Showing posts with label kawruh basa. Show all posts
Showing posts with label kawruh basa. Show all posts

Nalika Basa Jawa Rada Kekiwa

By Mastoni

 
Para nupiksa ingkang minulya,

Panjenengan tamtu sampun sami nguningani bilih basa punika sanget sesambetanipun kaliyan bebrayan. Kalih-kalihipun wau boten saged dipun pisah. Manawi kita badhe nggrejahi salah satunggaling basa, punika ugi kedah ngengeti dhateng bebrayaning basa wau, jalaran kawontenaning bebrayan mekaten ugi ndhayani sanget dhateng bab panganggening basa.

Nalika kita teksih dipun jajah Landi, ingriku Landi kalampahan saged damel supening bangsa kita dhateng basanipun piyambak. Ing wekdal punika wau titiyang Jawi ugi boten kantun sami katut klebet wonten ing jagad pangolahipun parentah ndoro tuwan kolonial. Tiyang Jawi mbaka sakedhik sami rumaos bilih basa Jawi punika sampun boten cocog malih kaliyan bebrayan gagrag enggal. Punika amargi saking dhayaning panggulawentah cara sabrang Kilenan ingkang katampi nalika semanten, saya dangu tiyang Jawi saya renggang kaliyan tata cara Jawi [ingkang sakawit pancen namung katujokaken dhateng tata caraning Kraton], wasana malah lajeng boten sekedhik ingkang nilar lan boten mreduli babar pindhah dhateng basa lan budhaya Jawi. Piyambakipun sami ngener dhateng jagad Kilenan lan trekadhang ngantos boten ngertos watesipun malih. Panggulawentah tuwin kabudhayan Jawi dipun raos lan kaanggep boten cocog kangge waton [kangge cepengan] nggayuh idham-idhamanipun ing salebeting jaman gagrag enggal wau. Sasampunipun meneer-meneer sami dhinupak saking tanah Jawi, gentos jago kate Nihonjin ingkang njalu. Kawontenanipun boten kathah bedanipun kaliyan Landi. Basa Walandi dipun lintoni Basa Nippon sarta kabudhayan kita dipun santuni cakrikipun. Sedaya dados asipat Jepang sanadyan ingkang mambet Kilenan inggih teksih wonten ingkang boten dipun sirnakaken, nanging boten kathah. Lajeng samangke, punapa angsal-angsalan kita sasampunipun ngalami mangsa ingkang makaten wau, langkung langkung ingkang gegayutan kaliyan Basa Jawi?

Kabudhayan sabrang Kilenan ingkang tansah iming-iming kanikmatan ragawi kasil mblolokaken bangsa sadonya, klebet tiyang Jawi. Kabudhayan Wetanan ingkang nengenaken lan kebak norma-norma rohaniah kasingkur kaanggep asor, papanipun lajeng kagusur minggir, kablesek ngantos sesek ambeganipun. Tiyang Jawi piyambak kathah ingkang ngundhamana basa Jawi punika basane wong ndhusun. Kawontenanipun saged panjenengan pirsani piyambak, titiyang Jawi sampun kathah ingkang boten saged migunakaken Basa Jawi kanthi sae, malah kapara plethat-plethot lan blekak-blekuk anggenipun maos lan nyerat aksaranipun, kamangka witing bisa punika saking kulina. Tiyang Jawi samangke langkung wasis cecaturan mawi basa Indonesia. Basa Jawi prasasat timun wungkuk jaga imbuh ing pamulangan-pamulangan. Manawi kawontenaning basa Jawi kalajengaken kados wekdal samangke, tembung lan aksara Jawi saged musna saking lumahing bumi, kados sampun dados kasunyatan Ramalan Jayabaya ingkang nyebataken bilih "Tanah Jawa bakal ilang kumandhange".

Tiyang Jawi ugi kathah ingkang sampun boten wanuh kaliyan lelagon dolanan lare, tembang-tembang Jawi, punapa malih saged ngraosaken edi penining suraos lan kasusatranipun. Boten sakedhik ingkang sampun boten wanuh kaliyan cariyos-cariyos Babad, Ringgit tuwin sanes-sanesipun. Kathah ingkang sampun boten ngertos malih punapa ta Wedhatama punika, Wulangreh, Tripama, Nitisastra tuwin sanes-sanesipun. Sampun malih ngertos isinipun utawi sinten ingkang nganggit, mireng namanipun kemawon asring dereng nate. Kita sami wegah mirengaken tiyang nyekar [nembang] Macapat jalaran pancen boten ngertos tegesing tetembunganipun. Awit saking punika titiyang Jawi lajeng boten wanuh kaliyan isining piwulang-piwulang ingkang kawrat wonten ing serat-serat Jawi ngantos asring kesupen babar pindhah bilih bangsanipun piyambak punika sejatosipun nggadhahi tata cara ingkang luhur drajadipun. Sasampunipun makaten, samangke lajeng kados pundi tandhuk kita? Punapa ugi perlu miyara lan ngopeni malih supados basa lan kasusastran Jawi saged wangsul sae malih?

