Pinter Njala Langit

JAKA KUMALA KALA


By Mastoni



Bangsa Indonepunsiwalan punika umuripun teksih enem, teksih abege [saged ugi dipun tegesi atas bawah gundul, wong nyatane ngono]. Upaminya lare jaler, punika sinebut Jaka Kumala Kala, tegesipun dereng ajeg kekajenganipun. Manawi kempalan kaliyan tiyang ingkang awon kalakuwanipun, inggih gampil ketularan awon. Wewatekanipun dados cules, selagine ana butuhe katone apik banget, ngrampek-ngrampek, guyune sumeh, tur sumehe nganti lambene katon ngoweh-ngoweh binti ndoweh njuweweh kaya tempeh [amit-amit gek krama inggrisku kok dadi alus banget ta ya].

Lha mengko yen niyate wis klakon, bisa malih utawa kolu kejem nguntal sing nulungi. Diuntal mak glegek tanpa nganggo gedhang. Kajawi punika wonten malih ingkang hobinipun namung remen ndilat ndhuwuran, nanging ngidek utawi ngencot ngisorane kaya lakune wong nyigar pring kae lho ... mak prek byakkk banjur metu kadhale! Kadhal manganggo ageman bathik pating plungker kados pola Parangbejat punika awrat tetengeranipun lho, tanpa kanyana wis lumebu ing njerone ati [lha ati kuwi manggone ya mesti ana ing jero no, apa ya ana ati ing njaba hayo?].

Sapunika upamiya antawisipun tigan lan ayam, pundi ingkang wonten rumiyin, tiganipun punapa ayamipun? Cakra Manggilingan, dadine bunder munyer.

Samanten ugi kawontenanipun tiyang bodho. Tiyang cubluk punika gampil dados santapane tiyang pinter. Mila sampun kendhat anggenipun ngudi kawruh amrih saged dados tiyang pinter sauger manawi sampun pinter boten lajeng kangge minteri tiyang asanes.

Nanging tiyang pinter punika teksih kaworan dening tiyang kuwasa. Mila ingkang sabar kemawon dados tiyang ingkang dereng anggadhahi kuwasa, sauger ing tembe manawi sampun gadhah panguwasa sampun ngantos dados kumawasa.

Tiyang kuwasa punika sayektosipun inggih teksih kawon kaliyan tiyang begja karana kabegjan punika kagunganipun Gusti piyambak. Mila sampun kendhat anggenipun sami ngibadah miturut kayakinanipun piyambak-piyambak lan samya anebihi tumindhak gampil maido utawi nyalahaken asanes.

Nanging tiyang begja punika inggih teksih kalah kaliyan tiyang edan! Lha punika ingkang damel mumeting sirah kula piyambak. Jalaran tiyang edan punika utawi tiyang ingkang ngedan punika wani nekad, cara Suroboyoanipun bonekan [bondhone mek nekad]. Mila tiyang kabegjan wau lajeng rumaos lingsem manahipun, trima ngalah bae wong ya mungsuh wong edan. Lha tiyang edan manawi dipun ladeni, sing ngladeni rak bakal melu katut edan tenan, nggih napa nggih?

Pungkasanipun tiyang edan punika kalahe nggih namung kaliyan tiyang bodho. Hopo tumon dulur? Lha kepriye orane, sapunika sinten ingkang kumawantun kaliyan tiyang edan manawi boten tiyang bodho, ingkang boten anggadhahi pamikiran ingkang muluk-muluk, sauger praktis pragmatis [basa ngendi maneh iki?], soal ketemune mengko ora isis urusan mburi, sing penting urusane klakon dhisik, mongsa bodhoa, ya bodho tenan.

Wong edan iku sing diendelake dudu tekad asih, nanging tekad pamrih sangune kuwat urat, wanine mung njaring teri dudu kakap apamaneh sing kelas paus [ngapausi terus nich ceritanya]. Yen wani nangkep sing cilik, kudune mbok iya wani nangkep sing gedhe. Aja yen kucing nyolong pepes teri jamuren, wong sakampung padha nggebuki nganti modyar. Nanging yen macan mlebu kampung kabeh padha nutupi lawange. Kudune sing 'macani' rakyat kuwi sing digebuki amerga luwih mbebayani. Ngomong apa ta aku iki kok banjur mblarah tekan ngendi-endi?

