Thursday, July 8, 2010 |
0
comments
Mas Chodjim ing Wojoseto eGroups
Ing kawruh wiwitan wis dibabar yen satemene wong Jawa kuwi duwe Jiwa kang manunggal, siji ing sawiji (tunggal dalam satu biji). Warna warni ing wujude, nanging siji asale. Sejatine kawruh Jawa iku ora mung apik ing lambe (lathi), nanging ora ana buktine. Ora mengkono! Nanging kita kabeh kudu mangerteni yen ing abad 16, kadadian owahing kahanan pamerintahan Majapahit menyang Demak (terjadi perubahan keadaan pemerintahan dari MP ke Demak). Ing jaman saiki kahanan iki sinebut 'anomi' sing ateges tatanan lama wis ora di- enggo ning tatanan anyar durung ana.
Coba dipenggalih, wis pirang atus tahun Kawruh Jawa ora dienggo. Mulane saiki wong Jawa wis uuuangel, masiya mung nembung 'matur nuwun' utawa 'nyuwun sewu'. Terus piye carane ngetrepna (menerapkan) Kawruh Jawa? Tamtu bae nganggo sarana ndhidhik keluarga lan awake dhewe-dhewe. Lha apa ndhidhik wong Batak? Nanging saelingku, ing tahun 60 nganti pitung puluhan, patrap Jawa isih dienggo ing sekolahan-sekolahan lan ing sesrawungan.
Gandheng ekonomi tambah maju, akeh sing padha kepincut (sangat tertarik) marang donya brana. Unggah-ungguhing krama wis ora dienggo maneh. Krama ing kene dudu ateges 'feodalisme', nanging piye bisane ngormati wong sing luwih tuwa utawa dituwakke.
K-2: "SUMELEH ING GUSTI" Sumeleh utawa sumarah utawa pasrah ing Gusti. Tuhan utawa Pengeran ing basa Jawa diarani 'GUSTI', Hyang Manon, Kang Akarya Jagad utawa Kang Murbeng Dumadi. Yang mencipta alam semesta utawa yang menjadi asal segala kejadian. Patilasan-patilasan ing tanah Jawa utawa Nusantara nuduhke yen kahananing wong Jawa iku padha sumeleh marang Gusti. Iki ora ateges pasrah sing ora duwe karya. Ora! Nanging ing sajrone urip wong Jawa ora ongso-ongso, ora tumindhak nuruti 'hawa nepsu' utawa ora nyambut gawe kaya wong kasetanen.
Sejatine tumindhake wong Jawa kuwi titi lan ngati-ati, dipetung tenan. Mulane nikah, pindhah omah, lelungan, nyambut gawe lan liya-liyane, kabeh ana petunge. Ben ora kesandhung. Ben ora kena bebendhu utawa cilaka. Coba dipenggalih, tembung terampil, sregep, jujur lan rajin, kabeh mau saka tembung Jawa. Magang utawa nyantrik uga saka Jawa. Dadi, golek kapinteran kuwi wajib, supaya bisa makarya sing terampil. Lha ngupaya Jiwa supaya dadi wong kang sregep, jujur lan rajin. Yen basa saiki, dadi wong sing disiplin. Supaya dadi wong urip kang tentrem lan ayem, tumindhake kudu diselehna nyang (ing) Pengeran, Gusti Allah. Ora sirik marang liyan. Kudu bisa nrima ing pandum. Dalam bahasa sekarang, 'bisa menerima' apa yang di- diperolehnya. Ngerti bakate dhewe. Yen ora bisa naik pangkat marga ora pinter lan trampil, ora perlu 'nyogok' utawa nganggo cara-cara sing ora bener. Dilarang menjalankan prinsip 'tujuan' menghalalkan cara. Kudu dibalekna maneh marang sing Kuwasa. Bisa nrima nasib kanthi lega- wa. Ngonoo lhoo rek, tegese sumeleh. Sabeja-bejane wong sing lali, isih luwih beja wong sing eling lan waspadha. Sesanti iki penting. Biasane, ing sesrawungan kang ora becik, nora tahan. Nek gak melok-melok lha kapan sugihe, sak jeg jumleg gak ngarah keturutan, rek, ngono jarene arek Surabaya sing gak tahan ndelok kahanan saiki. Lha, nek kabeh royokan, rayahan, dadine negara ya kaya saiki iki. Yak apa akibate! Ya, ancur rek.
Mulane saiki ayo padha cancut tali wanda, netepi (menerapkan) tata krama (etika kehidupan) sing bener, sing adiluhung, sing wis diwulang- na karo para sujana kita jaman biyen. Coba delengen, piye jaman biyen kok bisa nggawe candi 'Borobudur' sing gedhe lan candi Prambanan sing dhuwuur banget tanpa 'penangkal petir'. Ratu Sima ing Kalingga temen- temen ngedekna paugeran (hukum) masiya marang keluargane dhewe. Yen korupsi ndadrah kaya saiki iki, wah wis ora ana maneh patilasan sing huebat kaya candi-candi mau. Ora korupsi, ngendikakna jujur bangetlah, nanging yen ora pinter lan terampil, ora bakalan duwe patilasan sing nggumunake wong sakdonya. Yen wis duwe tekad kang gedhe, dilakoni nganggo tata cara sing bener, disaranani nganggo kepinteran lan ketarampilan, sregep tur rajin, kasile kudu dibalekna marang Gusti, wah ati bisa tentrem. Kena kanggo sangu nyambut gawe sesuke. Dengan hati yang tentram dan tenang, kita bisa melanjutkan kerja yang baik untuk esok harinya.

Labels:
kawruh rasa
0 comments:
Post a Comment