuladha ing ngajeng punika tumrap tiyang Jawi limrahipun nuwuhaken sipat ewuh pakewuh, punapa malih manawi ingkang dipun utangi punika sedherek utawi pawong mitranipun piyambak. Punika kula namung mendhet tuladha ingkang gampil kemawon.

Makaten wau angsal kula ngonceki bab-bab ingkang kaanggep dados sasakiting manah. Sanadyan namung rembag ingkang isi pamanggih, ewadene punika wau klebet satunggling kawruh utawi seserepan ingkang wigatos sanget. Indhaking kawruh boten sanes inggih saking linton pemanggih. Isinipun saged kasaring, pundi ingkang dipun mathuki, lan pundi ingkang boten nyocogi, punika badhe saged rumesep migunani dhateng sarira pribadi. Langkung langkung tumrap seserapaning batos, punika pancen saged dados bumbu ingkang badhe saged nandhesaken bontosing tekad, mugi mugi saged murakabi dhateng sintenan kemawon ingkang sami kepareng nggalih.

Labels:

0 comments:

Post a Comment

Waktu Bandung

Cuaca Bandung

bloguez.com

Ingkang Rawuh

Madosi ing Blog

Nepangaken

My photo
Bandung, Jawa Barat, Indonesia
Hanya 'tuk sharing Silahkan berkunjung ke Wayang Prabu http://wayangprabu.com

Followers