Salebetipun nimbang perkawis wau kita kedah enget dhateng sumpah kita kala tanggal 28 Oktober 1928, ingkang sinengker ing sumpah katiga, ingkang ungleipun makaten: Kami poetra-poetri Indonesia mendjoendjoeng bahasa persatoean, bahasa Indonesia. Lajeng ukara punika dipun plesedaken dados "Kami putra dan putri Indonesia mengaku berbahasa satu, bahasa Indonesia." Lha 'menjunjung bahasa persatuan' punika rak genah beda kaliyan 'berbahasa satu?' Menjunjung bahasa persatuan punika rak ateges ngurmati basa manunggil [BI], nanging boten ateges nyingkur punapa malih ngantos mbuwang mak wer basa-basa wewengkon. Lajeng samangke punapa teksih perlu nggegesang basa-basa wewengkon [bahasa daerah]? Lan punapa sababipun dene kathah ingkang kados sami kendel [pasif] kemawon, boten wonten ingkang sami kepareng nglairaken pemanggihipun ingkang gegayutan kaliyan bab punika? Punapa sami nggadhahi penganggep bilih sampun boten perlu malih ngrembag bab-bab ingkang gegandhengan kaliyan basa wewengkon tuwin kasusastranipun? Punapa bangsa Indonesia sami karepotan sanget anggenipun lulumban ing jagading pangambet negari [politik]? Boten; sejatosipun kathah ingkang boten kok namung kendel kemawon, punika boten. Saestunipun pancen inggih wonten golongan ingkang sarujuk lan ingkang boten sarujuk ngopeni basa-basa wewengkon punika.

Golongan ingkang boten sarujuk ngajengaken waton bilih basa wewengkon punika muta-watosi badhe damel pecahing bangsa Indonesia. Jalaran manawi basa wewengkon dipun gegesang, saged ugi badhe nengenaken malih raosing wewengkonipun. Mila basa wau sampun ngantos dipun uthik-uthik malih, basa punika cekap satunggal kemawon, inggih punika Basa Indonesia. Kajawi basanipun, aksaranipun basa-basa wewengkon wau ugi boten perlu dipun openi malih. Tumrap aksara Jawi dipun criyosaken [dipun anggep] boten luwes [praktis] tuwin rekaos dipun sinau. Awit saking punika, sanadyan bakening namung awujud aksara 20, nanging teksih kathah embel-embelipun. Kathah sanget panyeda [panacadipun] golongan wau. Awit saking punika piyambakipun lajeng kendel kemawon amargi pancen sampun boten ngrumaosi gadhah kawigatosan malih.

Kosokwangsulipun, tumrap golongan ingkang sejatosipun sarujuk lan cocog manawi basa wewengkon dipun gegesang, ugi dereng kathah ingkang sami purun nglairaken swanten pamanggihipun. Manawi para sedherek punika kados namung kendel kemawon, mbokmenawi punika boten ateges boten purun maelu, boten mreduli badhe sirnaning basa-basa wewengkon wau, sarta boten ateges boten nguwatosaken badhe tuwuhing pepecahan, nanging namung ngawekani mbokbilih dipun anggep satunggaling tiyang ingkang mendem swasananing wewengkon lan boten ngertos tegesing manunggiling bangsa, boten ngengeti dhateng mobah-mosiking politik praja. Utawi kuwatos mbokbilih wonten ingkang mastani 'rindu ingin bernostalgia'. Tumrap ingkang gegayutan kaliyan Basa Jawi, para sedherek wau saestunipun namung sami nyingkiri panreka utawi pandakwa ingkang boten damel renaning manahipun.

