Monday, July 12, 2010 |
0
comments
Saka Paradigma Biologi lan Kimia
By Mas Amin
Saben jiwa sing normal mesthi ngalami rasa tresna. Nanging, umume wong-wong ora pati paham makna lan hakekat tresna sing sakbenere. Tresna sering dianggep sawijining misteri utawa wewadi sing angel ngungkapake. Ing wanci saiki akeh wacan utawa film sing nggambarake tresna kanthi makna sing cêthék banget. Kanyatan iki sansaya ngaburake makna katresnan sing sejatine. Pangerten tresna sering diluwih-luwihna, kayata: cinta pertama (tresna kawitan), cinta persaudaraan (tresna paseduluran), cinta abadi (tresna langgeng) lan sapanunggalane.
Miturut Prof. Subiyanto (alm), Guru Besar Pend. Biologi IKIP Malang (saiki karan Universitas Negeri Malang), tresna iku hakekate minangka sawijining perkembangan (pituwuhan). Tuwuhe tresna (ing wong normal) iku bebarengan karo tuwuhe badan lan jiwa manungsa sahingga kahanan iki berlangsung sakjege urip. Jenjang tresna iku isa kaperang ana rolas (12) tahapan:
1. Cinta diri (tresna marang diri pribadi) yaiku jenjang tresna sing kawitan. Bayi durung bisa nresnani wong liya, dheweke mung bisa nresnani awake dhewe. Yen luwe lan ngêlih bisane mung nangis njaluk tulung.
2. Cinta kepada ibu (tresna marang ibu). Ibu minangka wong sing paling dhisik dhewe sing ditresnani karo bayi, dheweke ngrasakake damai yen ana ibune.
3. Cinta kepada ayah. (tresna marang bapa). Bapa minangka wong kapindho sing dianggep bayi lan bocah-bocah isa dadi pelindung.
4. Cinta kepada saudara (tresna marang sedulur). Sedulur minangka sasaran tresna sakbanjure sakwise ibu/bapa, bocah rumangsa sênêng lan marêm dolanan karo sedulur-sedulure.
5. Cinta kepada anggota keluarga yang lain (tresna marang anggota keluarga liyane) kayata marang simbah, paman, misanan lsp.
6. Cinta pertama di luar keluarga (tresna kawitan ing sak njabane keluarga), iki tinuju marang kanca sak-umur/sebaya nalika si bocah wis cukup gedhe dolanan ana ing njaba ngomah.
7. Cinta kepada anak sejenis kelamin/sebaya (tresna marang kanca sing kelamine padha tur sebaya) biasane yen bocah wis lungguh ana bangku sekolah ing kelas 3 atau 4 SD. Wanci iki bakal dumadi paseduluran sing kuwat banget
8. Cinta kepada orang sejenis kelamin yang lebih tua (tresna marang wong liya sing luwih tuwa) dumadi ing awal welasan tahun. Bocah gandrung marang wong-wong sing luwih tuwa lan dianggep hebat, kayata pilot, polisi, tentara, pemain bal-balan, tokoh ing film lsp.
9. Cinta kepada orang berlainan jenis kelamin yang lebih tua (tresna marang wong liya sing luwih tuwa tur jenis kelamine beda). Bocah wadon bisa kesengsem marang priya sakumur bapake sing dianggep wibawa, sugih pengalaman, romantis lsp.
10. Cinta kepada orang lain yang berlainan jenis kelamin yang sebaya (tresna marang liyan sing sebaya ning beda jenis kelamin), iki sawijining jenjang sing paling menarik. Tresna ing jenjang iki bisane diwiwiti nalika bocah umur welasan tahun lan terus lumaku nganti saumure urip. Iki minangka dasar hubungan tresna sing mateng antarane priya dan wanita lan sawijining pedoman kanggo panguripan keluarga ing tembe mburi. Pengalaman ing jenjang sadurunge bakal gedhe pengaruhe lan nemtokake pola katresna ing tahap iki.
Ing wanci akhir-akhir iki akéh conto kanggo hal kasebut, ing kalangan artis akeh sing milih priya kanggo pasangan urip sing umure adoh banget bedane. Kahanan iki sakbenere saka pengaruh pengalaman tresna ing jenjang sakdurunge, mangkane milih jodho wae uga dipengaruhi karo kahanan ing sakdurunge.
11. Cinta kepada anak-anak (tresna marang bocah), lumaku kanthi wajar sakwise wong jejodhoan duweni keturunan.
12. Cinta kemanusiaan (tresna kamanungsan marang sapada-pada). Wong sing kasil kanthi mulus ngliwati jenjang lan tahap-tahap perkembangan tresna, sakbanjure bakal nggayuh tahap sing karan nresnani marang sapada-pada, ora milah-milahake sapa sing ditresnani.