Wis wis, ... sapunika kula kantun nyumanggakaken kemawon, panjenengan badhe milih dados tiyang bodho, tiyang pinter, tiyang kuwasa, tiyang begja punapa sami dados tiyang edan kemawon, sumangga ndherek kersa. Kula pribadi milih dados tiyang ingkang tansah eling lan waspadha. Kaserat ing Kalatidha anggitanipun Raden Ngabehi Ronggawarsita ing Surakarta cedhak kaliyan kula:)
"Amenangi jaman edan
Ewuh aya ing pambudi
Melu edan nora tahan
Yen tan milu anglakoni
Boya kaduman melik
Kaliren wekasanipun
Ndilalah karsa Allah
Begja-begjane kang lali
Luwih begja kang eling lan waspada."
Awit saking punika ing salebetipun 'lare' abege umur semanten wau, para ingkang sami kajibah nggulawentah, kedah ngatos-atos sampun ngantos gumluweh lan nggegampil [sembrana]. Kedah nuladhani tindhak-tandhuk ingkang prayogi jalaran pancadriyanipun lare abege wau wiwit tumangkar, wong jare wakil rakyat kok tumindahke anglingsemi bangsa.

Kamangka punapa kemawon ingkang kepireng lan dipun sumerebi badhe saged tumanem lebet sanget wonten ing manahipun. Salajengipun pakulinan punika asring saged rumesep dados watak.

Lha punika ingkang kula ajrihi, manawi sampun malih mak grombyang ingkang waunipun nembe arupi pakulinan sapunika sampun dados watak, punika tamtu awrat sanget, boten gampil anggenipun saged ngowahi malih. Minangka tuladha cobi kula aturi mirsani hasil pamulanganipun pendidikan ala Orba dhumateng mentalipun bangsa kita samangke. Hebring sanget njih? Mastoni mung bisa mesem kecut.

Pisambate Ki Denggleng Pagelaran jragane milis Wojoseto banjur ngaru-ara kebak panalangsa "Suedhiiiiih aku...!" Wis ta menenga, ndang dilapi kono luhe, iki lho ngelape nganggo gombal bae, gek tisyu ya larang regane, barang impor maneh. Gek tisyu bae kok ya ndadak ngimpor ta ya, 'Suedhiiih aku ...!" Bisane apa ya mung gawe perkara thok?

Ing Serat Wulang Reh ugi sampun nyebataken kawrat wonten ing Sekar Kinanti ungelipun makaten:
"Yen wong anom pan wus tamtu, manut marang kang ngadhepi, yen kang ngadhep akeh bangsat, nora wurung bisa maling, yen kang ngadhep keh durjana, nora wurung bisa juti."
Tumrap lare gampil sanget netepi kados ungeling uran-uran ing inggil wau. Pramila punika prelu sanget dipun jagi lan angsala tuntunan ingkang sae. Lare punika ateges tiyang ingkang dereng dhewasa. Lha dhewasa punika tegesipun lare ingkang sampun gadhah kekencenganing manah ingkang badhe kangge sarana nggayuh kekajenganipun. Punika sampun kenging dipun culaken, namung kantun ngulataken kemawon, lan sampun ngantos dipun wengku sanget-sanget supados manahing lare saged omber, lega.

Manawi kawengku sanget-sanget, akal lan pikirane lare adhakanipun kerep kesindhet, boten saged subur ngrembuyung, lajeng kagol, boten nggadhahi tekad ingkang kenceng. Makaten wau boten beda kaliyan taneman ingkang dipun salap wonten pot, tamtu boten badhe saged ageng tuwuhipun. Kosokwangsulipun manawi dipun umbar katanem ing siti, taneman wau badhe saged nyrekakah oyodipun, temahan witipun sampun saged langkung ageng, roninipun nggrembuyung, kenging kangge pangayoman.