Kauningana, Indonesia punika wewengkonipun sumebar awujud pulo-pulo ingkang dunungipun pating plencat tuwin nggadhahi kabudhayan ingkang luhur. Inggiling aosipun wau, boten sanes inggih saking kawontenaning kabudhayan ing saben wewengkon wau. Awit saking punika, kangge njagi kamurnenipun, bangsa Indonesia tansah nindhakaken reka dhaya ngegesang kabudhayanipun, upaminipun kemawon lestantun anggenipun mulangaken beksan, langen swara, tuwin sanesipun malih. Nanging samangke kados pundi ingkang gegayutan kaliyan basanipun? Punapa inggih boten perlu dipun wigatosaken? Punapa ing sumpah 28 Oktober 1928 wau mengku suraos utawi kajeng: kedah mejahi basa-basa wewengkon? Kejawi makaten punapa basa Indonesia punika sampun jangkep sampurna, tegesipun sampun saged nyekapi kabetahan kita?

Boten. Kita sampun sami nyumerebi bilih BI punika teksih kekirangan sanget lan teksih wonten ing salebeting mangsa tuwuh. Miturut pemanggih kula, inggih ing ngriki punika, ing salebetipun mangsa tuwuh punika dununging kuwajibaning basa-basa wewengkon anggenipun sami kedah tumut nyampurnakaken. Basa Indonesia punika teksih sanget kekirangan tembung-tembungipun, saestu dereng saged nyekapi kabetahan kita. Lha supados saged njangkepi kekirangan wau, kita kedah nggrejahi kasugihaning tembung-tembung ingkang sumimpen wonten ing basa-basa wewengkon punika. Wondene asiling panggrejah wau kedah dipun taliti, dipun wawas, kapilih pundi ingkang pantes lan cocog kangge nglintoni tembung-tembung manca ingkang teksih dipun angge jalaran ing Basa Indonesia dereng wonten. Saestu boten andadosaken agening manah menawi saya langkung kathah anggen kita migunakaken tembung-tembung manca, ingkang sejatosipun ing salah satunggiling basa wewengkon sejatosipun ugi sampun wonten lan kenging kangge nglintoni tembung-tembung manca wau. Kula ugi pitados bilih ngrembaka tuwin kopenipun basa-basa wewengkon kita punika temtu boten badhe ngagru-agru [ngongkreh-ongkreh] kalenggahanipun basa manunggil kita. Nanging malah kosokwangsulipun, basa-basa wewengkon ingkang saged kopen saestu tuwin ngrembaka subur, punika temtu badhe kathah sumbanganipun dhateng basa Indonesia ingkang saweg tuwuh wau. Kejawi makaten ugi boten badhe gampil dados jalaran pecahing bangsa kita.

Saya kathahipun tembung-tembung saking basa wewengkon ingkang mlebet dhateng BI lan kosokwangsulipun tamtu badhe saya ageng raos melu handarbeni kalih-kalihipun, antawisipun BI minangka basa manunggiling bangsa tuwin basa-basa wewengkon wau. Kawontenan punika cundhuk kaliyan pepali ngenani Loroning Atunggal, BI lan BW lajeng saged mong-kinemong, samad-sinamadan. Manawi sampun saged ginayuh ngancik dhateng tataran loroning atunggal, punika tamtu badhe saged saya ngrumaketaken raos kabangsan kita piyambak. Tumrap perkawis punika kita saged ngilo [mendhet tuladhan] kawontenaning negari sanes. Wonten negari ingkang boten nggadhahi basa manunggil nanging rakyatipun teka sami manunggil. Kosokwangsulipun ugi wonten ingkang basanipun setunggal nanging rakyatipun sami pecah. Amerika Serikat punika sejatosipun dumugi samangke dereng netepaken basa manunggilipun, badhe ngangge basa Spanyol punapa basa Inggeris. Sanadyan makaten, kawontenaning negari Paman Sam pranyata boten langkung memble tinimbang bangsa kita. Kosokwangsulipun, kathah negari-negari ing laladan Wetan Tengah ingkang basanipun namung Arab thok thil, nanging kawontenanipun tansah kebak cocongkrahan boten rampung-rampung. Adhedhasar waton makaten wau, kula sarujuk sanget ngopeni sedaya basa wewengkon. Sarehning basa, kapustakakan, sarta sastra [aksara], mekaten sejatosipun tunggil jiwa, saiba badhe saenipun menawi tiga-tiganipun wau wonten ing satunggal-tunggaling wewengkon saged dipun openi kanthi sae. Boten badhe kangge mecah-mecah bangsa kita, nanging saestunipun malah kangge nyempurnakaken lan kangge nyantosaken kalenggahanipun kabudhayan kita.

