Bhineka Tunggal Ika Tan Hana Dharma Mangruwa


by Mas Chodjim
 
Sejatine wong Jawa wis ana 200.000 tahun kepungkur, adhedhasar petunge sarjana Eropah ning fosil sing tinemu ing pinggire Bengawan Solo. Aneh nanging nyata, nganti abad sepisan masehi ora ana bukti tinulis sejarahe wong Jawa. Sejarahe utawa babade wong Jawa ditulis karo sarjana Eropah tahun 132 - 907 M, kalebu ing Jaman Mataram I. Kamangka keris sing nggawene saka logam wesi unggul utawa saka watu lintang, kacatet 400 tahun sadurunge tarih masehi.

Piye nggenahe, ana urip brebayan agung (bernegara) wis atusan tahun kok ora ana babade? Sejatine budhaya Jawa kuwi kalebu 'budhaya tutur', ora budhaya tulis. Budhaya tulis ora urip (tidak berkembang) ing Jawa (uga kalebu Nusantara) amarga wong Jawa ora seneng padu. Ora seneng crah utawa 'bertikai' ing sajroning urip brebayan. Yen nganggo basa surabayan, laopo kathik ditulis-tulis, apa sampeyan gak percaya (mengapa pakai ditulis segala, apa kamu tidak percaya).

Dadi ing sesrawungan urip, ing pergaulan, cukup dituturna bae, cukup dikandhakake bae. Durung ana raja, kaya sing dipahami ing jaman saiki. Sing ana, wong anom kudu ngajeni marang sing tuwa utawa wong sing dituwakna. Lha timbule sejarah kuwi amarga ananane 'crah' utawa konflik ing sesami.

Coba dipanggalih, sejarah sing wis pada kita kabeh pelajari ing SD, SLTP lan SLTA, kuwi rak yaa ceritane wong konflik utawa anane 'perbedaan-perbedaan' ing kurun jaman. Ing budhaya tutur, yen ana bedane antara wong siji lan liyane iku mung asifat lahiriah. Mung katon ing njabane bae. Ing njero satemene padha. Ana sing dhuwur, ana sing kunthet, ana sing pinter lan ana sing biasa- biasa bae. Nanging kabeh mau mung siji, padha manungsane, sami gesang ing sesami, 'merasa sebagai manusia yang hidup bersama-sama'.

Wektu isih bocah aku tansah kelingan marang pituture wong tuwa, 'uripa sing rukun marang sadulur, sing rukun ing kakancan, sing becik marang wong liya'. Mulane ing Jawa yen ana wong sing ora bener, digunem 'wong kang ora njawani'. Yen ana adhine sing nakal, wong tuwa ngendika, "aja dilawehi (jangan dibalas), adhimu kuwi durung Jawa. Tegese, yen bocah mau wis mudheng, wis ngerti ing pergaulane karo kangmase, ora nakal maneh, amarga wis Jawa. Lho, yen wis pada ngrasa Jawane, ora pareng padu. Dadi, sing beda kuwi mung lahire, njabane sing bhinneka utawa warna-warni, nanging satemene mung siji, tunggal ika.

Kebenaran kuwi mung siji, tan hana dharma mangruwa. Sesanti 'bhinneka tunggal ika' ing jaman Majapahit diangkat maneh karo Mpu Tantular kanggo njelasna anane perbedaan ing babagan agama lan keyakinan. Ana kawruh Jawa asli, Hinduisme, lan Buddhaisme. Kabeh-kabeh mau intine mung siji, ora perlu crah marga kapercayane utawa agamane. Dadi, sesanti mau ora kanggo ndandekna 'sinkretisme' utawa nggathukna paham sing beda-beda. Yen ing jaman saiki kena diarani, 'ora perlu debat ing masalah kepercayaan'. Yen isih debat jenenge "durung Jawa". Rak ngunuuu tah! Sesanti K-1 mau biasane digenepi "mangan ora mangan yen ngumpul". Apapun keadaannya, Jiwa kita itu sama, yaitu Jiwa Jawa. Selama masih merasa sebagai orang Jawa, kita harus bisa rembugan sing becik. Apa bae sing mbedakno, kudu disingkirna dhisik. Ben ketemu Jawane.

Labels:

0 comments:

Post a Comment

Waktu Bandung

Cuaca Bandung

bloguez.com

Ingkang Rawuh

Madosi ing Blog

Nepangaken

My photo
Bandung, Jawa Barat, Indonesia
Hanya 'tuk sharing Silahkan berkunjung ke Wayang Prabu http://wayangprabu.com

Followers