Saktemene tresna iku sawijining basa sing bisa diungkapake arupa geguritan nganti pisuhan. Tresna bisa diungkapake kanthi pirang-pirang cara contone nganggo tingkah laku tartamtu, arupa bisikan, tangisan lan sapanunggalane.
Kaendahane katresnan minangka kaseimbangan hubungan anatarane priya lan wanita akeh dioncéki ing buku: „Blossom of Longing, Ancient Verses of Love and Lament". Buku iki nyritakake kanthi premati lan lugas, dene tresna, berahi lan kaendahan itu sawiji. Tresna lan berahi manggon ana panggonan kang beda yen durung manunggal ing kaendahan. Tresna sangsaya krasa ilahi lan alus sawetara berahi sangsaya insani dan kasar. Mung ing kaendahan, tresna sing ilahi mau isa dirasaake kanthi nikmat insani lan berahi sing insani krasa minangka kealusaning ilahi.
Tresna bakal dumadi yen unsur-unsur sing ana alam sing katone lelawanan manggon ana titik kaseimbangan. Manungsa bakal urip mulya yen isa ngarasakake nikmate kaseimbangan, suwalike bakal ngrasakake ora mulya yen kapedhot saka kaseimbangan mau. Kaseimbangan iku minangka nikmat estetis. Amarga saka tresna, manungsa ngalami nikmat estetis mau. Kahanan ini diyakini para pujangga sastra Jawa kuno. Angen-angene para pujangga marang kaendahane tresna ora platois.
Plato mbayangake kaendahan tresna iku kayadene undhak-undhakan sing akeh undhakane. Saya dhuwur undhak-undhakane sangsaya endah tresna mau. Kawitan, tresna iku amarga nafsu, terus nyawijining raga, sakteruse minangka kawruh ing kaendahan sakbanjure tresna bakal mbebasake saka kabeh mau. Konsep iki ora dinduweni para pujangga kita. Nanging, bayangan para leluhur kita mau mirip karo pujangga gedhe saka Jerman sing karan Wofgang Goethe.
Goethe ngaturake yen tresna iku manggon ana ing kaendahan sing paling luhur. Nanging kareben tresna mau isa dirasakake, kaendahan mau kudu dimudhunake ing kawruh, ing nikmat badani lan pepinginan hawa nafsu. Kanthi mengkono, tresna bakal katon endah yen dheweke isa ngrasakake nikmate rasa berahi.
Proses Faali Tresna
Kita sering mirengake ngenani rumus-rumus kanggo njelasake proses tumekane tresna („tresna" ing bab iki yen miturut penjenjangan Prof. Subiyanto yaiku tresna marang wong liya beda jinis kelamine lan sepantaran/sebaya). Ana istilah witing tresno jalaran soko kulino, ing gendhing Jula-juli sering ditembangake sapada gendhing sing nggambarake tumekane tresna, contone pada sing unine: darimana datangnya lintah, dari sawah turun ke kali; darimana datangnya cinta, dari mata turun ke hati. Isih akeh teori lan rumus liyane sing njelasake kepriye carane tresna iku tumeka. Ing uraian iki dicoba arep ngungkap mekanisme tresna yen dikaca saka proses fisiologis.
Minangka sawijing zat kimia sing dikasilake badan lan bisa di "ambu" sarta dirasakake karo indera pengambu (penciuman/khemoreseptor), feromon sanggup ngendalekake pirang-pirang emosi nganti masalah hubungan badan (seksual), termasuk uga ing babagan milih jodho. Senadyan ambune ora nyata bisa kaambu lan mung sithik banget konsentrasine ing udara, feromon bisa memtokake sapa sing bakal ketiban rasa simpati lan suwalike. Zat kimia iki ibarat „perantara utawa mak comblang" sing ora kasat mripat (Intisari, 1997).
Ambune hormon pemikat/pèlèt mau diambu dening vomeronasalorgan (VNO) - organ di rongga/bolongane irung sing pêkane ewonan tinimbang indera pengambu/penciuman - sakbanjure bakal mènèhi tandha sing bisa ngrangsang otak cilik sing pancen duwe tugas ngatur panase badan, nafsu birahi, pepinginan turu, tekanan darah dan pernafasan/ ambegan (Pearce, 1993).