Sasampunipun nyumerebi bab-bab kados ingkang kula aturaken wonten kawitaning pamawas kula wau, saestunipun perkawis basa Jawi punika miturut raos kula, kadosdene udun ingkang sampun badhe nyeplos. Kedah dipun openi, dipun jampeni ngantos saras babar pindhah. Punika namung gumantung dhateng cara kados pundi anggen kita sami miyara kemawon. Menawi kanthi ngantos-atos saestu temtu badhe sae wohipun, nanging menawi ngantos boten kleresan temtu badhe nguciwani sarta damel gela. Sampun samesthinipun bilih salebetipun wekdal ngopeni [mulasara] udun wau, ingriku temtu ugi badhe nuwuhaken raos sakit, perih tuwin panandhang ingkang nyedhihaken. Nanging ingkang nandhang wau babarpindhah boten kenging ngraos pepes tuwin lajeng kendel [cuek] kemawon ngantos saya ndadosaken agenging [mbabraking] tatu ingkang temahanipun badhe mebebayani dhateng jiwanipun. Kula nggadhani pangajeng-ajeng kita sampun enggal-enggal nglokro [pepes], sampun ngantos atilar glanggang colong playu menawi punika mangke ngantos nrenyuhi [mrangguli] reribed. Ing wekdal samangke sampun wiwit kathah katrangan-katrangan utawi karangan-karangan bab kawontenaning [nasibing] Basa Jawi. Makaten wau dados satunggaling tanda yekti, bilih ing kalanganing bebrayan kita sampun sami ngrumaosi bab perluning miwiti ngrembag perkawis wau. Ing salebeting ngreka dhaya punika kita kedah tetep awewaton janji kita kala 28 Oktober 1928, nanging kita ugi sampun ngantos ngeculaken patokan ingkang wujud sesanti Bhineka Tunggal Ika. Inggih amargi saking wewaton janji tuwin cepengan sesanti punika , kita lajeng saya langkung pitados dhateng jejibahan kita. Makaten ugi perkawis ngopeni basa lan kabudhayan wewengkon, punika ugi klebet sesanggen kita. Wondene ingkang klebet kabudhayan wau, upaminipun basa-basa wewengkon dalah kasusatranipun. Dados samangke saya cetha bilih perkawis wau saestunipun boten perlu dipun timbang-timbang malih, nanging sampun terang sanget dados satunggiling kuwajibanipun bangsa Indonesia sadaya. Tegesipun basa-basa wewengkon lan kasusatranipun kedah kita openi lan kita jagi, jalaran basa lan kasusatran wau saestunipun pancen sampun dados saperanganing kasugihanipun kabudhayan Indonesia.

Basa Jawi punika teksih gesang. Ingkang perlu dipun wigatosaken punika eguh pratikel punapa ingkang saged kangge ngunggar keremenan memaos lan nyerat basa Jawi? Manawi Basa Latin tuwin Basa Sanskerta ingkang dipun anggep basa ingkang sampun pejah kemawon punika teksih lestantun dipun openi jalaran mengku kasusastran ingkang inggil aosipun, lajeng punapa alanganipun manawi kita inggih tumut nglestantunaken lan ngopeni Basa Jawi, ingkang malah teksih gesang punika, jalaran ing Basa Jawi wau ugi mengku kasusatran ingkang sampun sepuh sarta inggil asosipun? Basa punika dados dhasar ingkang wigatos sanget tumrap kabudhayaning bangsa. Manawi kita taksih ngopeni lan ngajengaken kesenian wewengkon minangka salah satunggiling pangipun kabudhayan kita, lajeng punapa lepatipun manawi kita tumut ngopeni basanipun? Kita saestu badhe keduwung menawi wonten salah satunggaling basa wewengkon ingkang sampun boten dipun mangertosi sarta lajeng ical tanpa lari, amargi kawontenan mekaten wau ateges kecalan kabudhayan ingkang aosipun boten sakedhik tumraping kabudhayan Indonesia.