Tumraping bangsa Indonesia sasampunipun mardhika rong uwe siji kapendhet sekawan dasa gangsal dados sampun 56 warsa [bener apa ora ta, matematikaku kaku tenan], nyarengi kaliyan tuwuh saya mindhak ngrembakanipun kamajengan teknik kalairan maneka warni. Sayang seribu sayang, kamajengan ing bab olah kawruh kabatosan katingalipun boten sami majeng mangarsa nggelar pangawikanipun. Kamangka manawi kawruh kekalih [lair lan batosipun] sampun saged kacakup sadaya, saiba badhe saenipun bangsa lan negari kita punika, boten amburadhul kados wekdal samangke.

Kawruh kabatosan punika saestu dados urub-urubing kawruh kalairan. Sakawit ingkang jumedhul rumiyin punika batin. Mangke sampun tumindhak, pun batin lajeng mapan wonten sawingkingipun lair minangka panjurungipun. Mila kawruh lair lan batin boten kenging kasingkur salah satunggal, kedah sami ngrasuk, saha dipun pigunakaken samesthinipun. Awit lair lan batin punika pirantosing manungsa ingkang tansah gegandhengan boten kenging kapisah, sanadyan kabetahanipun beda, nanging sampun tinakdir jejodhowan.

Tiyang bebojowan ingkang jodho, punika limrahipun malah kosokwangsul wewatakanipun. Manawi sami malah sok boten jodho. Upaminya makaten: ingkang jaler awatak brangasan, ingkang estri ugi awatak brangasan punapa boten badhe nggegirisi, punika mesthi karep paben. Nanging manawi watakipun beda, badhe saged mong kiinemong. Tiyang bebojowan ingkang jodho, raosing manah sakalih-kalihipun namung sreg lan seneng. Manggena wonten pundi kemawon, wonten griya sae utawi wonten ngandhapipun krenteg inggih tansah sreg lan seneng [duile anak mami ...].

Wondene lair lan batin punika sami nggadhahi hak piyambak piyambak, lan hak wau kedah kita paringaken dhateng ingkang kagungan, lan sampun ngantos dipun kirangi. Awit manawi sampun dipun kirangi tamtu badhe ndadosaken sabab kadosta, manawi ingkang dipun kirangi lair, badhe saged ndadosaken sabab susuting raga. Manawi ingkang dipun kirangi hakipun batin, badhe ndadosaken sabab pamikiranipun kerep peteng utawi sok sok malah buntu. Dados manungsa gesang punika ugi gadhah ratu salebeting badhan, inggih punika manah. Manungsa manawi risak manahipun, lajeng ketingal kemawon risaking badhanipun.

Mirid andharan ing ngajeng wau kita boten perlu mamang lan nyumelengaken bilih kawruh kabatosan punika badhe ngalang alangi utawi ngrendhet ngrendheti kamajenganipun tata kalairan, punika babarpisan boten. Malah kosokwangsulipun, amargi kawruh kabatinan punika panuntuning jiwa ngambah margi ingkang anjog manah jujur, inggih punika marginipun piyambak. Teka mokal, tiyang olah kabatinan purun nyleweng dhateng tumindak awon, culika, kejem, cidra lsp. Manawi wonten ingkang tumindak makaten, inggih dede utawi dereng saged sinebut tiyang olah kabatinan.

Ing wekdal punika mangga sami nenuwun mugi sageda netepi kados ungeling paribasan: pinter njala langit. Nanging sampun ngantos tilar aji lan dhaya tetimbangan lair lan batosipun. Manawi kalih kalihipun sami kaudi kamajenganipun, inggih makaten punika ingkang badhe nuwuhaken katentremaning jagad.

..... Nalika iku jagad katon padhang sumilak, langit resik sumeblak biru maya rinengga grembel-grembeling mega putih memplak. Nalika iku alam sasisine katon sumringah gumuyu renyah, melu suka bungah nanggapi omonganku sing kemrusuk kaya kandhang bubrah mlarah-mlarah ora nggenah. Iya wis tekan samene bae.

Wasana nyumanggakaken.

Labels:

0 comments:

Post a Comment

Waktu Bandung

Cuaca Bandung

bloguez.com

Ingkang Rawuh

Madosi ing Blog

Nepangaken

My photo
Bandung, Jawa Barat, Indonesia
Hanya 'tuk sharing Silahkan berkunjung ke Wayang Prabu http://wayangprabu.com

Followers