Mulat Salira: Tansah Eling Lan Waspada


Mas Chodjim ing Wojoseto eGroups

Ora krasa KA wis tekan nomer 8. Yen K-7, wong Jawa kudu wani ngowahi kahanan, saiki diajak luwih maju maneh.

Mulat salira ateges mawas diri jarene wong Indonesia saiki. Utawa gagahe ngono ya "introspeksi", siap ndeleng awake dhewe. Yen salah dudu wong liya sing enggal-enggal disalahake. Nanging nyoba ndeleng awake dhewe. Yen kalah, dudu wong liya sing dianggep luwih kuwat. Nanging kudu wani ndeleng dayane dhewe.

Padha karo balapan mlayu, yen awak dhewe kalah, iki ora merga playune wong liya luwih banter. Tapi bisa uga disebabake awake dhewe iki sing wis teler. Coba delengen saiki iki, akeh para mudha sing kena narkoba. Apa sababe? Jenenge wae jaman lagi krisis, amarga ora ana bekal iman, para kawula mudha akeh kang nandhang susah lan stress. Lha iki rak umpan tumrape wong sing golek sugih sing ora khalal.

Dadi wong urip kuwi kudu bisa ngilo lan mirsani awake dhewe. Yen krasa lemes ya kudu wani ngolah ragane ben seger. Kudu wani ngetung sing bener. Kudu wani cancut taliwanda kanggo maju. Biyen nalika aku ana Surabaya, yen ana wong nyalahke wong liya disrengeni nganggo tembung "grayahana githokmu dhewe" ateges 'rabalah tengkukmu sendiri'. Artine apa ? Wong urip kudu bisa ndeleng awake dhewe sadurunge ndeleng wong liya. Ben ora gampang padu. Ben ora gampang nyalahna wong liya. Ben bisa urip saiyeg saekapraya. Kudu pinter introspeksi.

Sambungane tembung mulat salira, tansah eling kalawan waspadha. Tansah eling, tegese selalu iman. Eling marang kang Maha Kuasa. Bisa ndeleng awake dhewe, njur bisa ngrumangsani sapa sejatine manungsa kuwi. Yen wis ngono bisa urip andhap asor, sumeleh marang Gusti. Senantiasa sadar terhadap Tuhan yang Mahaesa. Urip ing donya lumampah ndherek lampahing Gusti, bertindak dan berbuat dengan mengikuti kehendak Tuhan. Hidup mengikuti aturan yang telah diciptakan oleh Tuhan. Segala aturannya telah diadakan di alam raya ini. Pas karo lakune alam. Coba, yen dhewek ora eling marang Tuhan, ngrusak angger-anggere tatanan kauripan iki, rak kena bebendhu. Cilaka. Kepingin sugih ora gelem nyambut gawe sing bener, sregep lan titi, wusanane ya angger kerja. Ora bisa nduweni kasil sing maksimum.

Dadi eling marang Gusti ora ateges cukup nduweni kapercayan yen ing alam donya iki kita duwe Tuhan. Cah cilik bisa yen tumindhak kaya mengkene. Ora perlu ngudi kawruh, yen mung kepingin ngakoni ana Tuhan. Eling kudu dimangerteni nduwe kesadaran. Apa kosokbaline sadar utawa eling? Semaput. Pingsan. Lho rak ora penak ta yen ora eling?

Wusanane, waspadha. Awas terhadap sekelilingnya. Yen arep mlaku kudu ngerti kahanane dalan. Ben ora kesandhung, kecepret, kepleset utawa kesasar. Aja angger mlaku. Yen arep ngomong kudu ngerti sapa sing diajak ngomong. Yen arep kongsi nyambut gawe kudu gerti sapa sing diajak kongsi mau. Yen arep lelunga adoh, kudu wis disiapna piranti lan sangune. WASPADA!

Yen diringkes kawruh-8 iki, mengkene, mriksani awake dhewe, kabeh tumindhak kudu dipikirake dhisik bener orane, lan ngerti apa sing dibutuhake kanggo makarya ben lancar ora ana apa-apa lan kasile gedhe.

Labels:

0 comments:

Post a Comment

Waktu Bandung

Cuaca Bandung

bloguez.com

Ingkang Rawuh

Madosi ing Blog

Nepangaken

My photo
Bandung, Jawa Barat, Indonesia
Hanya 'tuk sharing Silahkan berkunjung ke Wayang Prabu http://wayangprabu.com

Followers