Manawi Basa Jawi ngantos ical, kita ugi badhe nandhang kapitunan ageng, amargi saperangan ageng kasugihaning kabudhayan kita ingkang sampun cetha luhur punika sami boten dipun ngertosi malih. Lajeng benjing sinten ingkang badhe saged suka pitedhah [nerangaken] utawi saboten-botenipun saged nyariyosaken bilih buku buku kina Jawi punika sejatosipun isi bab-bab ingkang wonten ing sadhengah wekdal tetep mujudaken bab-bab ingkang wigatos? Buku buku wau saestunipun pancen sampun isi katrangan bab piwulang ingkang edi peni sanget sarta wigatos kangge gegebanganing gesang kita, kadosta politik, tataning praja, kasusilan, kuwajibaning rakyat dhateng panuntun tuwin negarinipun, tangkeping panuntun dhateng rakyat, gelaring perang, tuwin sanes-sanesipun malih, sadaya punika sejatosipun inggih sampun dipun ngertosi para leluhur kita. Bab-bab punika wau ugi sampun kawrat wonten ing piwulang ingkang kapacak wonten ing buku-buku kina punika. Kalih welas warni pitutur ingkang sinengker ing salebeting Serat Sasanasunu rinaos sampun anyekapi kangge nuntun panguripaning manungsa lahir lan batin. Riptan susastra Jawi ingkang sinerat ing Wedhatama tuwin Wulangreh, upaminipun, isi piwulangipun sae lan teksih migunani minangka kangge gegebenganing ngaurip ing jaman modern samangke. Ing wusana, Pawartos Jawi muhung nuhoni pepanggil nedya amek geni adedamar, ngangsu kaweruh lan rerencang andum kaweruh ingkang awujud tetilaranipun para leluhur ingkang pethingan, supados kita sadaya boten ngantos wonten ingkang kecalan jati dhiri. Pancen rekasa sanget tur boten gampang, nanging manawi sadaya namung wani ing gampang wedi ing pakewuh, temtu badhe sami boten ketingalan wujudipun. Lha rak kojur kecemplung sumur ketiban susure simbah Nur. Sampun njih, Mastoni nuntun dhemit, eh nyuwun pamit.

Pareng ...

Labels:

Arane Anak Kewan


1. Anak asu arane Kirik
2. Anak banyak arane blegur
3. Anak baya arane krete utawa thengel
4. Anak babi arane gembluk utawa genjik (rada gedhe)
5. Anak bebek arane meri
6. Anak brati arane tongki/tongking/tongti
7. Anak bulus arane ketul
8. Anak cecak arane sawiyah
9. Anak celeng arane isih cilik : jagar ; rada gedhe : genjik
10. Anak dara arane piyik
11. Anak gajah arane bledug
12. Anak glatik arane cecekran
13. Anak kadhal arane tobil
14. Anak kakap arane pelak
15. Anak kethek arane kenyung utawa cenguk utawa munyuk
16. Anak kebo arane gudel
17. Anak kendhela arane senggutru
18. Anak kucing arane cemeng
19. Anak kodhok arane isih cilik: cebong ; rada gedhe : precil
20. Anak kutuk arane isih cilik: beyongan; rada gedhe: kocolan
21. Anak kidang arane kompreng
22. Anak jaran arane belo
23. Anak lele arane jabrisan
24. Anak lutung arane kowe
25. Anak lintah arane pacet ( ana sing negesi, pacet iku lintah dharat)
26. Anak macan arane gogor
27. Anak menthok arane minthi
28. Anak merak arane uncung
29. Anak sapi arane pedhet
30. Anak pelus arane sidhat
31. Anak tageh arane bekel
32. Anak tikus arane cindhil
33. Anak tuma arane kor (yen durung netes : lingsa)
34. Anak pitik arane kuthuk
35. Anak trewelu arane koyor
36. Anak warak arane plencing
37. Anak welut arane udhet
38. Anak urang arane mendres
39. Anak wedhus arane cempe
40. Anak yuyu arane beyes

KEWAN LANANG WADON SING ANA JENENGE DEWE

Kewan lanang kewan wadon
1. Ranggah Menjangan
2. Tuhu Kolik
3.Bantheng Jawi
4.Mintuna Mimi
5.Jago Babon
6.Bence Gemak

Labels:

Arane Kembang


1. Kembang aren arane dangu
2. Kembang asem arane mengos
3. Kembang alang-alang arane mublak
4. Kembang apukat arane kenes
5. Kembang apel arane rantas
6. Kembang bawang arane jelanthir
7. Kembang blimbing arane maya
8. Kembang anggrung arane dumeh
9. Kembang bakung arane gapyuk
10. Kembang bayem arane rintip
11. Kembang bentul arane gandhen
12. Kembang brambang arane blalo
13. Kembang bengle arane layu
14. Kembang erut arane sundel utawa greneng/gremeng
15. Kembang cabe arane suguh
16. Kembang cangkring arane rongeh
17. Kembang cengkih arane polong
18. Kembang cempaka arane gadhing
19. Kembang duren arane dlongop
20. Kembang dringo arane sendrang
21. Kembang dhadhap arane kecelung
22. Kembang dlima arane aku
23. Kembang gambas arane mausari
24. Kembang ganjong arane glelong
25. Kembang glagah arane glonggong
26. Kembang gadhung arane cengonglong
27. Kembang gedhang arane tuntut
28. Kembang jae arane lirik
29. Kembang jarak arane ajeg
30. Kembang jeruk arane alon/ngrenthel
31. Kembang jambu arane karuk
32. Kembang jati arane janggleng
33. Kembang jambe arane mayang
34. Kembang jambu mete arane lancang
35. Kembang kara arane calak utawa kepek
36. Kembang kelor arane bekethek
37. Kembang kemangi arane gribis
38. Kembang kemiri arane tratab
39. Kembang kenthang arane kapiran
40. Kembang klengkeng arane ambek
41. Kembang kluwih arane onthel
42. Kembang jengkol arane kecuwis
43. Kembang kobis arane idhep
44. Kembang kunir arane galih
45. Kembang kacang arane besengut/bundhel
46. Kembang kedhondhong arane liyer
47. Kembang jagung arane sinuwun utawa jembut
48. Kembang krokot arane nonik
49. Kembang kedhawung arane riyip
50. Kembang kapas arane kadi utawa kapi
51. Kembang kopi arane blanggreng
52. Kembang kimpul arane pancal utawa pacal
53. Kembang kecubung arane corong/torong
54. Kembang kangkung arane klengser
55. Kembang kencur arane sedhet
56. Kembang kates arane jenthit
57. Kembang krambil arane manggar
58. Kembang kelor arane limaran (godhonge uga limaran)
59. Kembang lampes arane ninggil
60. Kembang laos arane jethot
61. Kembang lamtara arane jemu
62. Kembang lombok arane pelik
63. Kembang luntas arane trapus
64. Kembang mlandhing arane jedhindhit
65. Kembang mundhu arane kocok utawa meped
66. Kembang maja arane jejer
67. Kembang manggis arane kenthet
68. Kembang mlathi arane peni
69. Kembang mlinjo arane uceng
70. Kembang nangka arane angkup atawa babal
71. Kembang nipah arane dongong
72. Kembang nanas arane katur
73. Kembang kanthil arane gadhing
74. Kembang pandhan arane pudhak
75. Kembang pohung arane ingklik
76. Kembang pring arane krosak
77. Kembang pace arane sarweteh
78. Kembang pete arane pendhul
79. Kembang lempuyang arane greng
80. Kembang pala arane bablas
81. Kembang pari arane jepun
82. Kembang randhu arane karuk (padha karo kembang jambu)
83. Kembang sawo arane rikuh
84. Kembang suruh arane drenges
85. Kembang salak arane ketheker
86. Kembang tales arane puncak
87. Kembang turi arane tronggong
88. Kembang terong arane duga-duga
89. Kembang tebu arane gleges
90. Kembang timun arane montro
91. Kembang temu arane purek
92. Kembang widuri arane brondong
93. Kembang waluh arane doblog

Labels:

Lelungidan


LELUNGIDAN - 1

Ha----- Aja ngandhakake utawa ngandhani apa bae kang ora dimangerteni.
Na----- Nandur kabecikan bakal panen kabecikan.
Ca----- Cipta, rasa, karsa, daya lan karya kudu sayeg saeka praya.
Ra----- Ruwet rentenging donya iki jalaran urip ora padha nindhakake kawajibaning urip.
Ka----- Kang wani iku kang wenang.
Da----- Duwe sedya becik ora enggal kok tindakake iku padha karo ndhedher wiji laraning ati.
Ta----- Tansah was-was tandha ora saras.
Sa----- Senennging ati ndawakake umur.
Wa---- Wong Lara ngarep-arep waras. Wong Waras apa pangarep-arepmu ?
La----- Lembah manah agawe kuncaraning diri pribadi.
Pa----- Pinuju bungah elinga susah, pinuju susah elinga bungah !
Dha--- Dhedhasaring ngauri iku kudu gotong-royong.
Ja----- Jeneng tresna kudu wani nglabuhi lara lan sengsaraning urip.
Ya---- Yen wis janji kudu kokleksanani.
Nya--- Nyampurnakake urip klawan sucining ati.
Ma---- Momor, momot, momong, mesthi mikolehi.
Ga---- Gemi iku becik, mung gemining wong cethil utawa kikir iku kang ora becik.
Ba---- Becik nyacada, cacadmu dhewe !
Tha--- Thothok-thothoka lawang yen njaluk diwengani !
Nga--- Ngunggulake diri pribadi bakal diasorake, sapa andhap asor bakal diunggulake.

