Monday, July 12, 2010 |
0
comments
By Mastoni
Catur Wedha (piwulang papat) kanggo penganten anyar apadene wong bebrayan:
Sepisan, rehning sliramu bakal angemong anakku, tandang lan tandukmu sarta solah bawamu kudu wis diwasa, aja kaya nalika isih jejaka. Semono uga sisihanmu samengko kudu mangerteni yen wis ana kang amengku.
Tembung "jajaka" kuwi asale saka tembung jajak (jaka) sing nduweni teges "ja" tegese metu => anak; "ka" tegese enggon. Karo-karone yen digathukna (jaka) darbe maksud "panggonane anak", yakuwi bocah kang wijine (bakale anak) wis andungkap mateng (sepuh) ateges bocah kang wis mepak birahine. Aku dhewe ya wis mepak birahine sakjane, sawetara kapeksa kudu sabar ngemfet dhisik.
Manungsa kuwi ing sakawit diarani "babayi", bareng wis mundhak gedhe terus diarani "bocah", nah yen bocah kuwi wis mepak birahine terus diarani "jajaka". Ya ing mangsa jajaka iki wates owah-owahe kekarepan kita, mangkane jeneng "jajaka" uga karan "wong enom" (young human). Owah-owahe kekarepan kita mau amerga kadayan saka kebaking wiji kang andungkap mangsa sepuh, kang anyarambahi ing saranduning sarira, lumeber tan kena binendung sok-sok kapeksa nyabun, nyuwun sewu, terus andayani kabirahening asmara.
Wondene pangulahing asmara kang wigati kanggo angelongi pambaludaging wiji mau, kuwi amerga saka pakartining kodrat, mula kuwi kapetung wajib lan utama, dadi ya kena-keno bae. Horeee, syik-asyik suwit-suwit!!! Pangulahing asmara kang kaya mangkono mau, yen pinarengna bisa mahanani putra. Ing tembe putra mau bakal kasinungan kaluwihan dhewe-dhewe paparingane Gusti Kang Murbeng Dumadi, sarta linulutan sawarnaning kabegjan.
Suwalike yen pangulahing asmara mau mung kanggo anjurungi kamurkaning karsa (nuruti hawa nafsu), nganti kudu ambuang wiji kang saktemene durung turah utawa ambaludhag, luwih-luwih yen nganti angasatna wiji kang mentas bae ngetuk, lha kang kaya mangkene iki kang diarani dudu kekarepaning kodrat, nanging merga saka pepingin angkara murkaning ati kita. Kamurkaning asmara kang kaya mangkono mau, kajaba bisa mawujud dadi winihing sambikala mawarna-warna kang bakal angganggu kawarasaning jiwa lan raga, uga bisa nyenyuda panjanging yuswa. Apamaneh yen nganti mahanani putra, kedadeane malah tansaya kurang prayoga. Ing tembe lumakuning bocah mau bakal tansah giniring godha rencana kang sarwa-sarwi ora bener. Bisa uga bocah mau tinebihna ing pawong mitra, diadohi kancane, amerga kaserenan watak jail, dengki, panasbaran, lsp. amerga tumitahing bocah mau kedadeyan saka urub hawanafsu angkara murka.
Kaping pindho, lahir trusing batin, sungkema marang maratuwa kadidene marang wong tuwamu dhewe. Kawruhanira, lamun kang badhe bebesan-an iki ngukuhake mantu iya kaya marang putrane dhewe.
Nyambung paseduluran antarane kulawarga agung kang padha besanan kudu linandhesan sarana watak ikhlas lair trusing batin. Ana pangunen-unen "rineksa wong sajagad" kang darbe teges kabeh panguripan ing ndonya iki saktemene mung sawiji utawa nunggal, ora gumantung saka sugih kerene, pinter bodhone, duwe panguwasa apa orane, lsp. Sarehne rasa pangrasane padha, prayogane ya kudu reksa rineksa, aja nganti ana panggawe kang ora gawe renaning penggalihing liyan supaya lestari nemoni kawilujengan. Cekak aose, mantu besanan kuwi uga bisa kasawang minangka wujuding tumindhak nyawiji utawa manunggaling tumitahing Gusti saperlu anggayuh karaharjan lan kawilujengane gesang kita ing ngalam ndonya iki.
Kaping telu, urip ing bebrayan agung mono wajibe anetepi angger-angger paugeraning praja. Tansaha ambeg asih mring sasama, dimen sinuyudan temah anjalari gancar ing salwiring pambudidaya.
Urip ing bebrayan agung kuwi pancen kudu "sasat weruh ing pager wesi", kudu tansah eling lan waskitha aja nganti tumindak kang nerak ing angger-angger.
Kang pungkasan, ngestokna dhawuhe Pangeran Kang Maha Agung, lan adohna ing wewalere. Warahing piyandel utama, agama kang den anut tindakna sadina-dina. Dimen ayem-tentrem lahir batin kang pinanggih, cinaketna ing suka-wirya, tinebihna ing dhuka-cipta, kalis ing sakehing rubeda, temahan murakabi ing nusa, bangsa, agama.
Agama ageming aji. Amien.
Labels:
kawruh rasa
0 comments:
Post a Comment