Organ VNO mau isa ndeteksi 30 pikogram feromon. Sawijining kepekaan sing ngedap-edapi. VNO dihubungake menyang otak lewat jaringan saraf. Hormon feromon sing kasil diambu dening VNO isa mempengaruhi detak jantung, pernafasan, suhu badan dan kelenjar hormon. Saben feromon kahembus, VNO bakal menehi respon. Perubahan psikologis bakal dumadi saben saprosepuluh ewu detik.
Sumber feromon sejatine ana ing daerah kèlèk/ketiak, mangkane zat pemikat tresna iki campur dadi siji karo kringet. Nanging zat kimia iki bisa misahake saka ambu kringet nalika kita kringeaten lan langsung nguap menyang udara amarga panas badan. Kanggo sarana pindahane ambu feromon, kontak awak mutlak diperlokake. Dadi, ora tanpa alasan yen wanita seneng didekep, sehingga irunge langsung cedhak marang kèlèk wong kinasihe. Daya jangkau paling adoh ambu feromon iki mung sawetara sentimeter.
Ing badan wong sing lagi kasmaran, bakal mili bahan kimia. Pandêng-pandêngan mripat, senggolan kulit, ngambu wewangian bisa ngrangsang produksi senyawa kimia sing sakbanjure mili cepet banget saka otak lan jumalar tumuju saraf lewat peredaran getih. Kanthi mengkono, ora nggumunake wong yen lagi kasmaran isa tersipu-sipu, praupan abang mbranang, èpèk-èpèk tangan kringeten adhem lan ambegan abot ora karu-karuan. Kahanan iki kayadene dialami priya dan wanita nalika pandêng- pandêngan mripat dibarengi perasaan. Kabeh mau nunjukake saka akibat reaksi kimia tresna (Intisari, 1997).
Proses Kimia Tresna
Sanadyan tresna bisa tumeka lewat indrera (reseptor), yaiku mripat, irung lan kulit, nanging ora bisa otomatis mudhun marang ati. Kanggo nuwuhake „rasa tresna" kudu diproses luwih dhisik ana ing otak sing sakbanjure sarana proses kimiawi. Tahap-tahap proses kimia tresna iku isa diperang kaya ing ngisor iki (Intisari, 1997):
Tahap kapisan, yaiku tahap terkesan. Kahanan iki bisa dumadi sarana anane kontak antarane wong sing lagi nandhang kasmaran lumantar alat inderane dhewe-dhewe. Reaksi romantis sing dumadi amarga faktor genetik, pengalaman psikologis utawa ganda/bebauan.
Tahap kapindho, saka tahap terkesan ngrangsang otak ngasilake senyawa-senyawa amfetamin yaitu phenylethylamine (PEA), dopamine lan norepinephrine. Senyawa-senyawa iki yen sumebar menyang sakkojur awak bisa mbangkitake perasaan seneng dan mulya/bahagia (mbangkitake gairah tresna sing identik karo tresna amarga nafsu).
Tahap katelu, yaitu tahap pengikatan. Ing tahap iki badan ngasilake endorphine sing marakake perasaan aman, damai lan tenteram. Tumekane wong kinasih saya suwe saya ningkatake sekresi endophine. Iki sing nuduhake alasan kena apa wong sing kasmaran wedi ditingga karo wong kinasih. Produksi senyawa sing terus-terusan mili uga nglanggengake hubungan tresna. Beda karo PEA sing mung mbangkitake gairah cinta, endorphine sing ndadekake hubungan kasih sayang sangsaya raket, intim lan tahan suwe. Nah, iki sing mbedakake antarane tresna amarga nafsu lan tresna amarga bener kasih sayang.
Tahap kapapat yaiku persekutuan kimiawi. Ing tahap iki dirangsang produksi oxytosin sing nyebabake wong sing padha kasmaran sangsaya rukun dan intim. Bahan kimia iki uga isa mbangkitake perasaan nikmat saksuwene „bermain cinta" lan nuwuhake perasaan puas. Sakliyane iku ndadekake saraf luwih peka lan isa ningkatake orgasme. Akhire ing diri pribadi wong sing padha lagi kasmaran, rong pikiran tumali kuat tanpa disadari.
Daftar Pustaka

- Hunter, T.M. 1988. Blossom of Longing, Ancient Verses of Love and Lament. Yayasan Lontar.
- Intisari. Edisi Pebruari 1997. Cinta Napoleon Gara-gara Feromon
- Pearce, E.C. 1993. Anatomi dan Fisiologi Manusia. Penerbit Gramedia. Jakarta.
- Subiyanto.1988. Pendidikan Kesejahteraan Keluarga. IKIP MALANG (ora cinetak ing penerbitan)
Labels:
kawruh rasa
0 comments:
Post a Comment