LELUNGIDAN - 2

Ha----- Urip lan pati iku siji.
Na----- Nuruta kang bener !
Ca----- Cag-ceg sauger cocok.
Ra----- Rai iku pangiloning ati.
Ka----- Kawruhana : Hakmu apa, kawajibanmu apa ?
Da----- Denbisa ajur-ajer.
Ta----- Tumanggap becik marang liyan iku becik.
Sa----- Sabar subur.
Wa---- Witing tresna jalaran saka kulina.
La----- Luputing liyan, benering dhewe. Padha nglegane : Kok ora adil !
Pa----- Pasinaon iku ora ana cunthele.
Dha--- Dhasaring kawruh : ora pracaya. Dhasaring kapracayan : pracaya.
Ja----- Jare njaluk digugu, lha kok goroh !
Ya---- Yen ora kok udi, apa bisa dadi ?
Nya--- Nyenyelengi, kanggo jagan kang ora kanyana-nyana.
Ma---- Meneng anggere menang.
Ga---- Guru, digugu lan ditiru.
Ba---- Beda kulit beda anggit.
Tha--- Thukna kang mathis !
Nga--- Ngaya gelis tuwa.

LELUNGIDAN - 3

Ha----- Ing ngarsa sun tuladha, Ing madya mangun karsa, Tut wuri Handayani.
Na----- Nistha, madya, utama. Sira kudu bisa mbedakake.
Ca----- Calon, durung mesthi kelakon.
Ra----- Rumangsa pinter tandha yen bodho.
Ka----- Kwiranganing liyan tambuhana !
Da----- Dadia ragi sarta uyahing bebrayan.
Ta----- Tulungana sing pancen butuh pitulungan.
Sa----- Saben dina umurmu suda sedina.
Wa---- Wani urip kudu wani mati.
La----- Luwih mbebayani mogol ing panggulawenthah tinimbang mogol ing pasinaon.
Pa----- Prakara iku geni umpamane : yen wis mubal, angel panyirepe.
Dha--- Dhasare manungsa iku kinodrat becik. buktine : emoh diarani ala.
Ja----- Jiwa kang saras dedunung ing raga kang waras.
Ya---- Yen nedya sugih, kudu wani mlarat.
Nya--- Nyata, gugunen !
Ma---- Mamerake pintermu padha karo mamerake bodhomu.
Ga---- Gemi, setiti, ngati-ati. kudu diudi.
Ba---- Bares, beres.
Tha----Thukuling katresnandiipuk-ipuk, disirami, didhangir dirabuk, diopeni, cikben wohe ndadi.
Nga--- Ngajeni ing liyan ateges uga ngajeni awakmu dhewe.


LELUNGIDAN - 4

Ha----- Aja ndakwa wong sing ora ana !
Na----- Nepsu iku abdi kang setya, bendara kang jail.
Ca----- Carane sinau iya kudu disinau.
Ra----- Rame ing gawe, sepi ing pamrih. Ayo !!
Ka----- Kautaman kang kudu diutamakake.
Da----- Darma bektimu apa ?
Ta----- Tansah ngati-atia !
Sa----- Sapa siya-siya marang wektu ateges disiya-siya dening wektu.
Wa-----Wong gedhe iku ora rumangsa gedhe.
La----- Lumrah ing jaman biyen, Asu gedhe menang kerahe.
Pa----- Pakulinan iku kodrat kang angka loro.
Dha----Dhasaring tresna : katresnan.
Ja----- Jangkamu jangkahen !
Ya---- Yen kapeksa nacad, nggunakake tembung manis.
Nya--- Nyabarake atine dhewe wae ora bisa, mendah nyabarake atine wong liya.
Ma---- Mangan amrih urip, ora urip amrih mangan.
Ga---- Gunakna tepa slira !
Ba-----Begja-begjane kang lali, luwih begja kang eling lawan waspada.
Tha----Theng, mantheng. Aja gojag-gajeg !
Nga----Ngreti manawa ora ngreti. Sinaua !

LELUNGIDAN - 5

Ha----- Aja dumeh !
Na----- Nirua kang becik !
Ca----- Cacade dhewe ora tau katon ?
Ra----- Ririh, rereh, ruruh, raras.
Ka----- Kabeh kang lagi wiwit iku angel.
Da----- Dipikir, ditandangi, didhadhagi.
Ta----- Teka katon raine, lunga katon gegere.
Sa----- Salah seleh.
Wa---- Wong bodho dadi pangane wong pinter.
La----- Lair iku utusaning batin.
Pa----- Prelu andhap asor, ora prelu ngasorake pribadi.
Dha--- Dhalang mangsa kuranga lakon.
Ja----- Jun lokak kocak-kacik.
Ya---- Yen ora ngreti kang ala, iya ora ngreti kang becik.
Nya-- Nyata pinter ora kuminter.
Ma--- Melik nggendhong lali.
Ga---- Garang garing.
Ba---- Becik ketitik, ala ketara.
Tha--- Theleg-theleg. ati bebeg, pikir butheg. Kudu ditumpleg !
Nga-- Ngudia amrih ditiru, aja mung tiru-tiru bae !

