Saben Bocah Nggawa Rejeki Dhewe-dhewe


Mas Chodjim ing Wojoseto eGroups

Sakjane ngono, iki dudu sesanti KB (Keluarga Berencana). Para penyuluh KB ngandhani wong-wong ing desa, ora pareng urip adhedhasar kawruh iki. Jarene, sesanti iki nggarahi (menyebabkan) wong desa padha duwe anak akeh. Amarga wong desa yakin yen saben menungsa urip wis pinasti dening Kang Nggawe Urip. Lho ngene iki sing jenenge salah kaprah. Dudu nggone diempakna bae. Iki sing jenenge kawruh dadi gugon tuhon (sing digugu lan dituhu). Dadi kapercayan.

Kawruh iki satemene ateges saben bocah sing urip ing alam donya iki duwe bakat dhewe-dhewe. Mulane ndhidhik anak kudu sak laras, kudu cocok karo bakate bocah. Wong tuwa ora entuk meksa putrane miturut karepe dhewe. Kudu diarahake marang minat lan bakate utawa potensine. Apa minate? Apa bakate?

Lha kenyataane akeh wong tuwa sing duwe karep, dudu bocahe. Amarga bocahe wedi marang wong tuwane utawa nyenengna wong tuwane, dadine.... sarjana sing ora pinter, ora prigel (terampil), lan ora wasis (cerdas) ing kemajuane jaman. Aku percaya banget kok, yen para sedulur ing milis iki wis modern. Nanging sik uuuakeh, sak abreg-abreg, wong sing ora ngerteni bakate bocah ing Nusantara iki. Ditambah maneh pamarentah uga ora duwe program sing jelas kanggo ndhidhik sing cocok karo bakate bocah. Ayooo diwiwiti saka kaluarga dhewe-dhewe.

Labels:

0 comments:

Post a Comment

Waktu Bandung

Cuaca Bandung

bloguez.com

Ingkang Rawuh

Madosi ing Blog

Nepangaken

My photo
Bandung, Jawa Barat, Indonesia
Hanya 'tuk sharing Silahkan berkunjung ke Wayang Prabu http://wayangprabu.com

Followers