Hamemayu Hayuning Buwana


Mas Chodjim ing Wojoseto eGroups

Sesanti siji iki wis kondhang banget. Saben wong Jawa sing terdhidhik kenal karo kawruh iki. Sejatine kawruh iki mung ora kanggo wong Jawa, nangging uga kanggo wong urip sak alam donya. Yen ing basa agama, upaya nggawe endahing bumi iku kalebu kuwajiban. Kosok baline, yaiku ngrusak buwana, bumi lan atmosfir, dilarang karo sing KUWASA.

Lha abote, supaya menungsa iku bisa nggawe endahing buwana lan angkasa kudu anduweni ilmu. Hamemayu ora cukup nganngo bandha tekat lan lambe. Coba delengen, Indonesia mardika lho kok malah akeh kebun sing terlantar, hutan-hutan padha digundhuli, akeh kali sing rusak, tanahe longsor, banyune buthek, got-gote padha kasumpal (tersumbat), lan karusakan liyane. Ora bisa hamemayu amarga ora duwe ilmu kanggo hamemayu. Duwe ilmune thok, uga durung cukup. Lha apa maneh? Sadhar! Eling! Kudu eling, yen ngrusak iku dilarang. Kudu eling yen urip iku kepenak yen ana ing empan sing enak. Lha yen wis eling, sadhar, bumi lan angkasane kudu ditata nganggo ilmune.

Yen dipetung-petung, hamemayu ora cukup dilakoni adhedhasar ilmu sing bener, nanging isih ana prasyarat liyane, yaiku bisa urip bebarengan ing organisasi. Apa yaa basane organisasi? Lha ing jeroning organisasi ana manajemen. Organisasi kudu diurus sing bener. Amarga hamemayu ora cukup dilakoni dhewe-dhewe. Awake dhewe nglakoni, tanggane ora melu, ora mungkin kasil. Kudu bisa kerja bebarengan. HOLOPIS KUNTUL BARIS. Kabeh kudu melu. Coba yen ndeleng wong Jepang, bangku ing kereta padha bersih ora ana kang coret-coret. Yen mlebu ngantri. Tuku tiket ora ana sing ngawasi, padha jujur. Mlebu ndhik toko buku sing guuedhe, gak ana sing jaga. Ora wedi kelangan. Ngelak (haus) kari tuku ing pinggir dalan, nyemplungna duit, susuke (baline) metu dhewe.

Abooott tenan hamemayu hayuning buwana. Lha saiki bae kita isih padha eker, cakar-cakaran. Bocah sekolah mung angger diwulang. Ing universitas, dosen mulang 200 mhs. Ana sing ngantuk, ana sing ngobrol, ana sing gojegan, ana sing ngudi temenan, padha dijarake. Alasane, wis mahasiswa. Piranti praktek wis ora cukup, dosen ora ngerti siswa siji-sijine. Jarene, wis mahasiswa ora apa-apa. Lha kojur! Kapan bisane maju?

Muga-muga bae, ngleboni milenium III iki bangsaku bisa sadhar, eling. Ben bisa melu memayu hayuning buwana ing jaman globalisasi.

Labels:

0 comments:

Post a Comment

Waktu Bandung

Cuaca Bandung

bloguez.com

Ingkang Rawuh

Madosi ing Blog

Nepangaken

My photo
Bandung, Jawa Barat, Indonesia
Hanya 'tuk sharing Silahkan berkunjung ke Wayang Prabu http://wayangprabu.com

Followers