Labels:

Arane Dina, Pasaran, Wuku, Tahun lsp


Arane Dina lan Pasaran



Arane Dina


Arane Pasaran
1. Ahad (Minggu) : Dite
2. Senen : Soma
3. Selasa : Anggara
4. Rebo : Buda
5. Kemis : Respati
6. Jum'at : Sukra
7. Sabtu : Tumpak
1. Pon : Palguna
2. Wage : Cemengan
3. Kliwon : Kasih
4. Legi : Manis
5. Pahing : Jenar
 
 
Arane Wuku    
Sawuku umure saminggu, cacahe Wuku ana 30, yaiku :
Wuku Shinta
Wuku Landhep
Wuku Wukir
Wuku Kuranthil
Wuku Tolu
Wuku Gumbreng
Wuku Warigalit
Wuku Warigagung
Wuku Julungwangi
Wuku Sungsang
Wuku Galungan
Wuku Kuningan
Wuku Langkir
Wuku Arandhasiya
Wuku Julungpujut
Wuku Pahang
Wuku Kuruwelut
Wuku Marakeh
Wuku Tambir
Wuku Medhangkungan
Wuku Maktal
Wuku Wuye
Wuku Manakil
Wuku Prangbabat
Wuku Bala
Wuku Wungu
Wuku Wayang
Wuku Kulawu
Wuku Dhukut
Wuku Watugunung

Arane Sasi Masehi, Arab lan Jawa  



Sasi Masehi



Sasi Arab



Sasi Jawa
Januari
Februari
Maret
April
Mei
Juni
Juli
Agustus
September
Oktober
Nopember
Desember
Muharram
Safar
Rabiul Awal
Rabiutsani
Jumadil Ula
Jumadil Tsaniyah
Rajab
Sya'ban
Ramadhan
Syawal
Dzulqadah
Dzulhijjah
Sura
Sapar
Mulud
Bakda Mulud
Jumadil Awal
Jumadil Akhir
Rejeb
Ruwah
Pasa
Sawal
Dulkangidah/Selo
Besar
 
Arane Taun lan Windu




Arane Tahun




Arane Windu
Tahun Alip
Tahun Ehe
Tahun Jimawal Tahun Je
Tahun Dal
Tahun Be
Tahun Wawu
Tahun Jinakir  
Windu Adi
Windu Kuntara
Windu Sangara
Windu Sancaya

Arane Wilangan
Siji
Loro
Telu
Papat
Lima
Enem
Pitu
Wolu
Sanga
Sepuluh
Satus Sewu Sepuluh ewu
Satus ewu
Sayuta  
= Eko
= Dwi
= Tri
= Catur
= Panca
= Sad (Heksa)
= Sapta
= Asta (Windu)
= Nawa
= Dasa
= Sata
= Sasra
= Saleksa
= Sakethi

Arane Wayah 
Jam 03:00 esuk: Wayah Pajar Sidik (bang-bang wetan)
Jam 04:0: Wayah bedhug subuh
Jam 05:00: Wayah saput lemah
Jam 06:00: Wayah byar
Jam 09:00: Wayah tengange
Jam 10:00: Wayah wisan gawe
Jam 12:00: Wayah bedhug 
Jam 13:00: Wayah luhur
Jam 15:00: Wayah lingsir kulon
Jam 16:00: Wayah asar
Jam 17:00: Wayah tunggang gunung
Jam 17:30: Wayah tribalayu
Jam 18:30: Wayah surub/Candrikala
Jam 19:00: Wayah bakda Magrib
Jam 19:30: Wayah isya'
Jam 20:00: Wayah bakda Isya'
Jam 21:00: Wayah sirep Bocah
Jam 23:00: Wayah sirep Wong
Jam 01.00 Dalu: Wayah lingsir wengi

Arane Kiblat
Lor = Utara
Kidul = Daksina
Wetan = Purwa
Kulon = Pracima

Labels:

Waktu Bandung

Cuaca Bandung

bloguez.com

Ingkang Rawuh

Madosi ing Blog

Nepangaken

My photo
Bandung, Jawa Barat, Indonesia
Hanya 'tuk sharing Silahkan berkunjung ke Wayang Prabu http://wayangprabu.com

Labels

Followers